Selasa, 24 November 2020

 TOBAT

Wis pirang wektu saiki, saya ini kok gampang men masuk angin, melek bengi sithik njuk awake dadi ngreges, turu ngliga sedela wae ,sesuke kudu terus kerokan.Ngombe es segelas biasane trus dadi watuk, nyruput bir bintang sekaleng thok weteng malah dadi kembung. Jan awak ki nek wis ngungkuri tua ora iso dipaido, dadi ringkih, gampang lara laranen. 50 tahun awak iki wis neng alam ndonya, wis akeh sing dilakoni, mbuh nglakoni tumindak apik, apa meneh tumindak ala, wis pollll tenan.

Nek miturut wong2 winasis kae umur sakmene ki wis kudu semeleh , kudu nata piker, luwih nyerak marang gusti sing gawe urip. Kadang nek ngeling-eling dalan urip sing diliwate krasa banget nek sejatine saya ini nggak punya bakat buat dadi ahli surga. Lha pripun nggih wong dosa saya ini kan wis nglumpuk tumpuk undung sak gunung anakan, baik dosa konseptual, dosa kultural  apameneh dosa seksual. Buat nyuda dosane kok ya angel mbanget. Nglakoni sarengate kanjeng nabi ya ora iso,shalat ora tau, sasi poso ya tetep nggayemi, ngaji ora teyeng. Ati isine mung judeg, emosi, ora iso sabar, ora tau iso nrima ing pandum.

Kamangka wis bola bali para pinisepuh paring pituduh supaya iso ngresiki ati, saya ini mung iso ngapalke, ora iso nglakoni. Malah rencang saya sing banget alim, kereb menehi pangerten babagan ngilmu ngresiki ati, jare le muni ngene mas :

“Drajat resike ati ki ana 7 mas, nek  istilahe arab 7 maqam, yaikui  : tobat, trus wara’, munggah meneh zuhud, bar kui faqir, njuk sabar, tawakal lan paling duwur kui ridla

Paling ngisor dewe tobat, ngrumangsani salah, ora mung rumangsa salah saka perbuatan dosa, ning luwih jero meneh rumangsa salah merga wis ghaflah,terlena , lali saka gusti pangeran, kui sing dadi sebab tumindak dosa

Nek wara’ kui jare tegese ngedohi saka babagan sing sifate syubhat, mung nglakoni sing wis genah ke-halal-ane ,thalabul halal

Bar kui terus nglakoni zuhud, nyuda kesenengan ndonya, senajan kesenengan kui halal, nglatih ati,pikran lan awak
supaya ora tamak marang kadonyan

Munggah meneh njuk maqam faqir, atine wis rumangsa ora  nduwe pepinginan ndoya, rumangsa ora nduwe apa apa neng ndoya, bakalan akeh pacoban urip sing dilakoni,  sing iso ngangkat drajate atma  mlebu marang maqam sabar, tegese ihklas nampa pacoban lan sengsarane urip.

Tambah suwe olehe nglatih rasa sabar neng ati, tambah gede rasa pasrah marang kersane gusti pangeran,pasrah lan manut kaya mayit sing diadusi nganti  digotong, wis ora duwe ikatan marang kadonyan meneh,nek wis kaya ngono kui tegese wis ana neng maqam tawakal

Lha puncak segala kebersihan hati kui nek awake dewe iso ridla, kui maqam paling duwur mas, nek wis ngene iki ora mung ihklas lan pasrah marang pacoban lan sengsarane  urip , ning malah rumangsa seneng lan bersykur nglakoni sengsarane urip

 

Dituturi ngono kui saya ya nggatek’e lan nyimak kanti serius, malah sok sok takselingi manthuk mantuk barang, senajan neng njero ati  sakjane saya ya ora mudeng, tetep ora paham,  tapi ya wis embuh lah.

Rabu, 04 November 2020


Mbak Pinah


Sisi spiritual dan ruang batin saben uwang itu ndak gampang  buat dipahami, kadang saya lan sampeyan cuman bisa menduga, adedasar tampilan luar, kemasan sing kadang malah menjerumuskan kita pada penilaian yg nggak adil,  sok sok nampak sebagai sebuah jilatan, atau malah terkadang kejam.

Ada priyayi sing kemasan luar kebak simbol-simbol spritual,ucapan dan gerak lakune jan  alim tenan,neng jane ya sunyi lan kosong. Sebalikke sok sok ana sing njabane reget, mesum malah kadang terasing seka ombyakin pasrawungan sing umum, ning malah mawa ati sing jero,kebak rasa welas, ngajeni marang sapa wae.

