Selasa, 25 November 2008

gotri legendri


Wis beberapa kali anak saya sing nomer 2 ngajak dolanan bekelan,
ya meski potongan body saya babarblas ndak pantes buat main bekelan, ning saya masih cukup trampil lho.
Cuman memang nek diukur dari kecepatan ya wis ra kaya mbiyen.
Terasa banget nek kecepatan saya berkurang, pas ngambil 4 biji bekel satu-satu dalam sekali lemparan bola,
anak saya sok nyoraki.
seneng nek bapake gedandapan pas ngrawuk biji bekel.

Tibake tanpa saya sadari dolanan bekel sama si vaisa ini memang nyenengke.
Nek dibanding abange,
anak saya sing nomor loro ini cenderung gampang seneng dolanan kampung.
Saya ajari dolanan engklek pake gacuk pecahan kreweng ,antusias banget.
Gerakan engkleke isih kesusu-susu berusaha ora midak garis.
Dia iso menikmati dolanan murah meriah sing biasa saya mainkan mbiyen.
Dolanan bocah-bocah jaman mbiyen memang khas.
Situasi keterbatasan wong-wong jaman mbiyen malah ngasilke permainan sing simple ning nggawa keceriaan.
Dolanan bocah-bocah mbiyen cenderung mempertebal sifat komunal bocah ,
ngraketke paseduluran sama tangga teparo
dan murah meriah.
Dan sing juga kadang saya lupakan dolanan mbiyen sok-sok ngemot piwulang urip,
meski mungkin sangat bergantung sama penafsiran pribadi.

Sing rada cetho dolanan engklek,
bagi saya engklek bisa menjadi simbol laku urip sing kudu dilakoni, sok sok kudu tertatih-tatih, sok-sok mlumpat ,
kadang cuman berjalan dengan pijakan sing timpang,
ndak jarang juga kita mesti mbalik arah
dan menggapai kreweng yang bisa jadi itu cita-cita sing jauh saka jangkauan.

Atau main jelungan di waktu malam,
kanggo saya itu nggambarke suasana gerak langkahe menungsa golek pepadang lan cekelane urip .
Mburu kanca kareben iso ngerteni piwulang sing nyinari dalan peteng,
supaya ora dhewekan neng alam babrayan, supaya mbesuke tekan sumanding neng ngarsani Gusti Pangeran.

Malah kadang dolanan kampung wis dilengkapi syair sing iso dadi nasehat buat nglampahi gesang ini.
Salah satu sing saya ingat nggih niki :
....Gotri legendri nagasari, ri
....Riwul owal awul jadah mentul,tul
....Tulen, olen-olen dadi manten,ten
....tiTenana mbesuk gede dadi apa,pa
....Pada mbako enek,mbako sedeng,deng
....Dengkok,engkak-engkok kaya kodok,dok


Titenana mbesuk gedhe dadi apa,
wong jaman mbiyen sudah wanti-wanti nek apa sing kita lakukan sekarang akan berbuah dikemudian hari,
ning sekaligus juga ngelingke bahwa menungsa itu bukan segala-galanya.
Ada tangan lain sing mempengaruhi jalan hidup kita,
macem-macem sebutane nek wong sing dadi umate kanjeng nabi nyebut takdir, nyebut kuwasa Illahi,
ana sing istilahke garis pepesthine Pengeran, ana sing ngarani karma, nasib dan sing rada sekuler mungkin nyebute faktor x,
malah kadang disebut faktor george bush.

Intinya ya ndak jauh beda yaitu ada hal-hal sing berada diluar kemampuan dan usaha kita,
misale kita wis berusaha tumindak apik,
bukan otomatis sesuk esuk terus nasib kita berubah drastis dadi apik gitu.

Perbuatan baik mesti ngasilke buah sing apik,
cuman kapan berbuahnya itu berada dalam wilayah faktor x mau.

Karena itulah menungsa urip itu ya ndak bisa memastikan apa sing akan terjadi sesuk.
Ndak punya kemampuan kita buat ngarani sesuk itu bakal ana kedadian apa.

Bisa jadi apa sing arep terjadi sesuk itu bertolak belakang dengan perkiraan atawa kondisi semula.

Akeh critane mbiyen kere bareng saiki dadi priyayi
Lonte dadi artis atau kosok walikke
Ora sithik juga sing maune pejabat duwe pangkat, malah akhire ngenggoni kamar penjara

Wong pertamin mbiyen mesti ya ora bakalan ngira nek petronas bakal luwih terkenal lan maju timbang pertamina, wong dulunya mereka blajare juga dari pertamina.

Atau sing neng sejarah jaman mbiyen wong tibet blajar agama budha saka guru-guru india salah sijine atisha srijana dipangkara.
Lha atisha wae 12 tahun meguru ngangsu kawruh ke sumatera dadi murite dharmakirti ( serlingpa ),
wolak-walike jaman malah saiki wong kita sing ajar agama budha ke tibet.

Sama seperti ndak pahamnya saya ,kok bisa-bisanya bu dokter sing wektu sekolah neng margoyudan mbiyen pendiam iso kepranan sama koboy sekelasnya , kersa nyawiji ,gelem ngurusi lan ngrumat.
Ndak ada sing mbiyen iso mbayangke ini bakal terjadi,ora ana mas
Ning wong itu wis dadi kersane Gusti mas,
rasa tresna itu lak sebagian saka rahasiane sing gawe urip tho.


Dolanan bocah-bocah bisa ngelingke kita betapa tidak berdayanya kita atas apa yg akan terjadi mbesok.
Ndak ada sing ora mungkin
Nek saat ini saya turu nglungker neng kasur sing empuk, ndak ada sing bisa kasih jaminan sesuk saya ora bakalan nggelar kloso.
( nek jumat bengi sama minggu bengi ya memang saya nggelar koran buat alas tidur neng sepur )

Kabeh bisa terjadi,
Dan sering kita dipaksa untuk menghadapinya, enak ora enak, kudu dilakoni
Ning saya percaya kok, apapun yg akan terjadi Gusti Pengeran ora bakal sare.

Muga-muga kita semua tansah eling lan sumarah marang Gusti



Titenana mbesuk gedhe dadi apa

Salam

yayon-kerepalur

Rabu, 05 November 2008

radio loro


Nek tak urutke acara yg taksenengi dari radio adalah dagelan terus ketoprak , lagu-lagu dan sing ora entuk ketinggalan sandiwara basa jawa.
Kalau wayang saya rada arang ngrungokke apamaneh wayang kulit, ngantuk soale siarane biasane wengi.

Ngrungokke sandiwara basa jawa bisa bikin angan lan imajinasi saya melambung,
kadang saya melu mbrebes mili nek critane sedih apamaneh nek tokohe ketulo-tulo merga wong liya, weleh iso mewek tenan saya.
Begitu juga kalau pas critane ttg yang-yangan,ttg cah enom sing lagi gandrung atawa digandrungi cah wadon,
rasane seolah saya itu jadi dia je, kaya-kaya saya dadi pemuda idaman.
Atau saya berangan seandainya saya ini kaya dia, bagus duwe pacar ayu tur digemateni para pinisepuh.
Ndonya ki kayane swarga tenan.

Trus kadang sing mbikin saya mak syur itu nek pas ana adegan andum asmara,
mbuh itu asmara legal ataupun ilegal ( selingkuh ),
lha pripun to mas,
wong pemaine wae mung muni “ ahh, massss…. “ utawa “ ohhhh dik “ kok sing ngrungoke wis iso mbayangke adegan neng tempat tidur komplit,
malah sok-sok nafas saya yo melu ngos-ngosan kok trus clana saya dadi sesak lho..
Jan,pinter tenan pemain sandiwara itu, iso nggawe perasaane pendengar ndak karuan.

Sebalike kalau lakon sandiwarane ttg lelembut , nek ra kliru biasane jumat bengi teater angkasa lakone bangsa sing medeni gini.
Githok iki bisa mrinding tenan, arep neng kamar mandi wae dadi gigrig, ajreh tenan.
swara wuuuuuh,wuuuh iso persis suara angin tengah wengi, kaya suara sing nandani ana memedi lampor utawa sundel bolong.
malah sok-sok marai ora iso turu utawa ora wani turu dewe.Ketok-ketoken terus.

Kalau untuk ketoprak, yg tak senengi itu grup ketoprak kodam tujuh diponegara,
pemaine sing terkenal ana marsidah bsc ana widayat .
wektu itu kalau ngliat marsidah wow top tenan mas,
senajan stw ning bodyne padat sintal pokoke nyenengke tenan,
saya sing wektu itu dalam situasi oedipus complex sering mbayangke sing ora-ora sama dia lho.
Pokoke marsidah is the best lah,
Nek saiki sih bu marsidah wis sepuh.
Bu marsidah ki nek meranke dadi waryanti nggon lakon sudiro-sutrisno atawa dadi galuh candrakirana nggon lakon panji asmara bangun iso bener kenes tenan,centil manja sekaligus sensual gitu.
Ketoprak lain sing sering siaran neng radio sak elingku kelompok among mitra brebah,
sebagian pemaine pada karo kodam tujuh.

Nah nek soal dagelan neng radio mungkin tekan sekarang ndak ada sing bisa ngalahke dagelan mataram basiyo.
Tenan mas,
sampai sekarang belum ada grup lawak sejajar sama pak basiyo,
wong rekaman kaset wae akeh kok,
nah dibawah beliau ada grup yg juga terkenal : grupe junaedi mrongos.
Saya yakin buanget nek grup lawak sekarang disuruh ndagel neng radio, ora bakal lucu.
Buat kasanah jawa, dagelane pak basiyo itu bener-bener komplit,
nganggo crita ? iso lucu,
nglucu dewe ? ya tetep bisa bikin ketawa.
Pak basiyo nek tampil neng radio bisa sak grup,
biasane mbawa crita/lakon tertentu , wong nyebute dagelan mataram.
Sering juga dia main pangkur palaran jenggleng tampil sendiri atau cuman berdua ,
ndagel ngomentari ngalor ngidul saut-sautan sama pemain gamelan lain ( kayak sampakan ) diselingi nembang-nembang.

Crita dagelan mataram pak basiyo adalah crita sing sederhana,
khas wong cilik neng ya selalu penuh dengan piwulang sing terbungkus tawa tanpa bermaksud menggurui.
Potret uripe wong kebanyakanlah.

Mangga saya ajak sampeyan menikmati dagelan pak basiyo waktu main lakon Basiyo mbecak.

Wektu itu pak harjo sama istrinya mau brangkat resepsi, naik becak

Pak harjo : wah kebeneran bune , kae malah wis ana becak ngono,
Bu harjo : iyo yo pak, gage ndang undangen becake pak
Pak harjo : Ccak, becak ! mang mriki
Basiyo tukang becak : moh
Pak harjo : we lha piye to kae, diundang kok ra gelem
Basiyo : lha sampeyan ya aneh kok,
ngundang cak, cak napa njuk becake mara
Pak harjo : lha kudu ngundang pripun
Basiyo : ya ngundang den apa mas, ngoten, tukang becak la yo gadah jeneng

Orisinil tenan menurut saya,
ngakak saya sekaligus mulai melu ngrasake atine wong cilik sing wis suwe ora dianggep.

Adegan terus berlanjut sampai siap mau brangkat

Pak harjo : pun, nek sampeyan gelem nggih mangga
Basiyo : nggih kulo manut
Pak harjo : Yo wis bune ayo ndang mangkat selak kawanan mengko.
Ngga, mangkat ,ngga
Basiyo : lho-lho, arep mangkat neng ngendi ?
Pak harjo : sampeyan niku pripun tho nggih ngeterke kulo teng resepsi .
Basiyo : Lha kula tak adus disik, wong sampeyan empun dandan ngoten,
kulo nggih isin nek mboten melu dandan,
Sampeyan mang ngenteni mriki kulo tak mulih adus karo ganti klambi
Bu harjo : lha piye to iki, tukange becak ndadak nyandang barang ?

saya ngrasakke ada nilai-nilai sing coba dianggkat dan disindir sama pak basiyo,
tentang harkat lan martabat persrawungan sing mungkin bakal terlindas perhitungan ekonomi.
Bagi saya bisa jadi ini semacam nilai-nilai tandingan terhadap perangkat nilai sing begitu dominan.
Pak basiyo meletakkan hubungan antar manusia pada tataran kesetaraan,
pada ikatan paseduluran bukan sekedar pada transaksi ekonomi.

bisa jadi ini menjadi koreksi kecil atas perilaku kita sing mung mengandalkan posisi sebagai orang sing sanggup membayar,
dumeh nduwe duit, dumeh nduwe kuasa.

Gampangane saya lan sampeyan sebagai konsumen juga perlu menghargai lan menjunjung martabate wong-wong sing wis melayani kita .
Perlu nimbang nimbang kepentingane wong liya juga,
ndak semua diukur saka kepentingane dewe

Kepriye wae wong liya itu juga punya martabat sing ndak beda jauh sama kita .
ndak ada wong sing martabate di bawah kita, ora ana mas.
nek sampe ana, itu cuman sawangane kita saja,
mung merga perasaan tinggi hati kita

Berusaha memahami lan ngajeni sama wong liya , rasanya wis suwe saya melupakannya


Salam


yayon-kerepalur

Senin, 03 November 2008

radio siji


Butir-butir pasir dilaut
bagian ke tigaribu limaratus ………
disiarkan atas kerjasama
antara bkkbn dan radio republik indonesia
…………………………
…………………………
……………………….
sutradara jhon simamora


rasanya mungkin sebagian dari sampeyan pernah kelingan krungu siaran radio kayak gitu.
Saat itu siaran radio bisa jadi media hiburan sing mungkin luwih berpengaruh timbang tv.
Acarane sederhana, ndak ngundang debat silang pendapat sing marahi mbingungke pendengar.
Intinya bagi sebagian wong ngisor kayak saya, siaran radio iso nyirami kesele ati lan abote beban urip.
Tanpa nambah beban pikiran lagi.
Disamping sederhana, isi siaran radio juga bisa ngambakke segarane imajinasi dan melambungkan angan pikiran,
dan sing ndak kalah penting siaran radio saat itu sangat akomodatif terhadap kebutuhan hiburan lokal.
Memang ana materi nasional sing disiarke neng pirang-pirang kutha,
neng ya tetep ana materi lokal sing disenengi pendengare.
Misale siaran kesenian daerah atau sandiwara sing nganggo basa jawa.
Kayak sandiwara teater angkasa rri sing biasane mentaske naskahe ibu lusia siti aminah subanto.

Coba sampeyan eling-eling beberapa sandiwara radio sing ditunggu2 penggemare iki :
kisah tentang kepahlawanan
kemanusiaan dan cinta
yg sudah terkenal
lewat karya sh mintarja


iki sandiwara nagasasra sabukinten, critane ttg mahesa jenar, sing main sanggar prativi

sanggar prativi pancen nggawe akeh judul sandiwara berseri ana bende mataram,
epos untung surapati, dan sing dadi top-tope sandiwara radio sepanjang jaman yaitu saur sepuh
Ketoke ya ndak ada wong sing ngalami tahun wolung puluh limanan sing ndak kepincut sama saur sepuh, mulai cah cilik tekan wong tuwa,
saka wong mbecak nganti polisi sing terhanyut sama brama kumbara,
kabeh kagum sama ampuhe ajian serat jiwa tingkat 10
dan jangan lupa, dalam diam angan kami mbayangke sensuale laksmini.

Kepahlawanan lan kasektene brama kumbara bisa mbius wong supaya ndak adoh-adoh saka radio.
Meh saben jam ana radio sing nyiarke saur sepuh,
sing rada lucu sok sok esuk wis ngrungoke seri 26 ning sore isih nyetel radio lain sing nyiarke seri 26 dan tetep dengan degdegan dan antusias, seolah durung tau ngrungoke.
Wong wis tahu kok ibu saya ditolak sama tukang becak,
becake ndak mau narik pas jam siarane saur sepuh.
Pokoke saat itu neng kampung saya mung ana loro sing mesti ditunggu wong-wong,
yaitu sandiwara saur sepuh sama bukak-ane cap jie kia.

Pemain sanggar prativi dadi selebriti sing muncar, kayane nganti saiki durung ana artis sing terkenal lewat jalur radio, sing ngungkuli prestasine feri fadly, ely ermawati,ivone rose.
Durung ana artis sing melambung merga peran lan suarane, tanpa ketoke wajahe.

Akeh cah wedok lan ibu-ibu sing kesengsem sama fery fadli sing dadi brama kumbara
Mbayangke gagahe awake, gede duwur brengos tipis dadane bidang.
Cah cilik-cilik da niru brama kumbara, atau raden samba sing iso nembus bumi,
atau teriakan si mantili.

Tentu saja saya lebih seneng mbayangke body laksmini, wis mesti padet sintal lan cemekel ( mengundang dan enak buat dicekel ).woow

Kabeh punya angan-angan ttg saur sepuh, seolah saur sepuh dadi legenda sing terasa akrab sama bebrayan kita.

Tiba saat radio swara graha nyiarke nek pemain saur sepuh arep jumpa penggemar neng lapangan tipes.
Wiwit esuk lapangan wis kebak ngenteni tekane brama kumbara sama kawan-kawane.
Ibu-ibu ngendong anake, abg wedok sing isih isin-isin nganggo make up ,
remaja tanggung sing sok ngrokok ben ketok jantan
tumplek blek neng lapangan tipes.

Walah mas jebule si feri fadli ki cilik rada blengkring,
adoh saka bayangane brama kumbara malah mirip si merit
Si eli ya ngono, cilik ireng tipis memang potongane rada galak meh kaya mantili.
Bayanganku ttg si laksmini juga ilang blas ora ana mempere sama sekali,
si ivone rose ndak kaya laksmini, bodyne ndak sesemlohai laksmini.