Menyelami sisi batin wong wong sing terasing saka moralitas umume masyarakat,terkadang membawa keasyikan tersendiri lho mas,walaupun ana resiko sing kudu diadepi, resiko cibiran saka lingkungan sing terlalu sering berprasangka thd sesuatu sing durung umum, apa meneh nek kui babagan sing bersinggungan karo norma2 sing dianggep wis pakem.Kejaba kui ana resiko sing luwih gede meneh,ya kuwi mas, iso iso kita malah melu2 keli jroning derese godaan birahi

" cengkeh kapulaga
  sisane wong akeh ora dadi apa "

Saya ini kenal mbak Pinah rikala menjelang reformasi mas, wonge dedege ya lumrahe wong jawa, pawakane rada sintal ,kulite cerah khas cah2 wedok nggon ereng erenge sindoro-ndieng. kanggoku mbak Pinah masuk standar ayu mas, rambute lurus,kadang nek dikucir mburi ketok manis banget.
wis bola bali aku ketemu nek pas mblayang neng bumi gilar2, kadang ketemu neng warung sega sing bukak bengi, tapi kadang mbak pinah ya nongkrong neng warung ngarep losmen sing takinepi.
" rame mbak ? " biasane aku miwite crita
" alhamdulillah lumayan mas, senajan grimis,wis ana tamu sing ngamar , trejeki wis ana sing ngatur kok mas "
" nggih mbak syukurlah "

karo ngrokok sampurna king , mbak Pinah kadang crita soal panenan mbako, ttg adi adine sing butuh mbayar spp, angsuran motor sing ora kena ditunda, pokoke crita ttg sehari2.

Nek sampeyan nganggep mbak pinah masuk golongan uwong2 sing terlepas lan ora nduweni sisi moralitas dan spritual, kliru sampeyan mas.
Sak'ora orane tetep ana norma2 sing dicekel, senajan kadang ya rada angel nek ditinjai seka akidah.
Kanggo kita bisa jadi penggaweanne mbak pinah kebak dosa, tapi rejek wis ana sing ngatur mas, dus wong2 sing ngamar,sing mbutuhke jasane kui ya mbak pinah anggep rejeki kirimane gusti allah.
netepi kewajibane umat, sasi poso ya siyam, melu sahur,melu buka ning ora melu sholat.
" walah aku iki kan wong reged to mas, tur ya nek bengi tetep nampa tamu ngamar, iso nggo sangu bakdan "
Aja mbok kiro njuk mbak pinah ora nduweni rasa cinta, tetep duwe mas, duwe pacar sing ditresnani.pacar sin dadi gegantilane ati, pacar sing mesti disayang.pacar sing diladeni luwih istimewa timbang tamune. 
Sak'awak utuh entuk dinikmati tamu, mung siji sing tetep dijaga mbak pinah,lambe mas, ya lambe kuwi mung entuk kanggo sang pacar, dus mung pacare sing kena menikmati ciuman mbak pinah
Lambe dadi simbol kesucian bak pinah, kesucian sing mungkin teramat remeh bagi kita.lambe adalah mahkota kehormatan mbak pinah,sing tetep dipertahanke.

Pirang tahun kepungkur mak tratap ketemu mbak pinah, lagi jajan bebek goreng neng ngarep swalayan rita, wis nggandeng wong lanang gagah, dandane mbak pinah juga wis kaya wong omahan, kaya ibu rumah tangga biasa, mbak pinah ora ngomong, mung mesem, pirang detik kami sempat bertatapan mas,kaya kaya ada kata kata sing diucapke lewat tatapan mata.
terasa bagi saya tatapan, anggukan kepala dan senyumannya penuh kerendahan hati, sopan banget, ning mengandung keakraban ,senyum seorang ibu rumah tangga dgn lipstik merah yg tertata rapi
Nganti saiki mbak pinah adalah simbol kerendahan hati wanita bagi saya mas,meski terkedang saya ya kelingan sisi sensualitas nya

Saya percaya mas, pada dasarnya saben uwong memiliki benih kebaikan dalam dirinya
Kita yg terbiasa memegang erat moralitas tinggi, bisa saja nggak akan memiliki rasa syukur seperti mbak pinah
Kita yg selalu merasa tak kotor, mungkin wae sakjane nggak sempat untuk ngresiki keangkuhan hati kita
kita yg selalu merasa dekat dgn sang khalik, jangan2 sakjane malah adoh saka rasa welas asih gusti pangeran
kita yg gemas baca istighfar, namun tiada pernah merasa bersalah

Jumat, 15 Agustus 2014

aku jirih

Nek menurut saya, 
salah satu  kekurangan gusti pangeran rikala nyipta diri saya utuh utuh  mbleger gini ini ya kuwi mas, 
ketidak sinkronan antara  model anatomi body saya sama  cita rasa jiwa saya
Babarblas ora gathuk mas , 
wong nek didelok saka sudut manapun anatomi body saya iki kan mencerminkan style kuli sing mangane akeh ,tanduk bola bali. 
Wong wong mesti ngira nek karoseri body saya iki kuat tur bakoh, 
cocok nek dikon nggendong karung beras ndelanggu.

Weteng saya iki njendul banget, 
efek samping saka boros-borose saya mengkonsumsi sega sing diliwet ibune bocah2
 Kuwi wae durung sepiro mas, 
kok ndilalah gusti pangeran ki ya melengkapi model body saya nganggo jari jemari sing kontra-lentik, guedhe-guedhe kaya jempol kabeh, 
ora pantes nek dinggoni ali-ali emas, pating mblenduk kaya nganggo akik

Sirah, 
walah apa ya pantes saya nyebut sirah ya mas, kayane ndas wae lah luwih pas.
Ndas saya ukurane rada gedhe bunder, tur botak, 
nek disawang saka ngarep prainan saya ki ora ana manis-manise babar blas
Malah tatapan mripatku kuwi terkesan kejam tur culas kok mas, 
pokoke marai wong sing neng cedhake krasa ora aman tenan. 
Minimal nek sampeyan jejer aku apameneh nek aku  neng mburine sampeyan, 
aku yakin sampeyan mesti pijer nyekeli dompet utawa hape sing  sampeyan kantongi, sumelang ilang lah.

Intine sih karakter body saya jelas jelas ora iso dibantah nek mengandung  unsur kiminal bin kejam
Sering lho mas angger ana bocah cilik lagi dolanan, 
begitu aku njedul, ibune apa sing momong age age ngajak lunga bocahe, 
wedi ndak mengko bocahe rewel, nangis nganti kekejeren

Jane saya ini sok sok ya mikir mas, ndelok body saya sing kaya ngene iki , kok ya mbiyen ibune bocah nganti gelem takrabi ya.
Tampilan saya wae wis njelehi, rai saya juga minus banget
Sak eling saya kaya kaya mbiyen wektu naksir ibune bocah bocah saya ya ora nganggo pasa mutih barang, ora matak aji babarblas, 
ora dicekeli bungkusan menyan karo simbah saya
Kok iso isone ibune bocah bocah gelem melu sowan pak modin, 
gelem tandatangan buku nikah barang ya ? 
gelem takkeloni saben mbengi, nganti mbrojol tuyul2 cacahe telu

Sak walike mas, 
rasa  jiwa saya adoh banget karo image body saya kuwi
Asline jiwa saya iki rak jirih banget to mas, 
ora duwe kewanenan, nek cara saiki ora jantan lan kol blas.

Wiwit cilik mbiyen ati saya ora klebu ati sing teteg, wedi lah pokoke
Nek nyolong tebu,mesti sing paling akhir entuke, ragu ragu wedi nek konangan
Nginjen wong adus, ya ora wani dewean, mesti ana kancane
Pasang lotere ndog, juga ngono mas, 
liyane pasang selawe rupiah, aku mung wani pasang limang rupiah, paling pol sepuluh rupiah
Angger ana bancakan  saya yo ora wani ngantri neng ngarep mas, 
mung ngetutke kancane wae neng mburi, mulane sok sok ya ora kebagian irisan ndog
Kayane wektu kuwi saya luwih pas nek diarani unthul bawang mas

Nganti saiki mas, rasa jirih saya isih bertahan, ora iso ilang
Dijak eyel eyelan wong ya ra wani, pilih lunga
Turu dewe juga wedi, njaluk dikancani ibune bocah bocah
Numpak sepur pengine ya ana kancane
Wong kira-kira nek saiki sampeyan nyeneni saya wae , iso iso mripat saya mbrebes mas, nangis
Rasa jirih saya tetep lestari nganti tuwa kaya ngene iki. 
tetep ora duwe kewanen senajan mung sithik
Tingkatan mental saya sing jirih iki saya kethok banget mas, nek pas ngumpul2 karo kanca kanca kae, apameneh  pas pilihan pak presiden wingi, 
cetho wela wela  mas, nek saya iki bener2 unthul bawang
Liyane wani crita keunggulane  calon pak presidene, 
aku mung iso meneng ora wani ngomong
Liyane iso nduduhke kekurangane calon pak presiden liya , aku mung ndlongop
Liyane gagah berani mbela calon pak presidene, aku ya ora wani melu melu
Liyane  nganggo tembung sanepan nyindir calon presiden liya
Liyane ana sing misuh misuhi, ndakik ndakik mbukak wadi calon presiden liya
Aku tetep wedi mas, ora wani