Wis kapusan tenan saya, kapusan karena saya terlalu berharap.
Kapusan merga saya sangat kesengsem
.
Salam
yayon-kerepalur

Jumat, 24 Oktober 2008

ndok erok

Nek ndelok apa sing ana di sekitar saya saiki, sok-sok ya ngguyokake.
Pripun mboten lucu to mas, jaman saiki ini lak nggolek informasi apa wae saya gampang.
Arep pengin ngerti berita kriminal neng tv,koran akeh banget, iseng2 nggolek gosip selingkuhe artis apa pejabat sak ombyokan,
sambil delikan iso nonton gambar-gambar lher neng internet,
dan di saat sunyi sepi iso nyetel filem xxx sambil ngampet-ampet sirah sing meh jebol angane.
Dus sakjane pengetahuan ataupun info apa wae wis cemepak neng ngarepe dewe,
tinggal sing arep dijukuk sing endi, kari milih thok.

Wis dadi sifat dasare orang tentunya hal-hal sing berada diluar cenderung lebih menarik, luwih nyedhot perhatian kita.

Ya gampangane nek kelas ndesit kaya saya ini gebyare kota memang sangat terasa mengundang rasa pengin tahune saya.
Pengin ngerti kemajuane kutha, pengin weruh gaya uripe wong kutha, kemecer iso niru nyandang penganggone wong modern.

Neng mall jajan fret ciken ( jebule mung pitik goreng diglepungi ), mangan pitsa,
tuku klambi sing sesak methet-methet,
nganggo clana mlotrok nganti kethok sigarane bokong.
Omongane soal musik, soal bandne cah enom atawa artis2 sing lagi ngetren,
apamaneh artis sinetron wis bener2 dadi kiblat urip.
Meh kabeh sing ana neng sekitare serba gampang, serba cepet serba instan.
Arep mangan iwak pitik, mak wus wis cemepak neng piring, ora sah angel2 mbeleh pitik,
mbubuti dewe , kuna mas.
Ngersake dahar bakmi,ana mi instan , geri dicuri banyu panas.

Kanggone cah kutha atawa wong modern , apa sing tersaji neng atmosfer kutha itu memang cocok dan pas sama cara uripe.
Pas sama selerane, pas sama apa sing dicita-citakan.

Cuman nek buat wong nggunung kayak saya ya ora cocok.
Wong awit cilik ndak terbiasa akrap sama cara hidup kayak gitu kok.
Dikon ngrasakke fret ciken ya rasane sepoh, mblenger rasa motone ( vetsin ) gurih-e ndak semanteb nek mbeleh dewe pitik kampung.

Meski pakane pitik kampung mung turahan sing ada di tempat sampah,
ning iwake luwih lezat dibanding pitik potong sing pakane konsentrat gawean pabrik.

Nah sing kadang sing marahi kaget saya, tibake dibalik gempitanya uripe wong kutha,
ternyata akeh barang sepele sing ndak dingerteni.
Dadi nek krungu komentar atau pitakone wong mau saya sok dadi ngekek dalam ati.

Wis tahu lho mas, ibune bocah-bocah sing klahiran pulo gadung bingung wong atase pari kok di obong ,
wektu lihat orang mbakar bata pakai rambut ( sekam padi ) neng pinggir dalan mbanjarnegara kana.
Dasar cah wedok ngertine mall thok, kulit pari kok dikira pari, gemblung tenan.
Luwih bingung meneh dia wektu tak ajak neng pasar kewan muntilan,
ora iso mbedake menthok sama bebek,
apa meneh nek ditakoni bedane bebek lanang karo wedok , plonga-plongo thok.

Nek sekarang yo wis rada ngerti, sak ploke saya ajak nonton kirab suro,
saiki ibune bocah-bocah wis ngerti nek kebo kuwi ora pada karo sapi.

Temen saya sing asli jakarta bingung mana sing wit jagung, mana sing wit tebu.
tambah bingung meneh nek weruh wong ngarit suket gajah,
dikiro tebu isih cilik kok wis dipotong.

Untunge sejak neng solo keterasingan budaya istri saya ndak menular ke bocah-bocah,
dadi anak-anak saya luwih kenal lingkungan timbang wektu di jakarta.
Kekhawatiran saya nek bocah-bocah ndak punya logika analogi alami rada berkurang,
ndak seperti iklan susu anak-anak sing saya liat neng tv :

“ ada binatang milip kapal telbang “,

saking ora tahu weruh ndok erok ( capung ),
ngertine dolanan pesawat sing ana neng toko, weruh pisan kok disamakan montor mabur.

Ndok erok wae ra ngerti, apameneh orong-orong,gangsir babarblas mesti ora tau weruh.

Ndek mbiyen saat isih cilik ,saya dijak bapak dolan neng panasan, nonton montor mabur .
Neng njero ati saya mbatin :
“ wow tibake montor mabur ki kaya ndok erok tho “.



salam

Jumat, 17 Oktober 2008

nginjen


Beberapa kali saya dolan ke tipes, mantan kampung tumpah darah saya, sing wis saya tempati selama selikur tahun.
Sing paling kerep justru mampir neng petilasan masa kecil, sing saiki wis dadi tempat blonjo makro.
Terkadang saya mbayangke mbiyen pas masih cilik saya playon neng lapangan tipes, dolanan bal-balan,nonton jaran dor neng kidul lapangan, sok-sok nek mbengi ngindik wong sing lagi yang-yangan.

Ada rasa sing ilang neng jroning ati, kelangan masa-masa lalu sing terasa terputus dari perjalanan urip saiki.
Kanca-kanca wis pada tuwane wis akeh sing ngilang golek upo dewe2,
ana sing lungo neng liya kutha,
ana sing duwe bojo wong adoh,
nek ana sing isih neng tipes wis sibuk karo urusane dewe.
Si nur wis repot ngurus soto ne, igut wis ora kocap neng ngendi papane,
suranto sibuk nggenjot becak,yuni sing mbiyen kanca sd tur sering dipacoke karo aku wis neng colomadu melu bojone, mbuh bojo sing nomer piro.

Memang sak elek-eleke,sak susah-susahe urip jaman mbiyen, tetep kroso endah buat dikenang.
Mungkin saiki sering pesta mangan2 neng hotel atau restoran,
tapi tetep ndak seindah saat isih cilik melu bancaan sego gudang nganggo ndok pitik diiris papat.
Taruhlah sekarang iso jajan neng ayam goreng wong solo,
nek kanggo saya kok tetep ndak senikmat sepincuk brambang asem-e mbah khasan mbiyen.

Banyak hal sing mungkin ndak bisa tergantikan,
enake pelem colongan mburi radio swara graha,
suegere gempol pleret sing santene mentah nganggo banyu sumur ,
sensasionale nyolong tebu neng cemani,
adus kali tipes sing ora bakal iso diulang meneh.

Malah saya sempat mikir kapan bisa nggolek enthung wit johar neng kuburan ndewekan tipes meneh,
wah enthung wit johar nek digoreng memang santapan sing gurihe pol.

Ning dari semua hal sing saya ingat ttg kampung tipes, kenangan karo wong-wonge krasa banget nek isih terbayang neng utekku.
Selikur tahun mas saya srawung bareng karo wong-wong tipes,
wiwit bayi indil-indil, sekolah tk sd nganti tekan umur selikur.
Mulai ora iso mlaku nganti iso nyolong pelem lan tebu,
Awit isih clingus, terus wani nginjen wong adus sakdurunge iso yang-yangan bakstrit.

Nginjen wong adus memang satu babak sing saya lalui ben dadi cah gede, tentunya sing diinjen ya cah wedok ( nek sing adus cah lanang ,wuek ,njijiki mas ).
Urip komunal jaman itu memang sangat memberi peluang buat aktivitas nginjen wong adus.
Isih jarang sing punya kamar mandi dewe,
( dadi satu sumur dipakai siapa saja ) kamar mandine rata-rata ndak pakai atap.
Kalau toh ana atape biasane tetep ana bagian sing ora rapet,
mbuh kuwi lawange atau nggon bagian dinding liyane.
Bayangkan betapa deg-degan nya pas pertama nginjen,
antara rasa penasaran ditambah mulai mekarnya benih birahi ,
disisi lain ana resiko mungkin terjadi.

Nek semua berjalan lancar kenikmatan nginjen wong adus ngluwihi nonton pilem bf,
wong mung iso weruh gegere sing lagi adus wae rasane wis melayang kok,
apalagi nek bisa nginjen seka ngarep, wuih marahi greng tenan.

Resiko paling ringan nek konangan saat nginjen wong adus adalah disirati ( disiram air ),
biasanya sing adus sambil teriak terus ngguyang banyu, wis klebus kabeh awake.
Nah nek kebetulan sing adus kenal sama keluarga tambah cilaka iso dilaporke.