Nganti pas copblosan wae saya ora wani nyoblos mas
ora wani milih
ora wani ngarani capres sing iki luwih apik timbang sing kae
ora wani ngecap capres sing kene mbebayani, arep gawe sengsara, luwih elek timbang sing kana

 tenan kok mas saya iki bener2 kalah kendel dibanding kanca kanca pendukung capres kae


salam ya mas, 
saka kerepalur

Kamis, 19 April 2012

mbrindili



Nganti saiki angger ketemu karo wong kuwi kok kaya krasa aneh ya mas. 
campur aduk perasaan dadi siji, 
aku yakin mas, nek sampeyan posisine dadi aku,mesti njero ati karo sirah sampeyan cekot2 ngadepi priyayi kae.
malah paling ora ana daya sing bakal nggerakke lambe sampeyan buat ngonek-onekke, 
misuh-misuh, iso-iso anak sampeyan bakal kaget merga krungu pisuhan –pisuhan lawas jaman mbiyen  sing biasa diomongke sopir becak.  ( dan tentune kerep banget  saya ucapke juga  )

wonge sih jane ya ora sepirowa mas. 
dedeg piyadege ora adoh saka saya .awake saiki ya rada lemu,nganggo kaca matanan, 
mung bedane nek saya sirahe kempling botak, nek wong kuwi rambute brindil,brintik cilik cilik.
sakjane total-totalane sih, saya tetep luwih keren,lan ganteng mas,selera saya  juga luwih duwur, 
sak ora orane menurut pendapate ibune bocah-bocah   ( muga-muga ora goroh lah )

Coba sapa to sing ora kemekelen campur mangkel yen ngadepi mas,
wiwit mbiyen neng kos-kosan jogja nganti saiki glundang-glundung nglesot neng sepur tetep wae ora berubah.
tetep melaske tur ya mangkelke. 
Wis rongpuluh taun karakter kemethak-e ( membangkitkan keinginan orang untuk ngethak !!!) ora ilang,
malah tambah ndadra.

Nek pas ngomong ki  mbuh saking pintere apa memang merga kuper kok ya iso milih kata2 sing ndeso banget., ngucapkene ekspresine lugu tur lucu,
ora kaya wong sing wis tahunan neng kutha.
cobi sampeyan bayangke mas, sekolahe elektro, nyambut gawene nggon ngawe ac lan kulkas, 
ning ra tau mbukak internet, ra duwe email.ra tau ceting ym-an, 
fb-kan ya so pasti ra nduwe. 
Mesakke  banget ya.
Mulane nek pas ngumpul2 bareng  ,saya ya ra tau ngobrol soal status fb mas, 
njaga aja nganti wong brindil mau kisinan,
semelang nek ujug2 takon : 
 " facebook ki sing ngarang sapa to ? "
" mbok aku silihana facebookmu "

Tibake ora mung saya thok mas sing mangkel dan kemekel nyawang solah obahe wong brindil mau,
 nganti kondektur sepur senja solo wae ya gedheg2 mas. 
Wong ditariki karcis emoh,dijaluki duwit wegah, 
malah ethok2 turu.ragelem digugah .
pokoke geleme mbayar selawe ewu thok,kudu tekan solo.

Nek takitung-itung wis suwe lho ora ketemu mas brindil, 
merga kebijakan direkture sepur saiki saya dadi terpisah saka mas brindil, 
masing2 mlebu jamaah-e dewe2. 
beda jamaah, beda embarkasi juga, malah beda tujuane barang. 

Sesuai tataran ekonomi, kelas sosiale lan kasta sing saya sandang, 
otomatis sing paling pantes saya mlebu jamaah bengawan ( bengawaners),embarkasi tanah abang,tujuane solo njebres. 
Jamaah sing senajan mangkate bengi tekan njebres sering telat ning dilengkapi fasilitas bakul kopi ketanggungan sing lumayan grapyak tur cemekel ( cocok dan pas buat dicekel )
Cuman sing saya rada gumun , kok ya mas brindil kae iso melu jamaah senja solo,embarkasi pasar senen tujuane solo mbalapan. Jan nggumunke tenan.