Lepas saka masalah moral , saya ngrasakke nek nginjen wong adus wis dadi pendidikan seks awal saya,
telah memberi saya pengertian awal ttg kedewasaan dan benih birahi,
dan sing paling nyenengke nginjen wong adus membuat kenangan akan kampung tipes ndak pernah padam .

Memang dalan urip kadang punya cara yg aneh untuk menjaga ingatan kita terhadap sesama
Salam
yayon-kerepalur

Selasa, 14 Oktober 2008

sepur ekonomi




Nek sampeyan :
Luwih seneng ngombe wedang teh cap sintren dibanding teh celup.
Luwih nyaman ongkang-ongkang neng wedangan timbang neng kafe
Gampang kangen gurihnya thengkleng gapura pasar klewer
Ilate wis akrap sama cabuk rambak
Nganggep psk mangga besar ndak se eksotis lonte gunung kemukus.
Setia sama keluarga
dan sanggup cuman iso ngeloni bojo dina setu minggu.


sampeyan punya karakter dasar buat jadi penglajo kayak saya.
wong sing dipilih Gusti Pengeran buat ngincipi 2 dunia sing beda.
Rong donya sing kudu dilakoni supaya keharmonian iso tetep terjaga dan yang pasti supaya kendile ora njomplang.

Neng jane ndak seperti kebanyakan wong sing ngejar karir ,
mboro menjual diri neng jakarta lebih merga saya ini memang ora payu neng solo.
Dadi kudu meksa awak mbolak-mbalik jakarta – solo.

Ndak seperti sing dikira para priyayi mapan ,
nglajo jakarta solo saben minggu bukanlah kegiatan sing abot, malah nyenengke kok mas.
Akeh suasana sing iso dirasakke,
buktine nek wis teko dina jumat wih rasanya seneng banget atine,
kerja kaya-kaya enteng banget (apalagi nek ora ana bos,iso mbolos awan langsung neng jatinegara bablas tekan solo- tambah indah ndonya iki ).
Ya nek ternyata bos dan pekerjaan ndak bisa disiasati, mulih kerja secara reguler sore hari ya ndak masalah, isih ana kanca ngumpul neng jatinegara.
Isih akeh pilihan buat mulih neng solo saat malam hari,
pengin sepur bisnis ana senja jogja,senja solo ,
lagi kepingin numpak sepur ekonomi iso melu bengawan ataupun progo.
arep pindah neng sepur eksekutif ya tetep iso.

Ora kayak penumpang legal sing numpak sepur berdasar tiket sing dituku,
penumpang cultural kaya kami2 ini bisa bebas milih ndak terikat sama jenis sepur ,
sing penting cepat tekan dan iso turu nglekar mlumah dan slonjor ,ora butuh kursi.

Numpak sepur terutama kelas ekonomi memberi kebanggaan tersendiri buat saya.
Bangga ?
Numpak sepur kelase wong mlarat itu bangga ?
Jelas mas,
Sepur ekonomi kuwi murah meriah, lingguhane ndak nyaman ora ergonomis babar blas, gerbonge elek,reged malah sok-sok mambu pesing.
Ning ana tapine mas,
sak sugih-sugihe sampeyan,
mbuh mobil mersimu akeh,vilamu neng ngendi2, depositomu ngluwihi batas sing dijamin pemerintah
durung karuan sampeyan iso dan sanggup tuku sepur mas.
Wong sakngertiku wae kelase aburizal bakrie sing duwite sak lapangan bal ,
nduwe blethok/lumpur sak gunung anakan wae tekan saiki durung tuku sepur kok.

Sepur ekonomi itu bisa jadi semacam jagad cilik atawa miniatur ubet ribete ndonya mas.
Ana proses adaptasi dan dialog budaya ,
wong saling kenal bisa antar penumpang,penumpang lawan asongan dsb.
akrab mas,
sithik-sitik iso melu niru omongane wong pantura,
ngapak-ngapakke sedulur saka mbayumas ,
macam-macam pisuhan lan umpatan iso dipelajari neng kene.
Saka rasan-rasan urip sing susah,panenan sing gagal,
rega sing mundak tumplek blek dadi siji.
Putaran ekonomi sing saling berkaitan, dari mulai wong dodol asongan kopi-popmie, dolanan anak2,jajanan ataupun buah-buahan,pulsa hp,
nganti tukang pijet bisa sampeyan temui.
numpak sepur ekonomi ndak ada kekhawatiran ngelih,
setiap saat ana wong dodol sing hilir mudik.

Neng sepur ekonomi bahkan jalinan asmara bisa didapat nek kita cukup prigel dan punya naluri birahi yg baik.
Wis ndak keitung sesama penumpang sing ngglibet terlibat aktiv dalam percintaan sesama penumpang,penumpang sama pengasong.

Tentunya itu semua justru bakalan menjadi sesuatu sing nyiksa,semrawut,kumuh dan njelehi
kalau sampeyan memang bukan tipikal wong bisa menikmati sesuatu sing simple,
nek sampeyan memang seneng sama keteraturan lan ketertiban semu.

Tapi begitu sampeyan nduwe jiwa petualang,
punya greget buat nambah paseduluran dan keinginan memahami orang lain sangat kuat, sepur ekonomi mungkin iso dadi sekolahan sing menehi kawruh lan ngilmu urip sing berguna.




Salam



yayon-kerepalur

Senin, 13 Oktober 2008

apike buto


Senajan secara kultur religi saya ini klebu golongane abangan,
ning tentunya banyak konsep konsep sarengat ataupun tarekat sing cocok sama ati saya,
walaupun memang akeh banget sarengate kanjeng nabi sing durung iso taklakoni.

Nalar dan panggraito saya sakjane nyambung karo pituduh kersaning Gusti Pangeran,
cuman godaan untuk ndak nglakoni dalam praktek formal memang durung bisa saya libas.

Jare para wasis ndonya gumelar ini sebenarnya ngemot pangandikane Gusti Pangeran ( istilah wong santri ngono ayat-ayat ).
Dengan laku dan kepekaan nurani idealnya awake dewe kabeh ini bisa maca
dan mensikapi semua fenomena dan ombyaking donya.
Tapi ya itu cuman idealnya,
dalam kenyataanne kan ya ora gampang jangankan mensikapi,
wong maca gejala disekitare kita saja itu angel kok
apamaneh dikon narik kesimpulan buat mensikapi, pol angele.

Rasah ngrembuk fenomena sing angel-angel,
kejadian sehari-hari saja sok-sok luput dari pengamatan kita,
bisa karena saking sibuknya kita, bisa karena orientasi pengamatan sing beda
atau bisa karena karena ketidaktertarikan terhadap obyek sing sedang ada neng ngarep mata.
Nah nggolek gampange,
biasane timbang kita mbaca dan nyimpulke dewe kejadian atau apapun sing ana ketok mata,
luwih sering kita manut neruske kesimpulan wong liya.

Aman,cepet cuman terkadang nek dipikir agak jero bisa jadi ndak sesuai sama nurani kita.
Wong pandangan masyarakat secara komunal itu ora mesti pas karo kejujuran ati kita kok.
Nah eleknya lagi,
saat kita ngambil dan nerusin persepsi sing wis ana, kita terkadang cuman ngambil sebagian ,ndak utuh.
Jadi ya ndak aneh kalau kita tanpa sadar menehi cap sing abadi terhadap sesuatu ataupun seseorang berdasar pemahaman sepotong2,
seolah nek wong diarani jahat mesti ora ana apike sama sekali,
seolah nek wong disebut alim wis mesti ora tau tumindak sing ora becik.

Lha ngendi ana to, wong itu mutlak jahat dan full baik ?
Cuman neng angen-angen thok mas.

Rahwana raja mungkin ratune buta,
nyolong dewi sinta itu tumindak sing culika,
kepiye wae ngrusak rumah tanggane wong liya itu salah,
Ning bukan berati ndak ada sisi baik dari Rahwana lho mas,
coba panjenengan penggalih pirang sasi dewi sinta diculik neng ngalengka sampai bisa dibebaskan sama bojone?
Suwe tenan lho mas,
dan selama itu ndak pernah sekalipun rahwana maksa
ataupun makai cara ndak gentle buat ndemok,
meraba ataupun kegiatan seks liyane.
ndak mas,
wong samapai akhir cerita dewi sinta masih suci kok
( lumarahe wong tentunya kondisi itu sulit dipercaya sama bojone meski jare titisane dewa ).

Coba nek umpamane sing nyulik mau satrio apik anak emase dewa raden arjuno ?,
ora bakal iso metu dalam kondisi suci,
wis mesti dedel duwel,diunyel-unyel kabeh,
saka pucuke kuku nganti pucuke rambut ora bakal ana sing luput saka rabaan,jilatane raden janaka,
ditanggung meteng mas.

Dus dalam hal2 tertentu bisa jadi ratu buto punya nilai2 kehormatan,kesetiaan dan kebenaran
ngluwihi kesadaran kita selama ini ttg kealiman dan kesopanan
yang dengan bangga selalu kita gegem kuat banget.

Sedulur saya mbak pinah sing bukak praktek dadi lonte neng pinggire kali serayu,
meski mung dianggep cah wedok tanpa suba sita, jangan dikira ndak punya nilai kesetiaan dan kehormatan mas,
saklawase ngladeni tamu sing ngersake tuntase birahi,
arep dikon mlumah,miring ataupun jengking manut mawon mas.
Didemok,disedot,diklomohe ngendi wae ora nolak,
lewat ngarep monggo, mburi monggo, nduwur ya iso.
Ning aja sekali-kali njaluk ngambung lambene mas,
emoh ora gelem deweke.
Kanggone mbak pinah lambe kuwi simbol kehormatan dan kesetiaan sing tersisa buat “bojone”.
Lambe adalah wilayah tersisa
yg sekuat tenaga dipertahankan buat sesuatu sing sangat agung dan pribadi.
Lambe dadi media buat mengekspresikan penghormatan terhadap bebrayane lembaga perkawinan lan kesakralan rumah tangga.

Jadi meski mungkin hampir semua anatominya,
lekukan dan fasilitas kenikmatannnya seolah wis didol dan direntalkan buat semua customernya,
sedulur saya mencoba menegakkan nilai kesetiaan dengan cara sing mungkin kita anggap remeh dan tak mudah kita pahami

Mungkin dongengan rahwana raja dan lambene mbak pinah itu tanpa kita sadari sering menghampiri kita ,mas
Wis kerep saya ngrasakke jungkir balike nilai2 hidup.
Sudah ndak keitung kita terjebak pada cap penilaian yg ndak adil.
Penilaian sing mungkin mung didasari kepentingane awake dewe.

Setelah apa yg selama ini kita lakoni,
saya percaya saiki wis titi wanci buat belajar nggoleki apike wong liya.

Dan suatu saat ,
kita bakal menemukan begitu banyak kebaikan para buto
Salam
yayon-kerepalur

Kamis, 09 Oktober 2008

mulur - mlungkret


Sok-sok saya ini juga mikir2 lho,ngrasake apa sing sempat mampir neng benak saya.
sekian waktu berlalu saya kok meh tekan pada kesimpulan nek utek saya ini memang utekke wong pekok.
Utek saya bukanlah tipikal utek sing dengan gampang mak jreng nyerot ilmu-ilmu baru.wis akeh buku sing takwaca ning malah makin mbuat saya lupa, berkali-kali melu ngrungoke para wasis terkenal medhar piwulang dengan smangat bergelora dan meh mirip pertunjukan,kok ya cuman sithik banget sing nyanthel mrasuk jroning utek saya.
Wong dasare utek nggunung sing biasa nganggo ngilmu titen, nek diajari nganggo metode presentasi, babarblas ora teyeng buat mengolahnya.
Wong pernah kok teman saya nganti gembrobyos nerangke ngilmu teori priramida kebutuhan maslow ke saya, mbolak-mbalik nganti ngecuprus ndakik-ndakik dia nerangkan.kok ya saya tetep isih ora mudeng.Nganti judeg dia ( malah mungkin jroning atine dia mungkin ngeluh “ duh gusti jaman saiki kok isih ana wong goblok kaya ngene to ).
Lha pripun to mas, wong atase kawruh dasar soal kebutuhan wae kok yo saya ini ndak kenal, gek piye olehe iso mlebu kawruh2 lanjutane.
Ndilalah kok temen saya kuwi ya mletik,pikirane rada lantip tenan,
“Ngene mas, nek sampeyan esuk2 duwe duit rongpuluh ewu,apa sing pertama sampeyan tuku?” ,
nek ini saya bisa njawab “tuku sego tumpang nggo sarapan”
“nek isih ana susuke,arep sampeyan nggo tuku apa”
“ bar, mangan tumpang paling enak trus ngrokok,tuku gudang garem filter”
“lha kuwi lho mas, bar entuk sego tumpang kok sampeyan tukune rokok? Kok ora tuku sego tumpang meneh?,kuwi merga kebutuhan sampeyan nggo sarapan wis terpenuhi,sampeyan nduwe kebutuhan lanjut,Ngono kuwi sakteruse, kebutuhan sampeyan bakalan ana terus ,iku karepe maslow”

Walah, kayak gitu tho.
Gandrik anak putune Ki Ageng Selo.
Nek kaya ngono aku ngerti mas,kuwi rak kaya ngendikane suwargi Ki Ageng Suryamentaram mulur mlungkret mas, pepinginan wong urip kuwi mulur mlungkret. Nek sampeyan iso nuruti pepenginan sing ana,pepenginan mau bakal mulur nambah dawa, bakal tambah akeh secara kualitatif ataupun kuantitatif, kosok baline nek sampeyan ora iso nuruti pepinginan mau, kok ya pepenginan mau bakal menyesuaikan, bakal mlungkret,suda atawa berkurang.
Jebule maslow ki karo suwargi Ki Ageng Suryomentaram kok yo nyambung ya.
Buat utek ndesit kayak saya ini tentunya lebih gampang memahami mulur mlungkret suwargi Ki Ageng Suryomentaram, wong mulur mlungkret itukan ngilmune enthung,wis apal sejak saya masih indil-indil.

Sampeyan mungkin ngarani nek utek saya itu termasuk kelas lokal banget, ora payu buat urip di jaman serba global gini.
Jaman serba ribet, kebak tetek bengek sing ndak bakalan bisa saya pahami.
Ning kadang ada sing terlewatkan dari kenyataan neng sekitare sampeyan.
Bisa jadi kebanyakan sedulur-sedulur kita itu berada pada kondisi seperti saya.
Punya corak pikir yg mugkin sangat lokal banget, pola pikir sing tumbuh berdasar ngilmu titen, berdasar interaksi yg alami dengan lingkungan, berdasar kepolosan melihat segala hal dan mencoba menjadi bagian dari kesejatian pesrawungan tanpa pernah bermimpi menjadi dominan.
Memahami perbedaan sebagai kenyataan sing lumrah tanpa harus bersitegang, sok menggurui orang agar menerima perbedaan.
Sabar lan lembah manahe pol mas, konsep menang-kalahe bakalan mbingungke sampeyan.
Wong kira-kira sampeyan midak sikile wae, malah deweke sing minta maaf kok mas.
Sampeyan ndak bisa narik kesimpulan cuman saka jawaban sing diucapke, kudu mirsani ekspresi roman wajahe, intonasi ataupun kerlingan netrane mas.
dadi nek piyambake njawab " iya pak " aja seneng disik mas, bisa jadi itu artine " mungkin"
nek njawab "mungkin pak" sok-sok tegese " ora lho pak ".
lha nek sampeyan dijawab "mboten", mestine sampeyan kudu intropeksi mas.


Nah sebaliknya,
wis sering tataran ngilmu sing duwur justru membuat kita jadi wong aneh,dadi wong sing terasing saka lingkungan, dadi orang yg tak mudah dipahami dan memahami sesamanya.
Tutur kata kita malah dadi mbingungke,pembicaraan kita dadi adoh saka persoalan-persoalan urip.
Ibarate ana wong ngelih,luwe banget,sampeyan mung presentasi resep masakan terus.ndak bikin kenyang mas.

Coba sampeyan penggalih,bolak-balik neng tv wong-wong pinter ngomong soal konsep pembangunan,konsep politik,konsep ekonomi pokok penuh dgn slogan-slogan .kecam sana-kecam sini, wong nyatane tuku lengo kudu antri,panen pari gagal,petani diapusi.Wis kakehan wong pinter malah dadi mbingungke.

Nyatane makin pinter ngilmu kita, tambah keminter,makin jeli juga kita nyari kekurangan dan kesalahan wong liya.

Gek-gek pengetahuan sekolahan memang ndak ngajari cara niteni kebaikan orang lain ya ?.
Salam

yayon-kerepalur

Minggu, 27 Juli 2008

jenang sepincuk


Namanya juga wong kampung, tentunya dalam urat nadi saya mengalir perilaku kampungan yg sudah manteb mengendap dalam otak saya yg rada telmi ini. Tipikal Life style kelas rendahan ini lah yg slalu rutin saya lakoni, meskipun sok-sok saya juga coba2 niru nggaya kayak wong2 sugih yg sering saya liat neng sinetron tv kae.Ning ya ndak semua bisa persis saya tiru, wong dari segi kemampuan wis adoh banget bedane kok.