Kok ya ndilalah rong ndina kepungkur saya nampa sms saka mas brindil,
jare saiki wis pindah kerja,kos neng cerak pondok kopi,
rencanane tahun iki keluargane arep diboyong meneh neng jakarta. ben ora perlu poligami 
( walah gek apa ya isih ana cah wedok sing iso diapusi mas brindil ) .

Tenan mas saya dadi kelingan terus karo mas brindil,
suwe2 kok ya ana rasa kelangan ya mas,
kelangan merga bakal ora iso bareng nyepur meneh.

wis neng kasur mripat saya ora iso merem mas.
timbang klisikan ,mending tangi,udud EL-E menthol sing isih limang ler kuwi.

Bareng wis rada suwe sinambi klempas-klempus udud, 
saya kok dadi kelingan nek selama iki  iso apal banget kekurangane mas brindil, 
ndlidir saya bisa dawa banget nyebutke aib rahasiane mas brindil 
malah enteng banget tur karo  kemekelen saya iso ngenyek lan nggeguyu kepandirane mas brindil

kaya-kaya nek iso nggeguyu mas brindil ,saya dadi ketok pinter
kaya-kaya nek iso melehke aib lan kekurangane mas brindil, saya dadi ketok suci tanpa salah
kaya-kaya nek iso ngumbar rahasiane mas brindil, saya dadi ketok wicaksana
kaya-kaya saya duwe hak istimewa buat mbiji lan ngumumke perilakune wong liya

oalah gusti,
seprana-seprene tibake kompetensi nurani saya kuwi mung semono.
mung cukup kanggo nutupi kebaikan lan kelebihan wong liya , 
mung cukup kanggo nggedeke sirah kebanggaan harga diri semu.
babarblas ora cukup nggo njembarke gelarane kerendahan hati

waniku mung mbrindili wong liya

salam ya mas

Selasa, 21 Februari 2012

kampung kidul lapangan ( telu )


Tatanan kesantunan sing mapan wektu kui menehi garis pembeda,

garis sing misahke saya lan kanca2 berdasar kemampuan lan perilaku sosial sing ketok mata.

Kaya cap stempel sing nemplek ning awak,ora gampang ngilangi .

wong wong memperlakukan saya lan kanca2 ora pada, senajan dolanan bareng,pada2 rebutan nek ana bancakan neng nggone mbah wiro,saya lan kanca2 dadi bocah2 sing diperlakukan beda berdasar kelas panguripan

Kelas sing paling duwur nek duwe wong tuwa sugih ,juragan,duwe usaha gede,

anake kaya2 terus duwe hak istimewa , biasane sekolahe neng sekolahan kristen utawa sekolah negeri sing rada elit lan larang ,

bocahe seneng sok mrintah wong liya,melu diajeni kaya wong tuwane.

seolah kaya bocah sing istimewa lan berharga banget ,

dus senajan mbeling ya ra pa pa,wong2 iso nampa kembelingane kui.

Sing termasuk kelas runer up kuwi ya bocah2 sing bapake aparat utawa pegawai kantoran,masuk kelas priyayi mas,

sekolahe ya meh pada karo anake juragan ,nek ora neng sekolah kristen ya apese sekolah negeri sing top.

Nah sing cilaka kui rak nek duwe wong tuwa gaweane ora jelas, ora tau mangan sekolahan,nek lungan nganggone sandal.

Seneng ra seneng ya mlebu klas sing ngisor,

kelas sing kudu nurut, kelas sing paling kerep dikongkon juragan lan priyayi, kelompok sing kudu teka disik nek kerja bakti ,

nek ana wong duwe gawe kebagian masak, resik2 karo laden, pokoke bagian nggon mburi, kena ngetok neng ngarep, cuman ya ra disediani kursi,paling2 kon lungguh neng klasa.

akeh sing ora maca tulis, kalau toh sempat sekolah ya umure wis rada telat,

langsung sd, ra tau ngrasakke sekolah tk,apamaneh plegrup.blas ra mungkin,

golek sekolahe ya sing murah , sd muhammadiyah karo sd negeri inpres dadi pilihan sing logis.

Dadi saka awal,sekolah wis melu berpartisipasi mbedak-mbedake bocah,

melu merintis perlakuan ora adil sing di tampa kanca2 saya,

melu nglanggengke tatanan sing anti sosial.


Neng kampung saya ora ana sekolahan mas,

nganti saiki ya ora ana, mbuh kui tk, sd, apamaneh smp sma,

pengin sekolah ya kudu gelem mlaku neng wetan kali,

cekeran tanpa sepatu,midak dalan aspal sing panas.rekasa tenan,

sapi sing narik grobak wae sikile dinggoni sandal ban, bocah sekolah malah mung nyeker.


Sekolah kanggo kanca2 saya ya mung perlu ben iso maca nulis, mas,

ben iso ngerti tulisan2 huruf .

soal sing liyane iso disinauni neng ngomah, iso dipelajari neng jaratan ( kuburan ).

Angka?

wah paling gampang kui mas, rasah ndadak sekolah, nganti angka rong digit,iso diapalke saka buku seribu tafsir mimpi,buku ramalan buntutan,buku sonji rong nomeran,.

Praktek langsung, cepet apal,nek nasipe apik iso nembus rong nomeran lumayan banget..

Ajar itung-itungan?

Tenang wae lah,wong neng ngisor wit kleco lik sarmo wis nggelar loterene kok, angger sering pasang rak ya suwe2 apal.

nek duwiite 5 rupiah pasang sak angka,terus tembus, iso entuk satus,iso dijolke ndog asin, pasang rong angka entuk seket,pasang prapatan (4 angka ) entuke selawe.

Komunikasi epektif sih rasah sinau angel2,

neng jaratan gampang mas, saben malem kemis utawa dina jemuah akeh wong nyekar,

geri ngematke lan ngrungoke wong2 sing nawakke jasa ngresiki kuburan wae bocah2 cepet pinter carane ngomong, carane merendah,

bahasa tubuh lan ekspresi memelas ben sing nyekar trenyuh,melas trus menehi duwit sing rada akeh.


Mesti wae neng kalangane bocah2 duwe pranata pergaulan dewe,

pranata ora tertulis sing ngatur lan digugu bareng2.

aturan sing simple,gampang dipahami lan dinamis.

intine sih kudu ngajeni,kudu manut karo sing luwih senior.

Dikon nunggokke klambi,nek lagi adus kali ya manut,

kon nggawake sapu nek lag ngenteni wong nyekar ya gelem,

senioritas diukur saka tingkat kekendelane nek lagi padu/gelut,utawa saka umur.

wong jenenge durung mangan sekolahan mas,

ngukur umure ya ora mesti saka taun kelairane,

ukurane sapa sing tetak ( sunat ) disik ,ya kuwi sing luwih tuwa ,luwih senior.

nek pada2 durung tetak, geri didelok ukuran kacuk-e to mas,

sing luwih cilik ya kudu wani ngalah,kudu ngrumangsani.

umpama kacuk-e meh pada gedene, sapa sing semprotan nguyuhe paling adoh,dianggep sing luwih senior.


Memang sih, penentuan senioritas nganggo metode genital kae ( tetak,ukuran lan semprotan ) marai saya selalu dadi unthul bawang ,ra tau dianggep senior ........................................................................

Jumat, 17 Februari 2012

kampung kidul lapangan ( loro )