Kayak di tv artis2 memulai pagi sing cerah dengan breakfast di restoran terkenal pokoke ndak di rumah, saya coba tiru mbawa anak2 saya buat sarapan di luar , tuku jenang ( istilah tempat saya untuk bubur ) tempatnya mbah galak di perumas palur.
Makai lawuh terik telur buat vajra sama vaisa, untuk saya sendiri wis mesti jenang nganggo lawuh jangan tumpang plus endog bacem sing wis mreteli.
Cukup mbayar pitung ewu, satu weteng ukuran xl dan 2 weteng bocah2 bisa terkenyangkan, wareg tur anget neng weteng.uenek tenan.
Esuk2 sama bocah2, nyekel suru di tangan kanan dan sepincuk jenang di tangan kiri sudah bisa mbikin saya rumangsa dadi wong sugih,bisa ngrasake life style nya priyayi2 dan eksekutif muda sing ndak sempat sarapan neng ngomah.
Ndak sempat sarapan karena memang neng ngomah ndak punya masakan sing wis mateng, ndak sempat sarapan karena kudu tergesa2 mangkat kerja, ndak sempat sarapan karena memang sang istrinya ndak pernah bisa masak dan ndak kepengin masakne suami.

Dari sepincuk jenang tumpang yg saya sendoki pakai suru godhong gedhang itu tibaknya banyak hal sing bisa saya eling-eling.
Ngeling-eling ttg betapa beruntungnya urip saya selama ini, ngeling-eling betapa ndak tentunya gebyar pesonane perilaku wong2 sugih dan terpelajar itu.
Coba sampeyan penggalih, betapa selama ini saya sudah ngrasakke kamulyan urip sing berlimpah :
-wong atase dapur kayak saya ini kok ya bisa payu rabi, entuk bojo sing gemati dan ngrumat sama suami.Gelem tangi esuk2 nggaweke sarapan saya, nek nyambel trasi ya enak tenan.Nek saya pas mangsuk angin rasah bingung wis ada sing ngeroki. Lha yang paling mbikin saya rumangsa dadi wong lanang tenan itu, istri saya sudah bisa nglahirki 3 bocah dan bisa nggulowenthah mereka tanpa njaluk tulung baby sister, ngirit dadine mas
-wong pangkat cuman kere kayak saya ini, kok ya Gusti Pangeran itu kersa maringi rejeki sing cukup, meski ndak mewah2 amat anak bojo saya bisa manggon neng pagupone sendiri, bisa nyandang lan mangan sing cukup.Iso jajan thengkleng,mangan bakso rusuk palur,tuku klambi neng klewer
-Wong atase orang bodo kayak saya ini, kok ya saya sama anak istri saya bisa menikmati hal2 sederhana sing ada di sekitar kami.Bisa ngrasake urip sing sak lumrahe dengan pepinginan sing gampang2 wae ndak neko2.
Bisa menikmati brambang asem, mangan sama gereh lan sambel ya seneng.
Ndak bisa mangan neng restoran sing mahal ora popo, masih bisa jajan bakmi bu tjitro tipes.
Ora iso piknik dan out bond nggak masalah, bocah2 bisa niliki mbahe neng magelang atawa wonosobo, iso dolanan neng kali dan nyekel iwak dewe neng mblumbang

Nek itu saya bandingkan keberuntungan saya dgn sing dialami wong sugih kae kok ya kethoke melas ya mas ( ning ya ini cuman menurut perkiraan saya lho mas).
-Wis wonge sugih bojone ayu,pinter tenan sekolahe duwur ning ndak iso masak,
Nek sing lanang pengin mangan sing masakne pembantune.Jangankan bikin brambang asem wong nyambel trasi saja ora mudheng.Paling2 cuman masak indomie.
Nduwe referensi rumah makan sing top dan lezat di tiap kota ning ndak bisa masak babarblas.Wis ora mutu tenan.
-Karir lan jabatane menanjak, blanjane gedhe ning nek mau mangan enak etungane njlimet tenan, sing wedi nek kena kolesterol lah, wedi nek berat badane mundak, wedi nek sakit perut lah.nunggu nek ada diskon. Ngilmune akeh tapi ndak bisa ngrumat anak, ndak sempat momong anak
-Duwite akeh, omahe gedong magrong2 ning slalu dioyak2 rasa tak aman, pagere ditembok duwur banget takut nek ada orang jahat masuk, ora iso srwaung sama tangga teparo.isine serba curiga sama orang lain.
Hartane melimpah ning sing nyetel tv plasmane pembantu, sing nonton videone pembantu, sing nampa telpon pembantu, sing mangan isi kulkas ya pembantu.


Dan sing mesti wong2 sugih tadi pasti akan sangat tersiksa kalau harus jajan jenang di tempat mbah galak perumnas palur, mesti ora kolu.
Beruntung banget saya bisa tahu cara menikmati urip dari sepincuk jenang tumpang.

Salam

yayon-kerepalur

Senin, 14 Juli 2008

berubah

Nek sampeyan sempat mirsani jaman 20 tahun kepungkur tentunya ngrasake kalau bedane sama sekarang wis akeh banget.
Sing gampang dititeni dari jenis maupun judul lagu wae wis adoh.Mbiyen lagune sing ngarang bangsane Pak Rinto sama Ariyanto , terus Obie Mesakh misale.
Temane ttg cinta sing mendayu2 saiki sing nyanyi wis akeh lagune ya rada asing buat angkatan kayak saya ini.
Sing pasti perjalanane betara kala sing sudah saya ikuti memang ketok nek perubahan uwis terjadi lan arep terus terjadi.entah itu perubahan sing nyenengke ataupun tidak.
Dulu adalah jamane blue filem saiki wong nyebute bokep, iso model vcd,dvd ataupun rekaman hp.Jaman saiki sing blue ora mung filem tapi macem2 ana blue ocean,blue energy,blue gas dan blue bird.
Bisa jadi perubahan ini menguntungkan kita karena sesuai sama ide atawa pola pikir-pola kebiasaan juga tradisi dan religi kita, ning ndak jarang perubahan itu bisa ngrugikan kita karena mungkin kita ndak bisa ngikuti perubahan itu atau bisa karena perubahan itu ndak sesuai sama krentege ati kita.
Sok-sok perubahan itu terjadi begitu cepat dan besar me-meh kayak revolusi gitu, nek kita ndak siap ya kelibas.
Di setiap perubahan besar mesti arep nglahirke tokoh sejarah, meskipun ana sing ngomong nek tokoh sejarahlah sing nggawe perubahan.
Akeh tokoh sejarah sing memang bikin perubahan dramatis dan revolusioner neng masyarakat, bahkan mungkin neng sekitare awake dewe sok-sok ora kepikir nek ana tokoh sing sakjane wis dadi pahlawan tanpa dingerteni liyane.
Pada dasare saben pahlawan mesti nduweni niat sing apik kanggo nggayuh cita2 sing luhur, mbuh kuwi pengin masyarakate nduwe cekelan aturan hukum, pengin rakyate luweh sejahtera, pengin ngilangi politik buto2 sing dadi penindas, pengin negakke suarane rakyat.
Dalam konteks sing luwih cilik akeh pahlawan2 mau sing berjuang neng level rumah tangga, level kelurahan ataupun kecamatan, level organisasi maupun perusahaan.
Dus ana pahlawan sing berjuang supaya organisasine maju, ana sing tujuane supaya perusahaane berkembang kanti bathi sing akeh
Nek arah lan perjuangan tokoh pahlawan mau iso nyambung sama pemahaman lingkungane, wis tokoh mau iso dadi panutan malah sok-sok dipuja-puja kaya satria titisane dewa. Kabeh omongan ataupun tindakane bakal diiyani lan dipercaya banget.
Pengikute cenderung dadi fanatik, pokoke apapun sing mambu2 pemimpine kuwi mesti bener lan apik.
Lha nek situasine wis terjadi hubungan fanatis dan ngultuske individu pemimpine kayak gitu, jangan harap sampeyan bisa punya pendapat ataupun ide sing berbeda, bakalan diinjek sampeyan.Nek istilahe jaman mbiyen : ndak sesuai sama arahan pemimpin besar revolusi.
Situasi ini bisa makin memburuk, ketika pendapat pemimpin ataupun bos itu dijadikan ukuran kebenaran, wah tambah runyam mas.
Hal lain yang kadang ndak sempat diperhatikan adalah dalam setiap gerak langkah perubahan, mesti bakalan ada yg terkorbankan, dan itu dianggap biasa bin lumrah sepanjang cuman pihak lain sing dirugikan, wong revolusi wae iso memakan anak kandungnya sendiri tho.
Ngeling-eling pihak sing terkorbankan itu saya dadi kelingan pas nonton bioskop neng jogja mbiyen, judule wis lali, sing main sean conery. critane ttg pembunuhan neng biara .
Ada kata2 sing kerep dadi renungan saya :
Berhati-hatilah dengan pahlawan
yang sedang memperjuangkan kebenaran.
Karena dia akan mengorbankan banyak orang

Muga2 saya lan sampeyan kabeh dalam berjuang nggayuh cita2 dan kamulyane urip bisa terhindar dari mengorbankan orang lain, apapun alasannya.