Ana telung omah gede sing etungane kuna,
mungkin mbiyen mbiyene termasuk wong sugih neng jamane.omahe saka kayu,
njerone rada peteng, suwung,kolahe cerak sumur, neng njaba omah.
Nek bengi rasane serem.
Omah sing paling lor, nggone mbah wiro,
sisih kulone pintu air. madep ngidul.
randa wis tuwo banget, awake kuru, untune isih ana sithik.
Nginang terus.nganggo kacamata bunder, bakul beras neng pasar, nek blanja mesti numpak dokar.
gawane akeh nganti dokare kebak. mbah wiro manggoni omahe dewe, sok2 ana putu utawa anake sing teka.
tengah omah ana saka ne 4, njubine saka bata dilepoh, diunggahke sekitar setengah meter,
ora ana meja kursi, biasane digelarke klasa neng jubin sing duwur ( sitinggil ).
bocah2 nek ndelok mbah wiro biasane wedi,
lha piye mas, wong tuwa, kuru, menengan, arang ngguyu
(nganti saiki aku durung tahu weruh mbah wiro ngguyu, mungkin ndonya iki ra ana sing lucu kanggone mbah wiro ) malah kayane tatapane nesu, tur galak,
omahe gede,sepi,serem wis pas tenan nek diwedeni bocah.
Mung yen pas nganakke bancakan wae bocah2 gelem nyedak omahe.
Pinggir kolah ana wit dondong rada gede,
metu wohe terus, rasanya kuuuuecut banget,
ning gandeng jenenge bocah, dondonge mbah wiro dianggep fasilitas rekreasi wae,
nek bengi sering dicolong, ora merga seneng karo dondonge., mas..dudu.
justru tantangane kuwi sing marai aku mbiyen seneng nyolong dondonge mbah wiro.
nggone peteng, sing duwe galak,
angger wis menek tekan nduwur, terus konangan, wowww,
sing nduwe muni2,sok diuncali watu, disenggek genter,paling ora diciprati banyu.
pontang-pantng anjlok, terus mlayu mas.
Kenceng nganti ngos-ngosan.bareng wis rada adoh,
yakin nek wis lolos saka mbah wiro, rasane bener2 puas mas.
Lolos saka mbah wiro adalah tantangan yg indah wektu kuwi
Ngarep persis omahe mbah wiro.ana omah gede nggone mbah sumo.
Pawakane cendhek rada lemu, kulite kuning resik, rambute dgelung memburi, mesti jarikan,
untune wis ompong ning mbah sumo iki pasuryane memang cerah,
eseme ora nate keri, grapyak karo uwong,
kaya mbah wiro, mbah sumo ya kerep nganakke bancakan,
akeh wong-wong sing nggawa anake ,sowan nenggone mbah sumo,
biasane sih sing duwe perlu nyapih anake, utawa nyuwuk-e ben ora kena sawan kalis lir sambikala.
Mungkin merga konsumene bocah2 kuwi dadi naluri senyume mbah sumo tansah tuwuh terus.
Omahe mbah sumo luwih gede dibanding mbah wiro. ana 4-6 keluarga sing melu magersari neng kana.
Sumure ya ora pati ndelik, ora pati serem nek mbengi.
Nganti saiki, sing paling terpatri neng pikiranku nek jenenge wong tuwa sing ramah kuwi ya ukurane mbah sumo.
Ora mrengut, ana eseme terus,pasuryane padang terus, tur ora uthil karo cah cilik
Omah gede liyane neng sisih kidul kulon omahe mbah sumo.
Sing duwe wong lanang tuwo,kuru,brewok.ngrokoke nganggo pipa, menengan,
nek disawang rada misterius.kesane juga suram.
Jenenge simbah kui aku ra ngerti, ngertiku mung jeneng anake sing terkenal pak wiyono,
pawakane meh pada bapake,kuru duwur,ra jelas nyambut gawene apa.
Paling sering nyekeli pitik jago.
Omahe posisine paling apik, persis neng tengah2.
paling gede dibanding omahe mbah wiro karo mbah sumo.
Neng ngarepe duwe latar amba, ana wit sawo gede karo wit jambu,
wong wong biasa nyebut sor sawo ( ngisor sawo ) nek ngarani latar kuwi.
sing magersari paling akeh, sisih ngarep ana 2 keluarga, sisih kiwa ana 4 keluarga,
sisih tengen sing magersari keluargane jito-suranto, sing mboke biasa nukoni barang bekas lan pemulung,
sebutane mbok wiro gendul kopi.
Memang sih gaweane pemulung,
anakke rata2 sekolahe mung tekan sd. Malah si suranto kayane ora iso maca,
ning mbakyune suranto ki ana sing lumayan lho mas.
Anak nomer lorone jenenge sutiyem pawakane padet, umure rong tahun sak nduwurku mas,
rambute lurus, abang kaya wulu jagung.hasil semiran srengenge. awet , ora luntur.kulite kuning,
lambene tipis, nek dolanan karo aku terasa ramah tenan.
Kanggoku mas, sutiyem kui , cah ayu pertama sing dikenalke gusti pangeran
Wis... rada sore.pamit disik ya mas

Kamis, 16 Februari 2012

kampung kidul lapangan ( siji )


( wektu kuwi....... )

Nek ndelok saka posisine, kadang saya mbayangke kampung kuwi termasuk daerah sing suci.

Madepe ngalor, persis ngadepi lapangan bal balan.rata2 omahe juga madep ngalor,

sisih mburi ana kali senajan saiki luwih mirip selokan guwangan limbah,

sisih wetane ana kali meneh, kali loro mau ketemu neng pojok kidul wetan,dadi tempuran kali,

“ plered “ biasane warga kana ngarani.

Nah sisih kulon kampung dibatesi kuburan, sing areane dibagi kuburan dinggo wong arab/encik lan kuburan jawa.

Dus, nek ndelok lakune srengenge njedul saka wetan surup nang kulon.

alur urip sing dilewati kampung mau saka wetan tekan kulon dadi :

- kali , sing ngilek’e banyu merlambangke asal mulane urip

- lapangan bal balan , kanggo olah gladine fisik menungsa, iso dadi simbol obahing menungsa neng ngalam ndonya

- kuburan neng sisih kulon, kanggo tanda surupe umur ,ngadep marang sing kuwasa

ning kuwi mung neng bayanganku thok lho mas,

bayangan wong sing sok romantis,rumangsane kabeh tatanan urip kui mesti ana palsapahe.

Nek sampeyan sempat ndelok wektu semana, wani sumpah mas,

sampeyan bakal ngendikan : “ satus persen bener2 kebohongan publik “

Wong wiwit sisih wetan nganti tekan kulon bakal sampeyan temoni kontrakdiktipe nilai nilai kok.

Kali sisih wetan sing jaman leluhur mbiyen dadi simbol pengejawantahe berkahe gusti pangeran

sing menehi urip lan kesuburan, mung dadi muara akhir buangan wc, banyune kebak bebucalane uwong,

malah nek omahe ra duwe wc, angger kebelet ya gari ndodok neng pinggire ,

nangkring karo cekelan wit cemara .

mulane pingir ndalan sing mintip-mintip kali akeh ranjau2,

marai cilaka nek pas dolanan delikan bengi, kerep midak, mlenyek neng sikil.

Lha nek lapangan ngarep kampung sih mungkin ora pati menyimpang adoh saka pakem.

Soale memang lapangan mau sing duwe polisi, dudu nggone kampung dadi ya rada iso kopen,

fungsine iso mlaku, dinggo olah raga terutama bal balan,poli karo upacara liyane.

Ya senajan sok-sok nek mbengi lapangan mau ya tetep dinggo yang-yangan wong wong.

Nek iki aku rada cocok mas, iso melu nginjen.soale yang yangane cara wong dewasa banget,

dadi le yang yangan ora mung crita ngalor ngidul, ning wong lorone ya aktip , nggone sing neng petengan sisan.

entuk edukasi seks secara alami tur menantang.

Saiki lapangane wis ilang,wis ora iso nginjen wong yang-yangan meneh.

Lapangane wis dadi toko gede sing kaya gudang

Jaratan kulon kampung luwih menarik meneh,

kuburan sing biasane dianggep medeni,serem, singup bin angker malah ra ana tanda tanda sakral blas.

kijing kuburane wong sing dipundi2 keluargane kerep mung dinggo lungguhan bocah2,

sok2 malah bolongane dinggo nguyuh.

nek ana kijing jejer cerak ,tengah tengahe iso dinggo turu ngisis.

anggere kuburane ditembok rada amba , nganggo atap, wah kui cocok banget dinggo ngumpul2 karo main kertu, pasang lotere endog.

nek kebetulan ana sing modali ya sisan tuku ciu.

Leyeh2 sinambi mendem ciu neng kuburan.

nek perlu karo nggawa baulan siji apa loro.manteb....

Ora awan ,ora bengi jaratane rame regeng,

saya nek dina kamis sore tekan jumat tambah rame, akeh wong ziarah,

ngirim nek istilahe kana, maksude ngirim donga.

Wis nek pas akeh wong ngirim , bocah bocah tekan wong tuwa melu kecipratan rejeki.

Ngewangi ngresiki kuburan sing lagi dikirim keluargane, ya rada ngemis sakjane.

Lumayan iso entuk duwit,

iso nggo tuku panganan, utawa nggo pasang lotere endog sekalian cap jie kia.

Sak eling saya, jaratan kulon kuwi mung sempat rada sepi , ping pindo.

Sing pertama wektu ana wong mati kecelakaan sing petine gupak getih akeh banget,

petine ora dikubur,diselehke neng cerak sumur, marai rada serem ,

ning ya cuman sedela, sakwise petine rusak ya wis balik kaya biasane meneh.

Sepi sing kedua wektu ana wong mati sing njaluk diikubur mujur ngetan.

Wah jan wektu kuwi geger mas.

Kuburane persis neng pinggir dalan tengah kuburan,

wong2 sing biasane wani ngliwati dalan mau dadi wedi,serem rasane.

Jaratan kae juga iso nglawuhi juga lho mas, tenan , ra ngapusi.

Neng jaratan kana akeh wit johar mas,

kayune kerep dinggo gawe dolanan pedang-pedangan, nek mbiyen nyebute “treks”,

kaya pendekar robinhut nganggo pedang kayu johar.

uler sing ana neng wit johar kui mas ,iso dipangan, apameneh entung’e , nek digoreng gurih banget .

uler karo entung johar goreng kena nggo lawuh mangan.....

Sedap tnan, ........jijik? walah jijik ki rak kebiasaan priyayi mas,

Sik ya mas, aku tak leren disik.