Salam

Selasa, 24 Juni 2008

Isin


kalau dosa, saya ndak kenal mas
Ning rasa malu saya punya

( Pengakuan Pariyem – Linus AG )

Memasuki musim ketiga kayak gini bakalan sering muncul berita kekeringan neng tv, sawah2 sing garing ring, kewen rojokoyo sing keluwen, bocah2 sing kangelan adus, ibu2 sama bapak2 sing harus ngangsu berkilometer jauhnya.Dan rangkaian cerita betapa nestapanya sedulur2 kita mesti akan singgah di depan kita, meskipun mungkin kita ndak patek peduli.
Nek wong goblok kayak saya ini ingatan akan kekeringan adalah mbukak memori ttg perjuangan urip sedulur2 sing ada di wewengkon nggunung kidul. Senajan tentunya situasi nggunung kidul tidaklah sama persis dgn jamannya Pengakuan Pariyem ,ning mestinya ndak semua nilai2 hidup di sana dibuang 100%.
Sithik akehe masih ada sebagin naluri tradisi sing mengalir netes berlanjut ke pranatan urip sing dilakoni sedulur nggunung kidul saiki.
Mungkin bagi orang lain cara pandang pariyem bisa dibantah dan ndak diakui memawakili konstruksi umum pangroso sedulur nggunung kidul dalam melihat ataupun mensikapi perubahan urip, kanggone saya pengakuan pariyem dan wajah sedulur nggunung kidul menjadi mbelik sing bisa saya timba sebagai kawruh urip malah mungkin dadi ngilmu urip sing duwur .

Terkadang di saat sepi dan pikiran lagi rada waras, saya mikirke tindak tanduk perilaku saya selama ini.Perilaku sing sok keminter, sok rumangsa iso , sok suci dan ngerti aturan sarengat agama.
Nah muter catetan sing ketulis dalam benak ati saya, seperti mbongkar rahasia sing selama ini bisa saya tutupi dari tatapan mata dan pendengaran wong liya.
Selama ini dengan sinau olah vocal dan bahasa tubuh, saya bisa bicara, pidato ( bahasane wong pinter2 kae presentasi ) dgn mantep,sopan, sok-sok jarene berwibawa penuh nasehat, petatah petitih, wis pokoke lewat kata2 saka cangkem saya bisa ngajari dan meyakinkan wong liya.
Kalau toh isine rada ngapusi dan bombastis saya ndak peduli, toh mengko iso ndonga njaluk ngapura.
Tapi sejatine saya wis gagal menata ucapan ati dan niatan sing muncul di sanubari
Selama ini juga saya bisa pura2 bersikap alim di satu tempat sambil menutupi kebinalan perilaku saya di tempat lain.Wis puluhan buku dan pengetahuan agama sing saya baca, tapi berlipat kali saya berperilaku munafik .
Sadar dan tidak sadar saya sering ngucap,mikir dan tumindak sing seolah menempatkan posisi saya pada tataran lebih ngerti, lebih bijak, lebih alim, luwih pinter dan sebagainya.Terlalu sering alibi dan argumentasi saya pakai buat memperkuat posisi kemunafikan saya.
Dan saya makin mabur duwur ninggalke landasan kejujuran.
Wis lali saya sama kerendahan hati
Tambah adoh dari tatapan ketulusan
Rasa-rasanya persediaan rasa malu saya sudah lama sekali kosong, mungkin malah saya sudah lupa kapan terakhir saya masih punya rasa malu.
Malu untuk rumangsa bisa
Malu untuk berbuat ora saklumrahu sesrawungan
Malu untuk memposisikan lebih penting dari yg lain
Malu untuk tumindak sing nerak aturane sarengat agama
Malu karena ndak punya rasa malu

Lha sedulur2 gunung kidul lewat pariyem wis ngingetin saya betapa pengetahuan sarengat agama saja ndak cukup, sepanjang itu berhenti pada menggenggam erat dan memperkaya pustaka logika kita saja.
Pengetahuan kebenaran harusnya dilandasi niatan tulus dan penghargaan thd sesama.
Melihat bahwa sekeliling kita adalah coretane gusti pengeran sing ngejawantah, menjadi kewajiban kita untuk menselaraskan perilaku kita dgn kepentingan sekitar kita.

Rasanya saya mesti mulai menabung rasa malu,
mesti melatih tatapan kerendahan hati,
dan harusnya cangkem saya bisa mengeluarkan suara ketulusan.

Salam

yayon-kerepalur

Rabu, 18 Juni 2008

pitung lapis


Kadang nek pas pengin bercengkerama sama anak2 dan jatah bulanan masih tersisa durung kepake buat mendem saya ngajak mereka dolan neng mall, sekedar nyenengke bocah2 sekaligus pengin ngrasake gemerlapnya jaman saiki.Jenenge bocah paling2 nek ndak beli jajanan ya mainan.
Saking beragamnya jenis mainan sok2 anak2 saya keder dan bingung mau milih yg mana, kabeh serba apik tur nyenengke.Jagad mainan anak2 memang ngiming-ngimingi keasyikan sing jaman saya mbiyen rada angel terpenuhi.
Ning meski akeh maceme mainan , anak2 saya tetap nganggep dolanan banyu ( keceh, udan-udanan, dolanan neng kali ) sebagai sesuatu sing ndak boleh ditinggalkan.Dus mainan entuk gonta-ganti dipajang neng toko tapi kalau saya ngajak ke magelang or wonosobo buat dolanan neng kali golek iwak atawa sekedar golek yuyu mereka sangat antusias.
Saya dadi kelingan wektu isih cilik mbiyen ya memang ndak ada sing iso ngalahke asike dolanan banyu.
Nek kesimpulan sementara saya sih sing paling menyenangkan semasa isih cilik ya mung dolanan banyu sama dikelonin simbah.
Wis nek ana simbah semuanya serba nyenengke adus disiapke, maeme kopen tur arang2 diseneni malah loweh kerep dimanja, nek arep turu sok-sok didongengke.Akeh crita dongeng sing isih nyantol neng otekku sing sering error ini,dongeng ttg ki ageng selo, pepundenku ki argo, joko taru dll.
Banyak dongengan sing baru takpahami saiki misale ttg langit sing pitung lapis, jagad ngisor-jagad nduwur.
Mundak ngungkuri umur, sepanjang urip sing takjalani dan peristiwa sing ketok di depan mata membuat makin percaya saya sama simbol-simbol dongengan simbah mbiyen.
Dongengan betapa kompleks sekaligus simplenya urip neng ndonya ini.
Diarani kompleks wong sejatine pesrawungan ndoya ini memang berlapis2 atawa berkelas2,antar kelas itu duwe tatacara sendiri punya gaya dewe punya gen sendiri. Nek kelas saya ini ya dari sudut kebiasaan maupun trah bobot,bibit bebet ya ndak bisa dipaksanakan hidup dgn cara kayak sampeyan mas,rekoso saya nanti.
Wong biasanya mangan sega jangan langsung nganggo tangan kok kudu dahar stik nganggo piso dan garpu, ora pantes babarblas mas. Rada aneh juga nek saya sing biasane wedangan neng angkringan kok kudu melu ngombe kopi neng kafe lungguh diskusi soal internet, hp maupun gaya hidup sing lagi in, ndak iso mas, malah dadi masuk angin mengko.
Sumpah nganggo asmane Gusti Pengeran saya ndak menyesali nek kelas saya dibawah panjenengan kabeh,saya juga ndak minder bahwa cara urip saya terasa ndak berbuaday dibanding sampeyan kabeh.Wong saya pancen percaya dan yakin nek urip itu memang punya kelas-kelas kayak langit pitung lapis kuwi dan wis lumrah nek kelas saya beda sama sampeyan persis seperti ana jagad ngisor – jagad nduwur.
Masing2 kelas punya gaya sendiri, punya nilai2 sendiri duwe kesenengan-kesedihan sendiri dus untuk masing2 kelas tersedia surga dan neraka dewe2
Ning disamping segitu kompleks dan jlimetnya pambagian kelas di ndonya ini, hal sing paling menyatukan semuanya adalah kenyataan bahwa kabeh wong urip itu cuman golek kesenengan dan menghindar dari kesusahan.Dadi urip ini sakjane juga simple : goleka kesenengan, aja nganti kena kesusahan.
Cuman memang masing2 punya plan dan eksekusi sendiri ( ben kaya wong2 pinter saiki ) dalam nggayuh target urip itu. Ana sing pontang-panting sambil ndonga, ana juga sing santai, ada juga sing mengalir sak madya tapi ndak sedikit sing ketoke masa bodoh.

Lha nek simbah saya mbiyen ngajari ngene :
sing penting lambarana maca bismilah,pasraha marang pangeran
iso nindake wae wis alkamdulilah .

Lagi sekarang saya ngerti,simbah saya menempatkan kesenengan pada tataran tentreme ati, pada keharmonian segala tingkatan proses

Iso nindake wae wis alkamdulilah
Iso nindake wae wis alkamdulilah
Iso nindake wae wis alkamdulilah

Salam

yayon-kerepalur

Jumat, 30 Mei 2008

telung kutho

Lumrahe wong urip, saya ini juga termasuk sing remen pados utangan, mbuh itu buat nyukupi kebutuhan rumahtangga, terkadang dan memang kerep saya pakai buat seneng2.
Soal mbayare sesuk ya embuh, sing penting saiki iso nyekel duwit.


Tapi terlepas dari apik elek nya tradisi utang saya, ada hal yg kadang mbikin hati saya mak greng saat golek utangan.
Yaitu pas ngisi formulir identitas nggon point :tempat tinggal.
Sok-sok jroning ati saya muncul pitakonan :
- sakjane saya ini urip dimana tho ?
- sakjane saya ini wong ngendi ya ?

Sebagai wong indonesia sing ndilalah ndak seberuntung sampeyan, urip saya terpaksa taklakoni mlayeng-mlayeng mrono mrene. Kepeksa mas, saya ini kudu mubeng menjajakan diri biar anak istri ndak kaliren.

Nah tentunya sok-sok timbul juga rasa romantis saya ( ben kayak wong2 sugih di sinetron kae ), muncul juga kenangan dan kesan saya tumrap panggonan2 itu .

1. Solo
Awalnya bahkan saya sering ndak menyadari kalau aku lahir neng pinggiran bengawan ini.Mbiyen itu sejak lahir sampai sma ya ndak ada pikiran apa2 ttg solo. Ndak ada kesadaran untuk memahami nafas kehidupan solo, Ngertine ya ana sriwedari sing nek sasi pasa dipakai buat pasar malem, akeh wedangan, akeh wong dodol soto, thengkleng,susu nganti sate jamu. Nek tuku klambi neng pasar klewer, Ana alun2 kidul sing nek mbengi akeh lontene.
Duwe pasar silir nggo dodol pitik trus cedake nggo dodol awak, ndak ketinggalan akeh sing dodol nomer buntut karo cap jie kia.

Nah pas umur wis merayap, adoh darinya , ati wis rada mlebu fase semeleh inilah kerinduan, kebanggaan dan kegelisahan akan situasi Kota Solo begitu memuncak,
mungkin seperti yang dibilang Khalil Gibran :

Berkepanjangan hari-hari derita yang kualami diantara dindingnya
dan panjang pula malam-malam penantian
.


Dulu waktu sekolah neng jogja , wis rumangsa penak, solo wis lali, dadi arang mulih ke Solo.
Untunge saiki saya bisa menikmati solo seminggu pisan.Iso jajan wedangan, mangan thengkleng, ngombe gempol pleret
Wis rasane urip kaya neng suargo, meskipun saiki wis kegusur neng wetan bengawan.

2. Jakarta
Kota sing pengap, tur rada medeni, penuh kemegahan yang marahi saya bingung, ndak bisa saya pahami.

Uwong-uwonge kemrungsung , sibuk kayak robot,
Urip mubeng dengan irama jadwal yang ketat.
Tak ada ruang bagi improvisasi hidup kecuali jika hal itu bernilai secara ekonomis dan mbatheni.
Jane saya ini ya benci sama jakarta ning nyatane dia juga sing nguripi saya.
Di sini ini Tuhanpun semakin susah saya mengerti.
Anak2 saya babar blas ndak mau urip di sini, ibunya sing wong jakarta kepeksa ngalah.
Ning sekarang dia sudah bisa ngrasakke nikmatnya ngedohi jakarta.

3. Wonosobo.
Adem tur guyup, begitu yang saya rasakan. tempat dimana saya masih bisa menyapa seseorang dengan tersenyum lepas.Saya bisa srawung dgn ati yang wening .
Kota yang secara emosional tak ada kaitannya dengan saya maupun ibunya anak2, tak ada keluarga namun justru memberi banyak sedulur dan makna . Tapi inilah tempat yang sangat nentremke rasa. Wis agak sakwetara saya sekeluarga menjadi bagian darinya meski itu mungkin hanya dapat kami rasakan pirang sasi pisan.


Jadi nek saya bisa bebas ngisi blanko alamat, penginnya nulis :
Wong solo sing golek upo di jakarta ning duwe sedulur akeh neng wonosobo


Selasa, 27 Mei 2008

iso misuh : Ndlogok


Umpama urip ini entuk disuruh milih, mestinya akan banyak uwong sing rumangsa nasibe ora cocok.Ya nek istilahe “ada yg perlu direvisi perihal suratan takdirnya”.
Rasa-rasanya meh sebagian besar uwong itu merasa nek nasibe kok ndak bagus.
Ada yg memang karena sudah ngalami sendiri awit cilik nganti tuwo mesti nandang cilaka terus, ada sing sakjane uripe wis rada lumayan ning merga lingkungan sekitare luwih mulyo dadi rumangsa nelangsa, ana meneh sing mung merga lagi ketemu masalah seolah terus iso menyimpulkan nek uripe itu memang sial terus.
Ning ya ada juga uwong sing ketoke uripe biasa2 wae malah sok-sok menurut ukuran kita masuk dibawah low end wae tapi atine malah rumangsa kecukupan terus.

Dadi memang nek mau jujur sakjane masalah nasib sing lagi dialami itu tergantung kepiye ati dan pikiran kita menentukan standar derita itu.
Nek ati lan pikiran kita penuh dgn beragam pepinginan, mudah tergiur slogan2 kualitas dan gaya hidup, ya bakalan abot hidup sampeyan mas.

Coba sampeyan penggalih , benak dan angan sampeyan isi dgn seribu satu kenikmatan duniawi,terus esuk mbengi peras otak dan tenaga sampeyan buat menggapainya . baru satu dua keinginan tercapai sampeyan wis mengkriet keinginan baru . begitu seterusnya,memang sih ketoke urip sampeyan dadi dinamis, punya visi jauh ke depan, vitalitas hidup yg prima dsb. Model2 priyayi seperti sampeyan itulah sing disenengi sama produsen, pedagang baik klas lokal ataupun global.Soale iso dijadikan kebon menuai keuntungan, Mulane klas menengah /priyayi kayak gitulah yg paling banter suarane, paling sering ngomong dan akeh penjaluke soale memang didukung sama barisan rapat pemodal gede.

Lha beda sama orang2 kayak saya ini, dalam statistik nglompok dalam golongan bawah ke samping wis ndak sempat mbikin macem2 cita-cita2 mas, ndak sempat lah wong wektune entek buat ngantri lengo, ngangsu banyu,buat gresek sembako,uyel-uyelan neng sepur.
Ya jelas lucu nek golongan kami ini kok sampe kepengin mangan neng kafe, wong buat ngliwet wae masih pake jatah raskin kok.
Nyandang pakai pakaian sing modis jelas impian kecuali nek ada obralan menjelang lebaran.Otak kami udah ndak bisa diajak mikiran lifestyle gedongan mas, ndak punya waktu mas.

Ning dibalik standar hidup sing minim dan sedikit gemerlap ndonya sing kami incipi dalam hidup ini, ada keberuntungan yg mungkin ndak sampeyan bisa nikmati atawa sampeyan ndak tahu cara menikmatinya.Justru karena otak saya terbatas daya pikirnya ,saya ndak pinter gawe2 kebutuhan ,ndak punya banyak keinginan, ora tahu mikir gaya hidup,cuman ubet seputar turu,tangi, mangan,dolanan sama anak istri, golek duwit, urip saya dadi gampang lan enteng.

Srawung saya juga luwih enak,ndak kebanyakan aturan ataupun tatakrama, ndak dibebani sama gengsi,asing penting aja natuni atine liyan.
Nek luwe bisa makan sembarang warung pinggir jalan asalkan murah, ndak takut oleh rasa malu nek ketemu teman.
Nek perut mulespun karena kewaregen,saya bisa bebas ngising buang air di wc umum manapun, ndak peduli setajam apa aroma wc itu,yg pasti tiada pernah saya menyesali telh masuk didalamnya.

Terus karena wis ndak mikirin gengsi, ndak butuh nimbang2 supaya terlihat santun di depan yg lain, cangkem saya bisa bebas ngomong apalagi misuh.
Jika pas ati saya lagi susah, tinggal misuh : asu iki,
perasaan lagi jengkel sama orang lain,ngomong wae : bajingan dan lonte wong itu
ataupun nasib terasa ndak adil ,saya masih bisa misuh : ndlogok

Dan setelah misuh,ati saya lebih nyaman.
Dengan demikian misuh telah menjadi katup pengaman atas kegetiran,kegamangan maupun segala keresahan dan kedongkolan hidup saya.
Gamang atas nasib,dongkol pada orang lain, resah karena kekuatiran atas apa yg akan terjadi bisa dieliminir dgn misuh.

Dus urip saya memang sarwa gampang.
Salam

yayon-kerepalur

Rabu, 16 April 2008

Nyenengke




Meskipun cuman inlander ndeso, ning ya wong namanya manusia terkadang saya juga kepingin nggaya seperti wong2 sugih gitu ( kayak ndoro ambtenar jaman mbiyen lah ).
Cuman karena senin-jumat saya adol awak di jakarta, kesempatan buat ngarasake nggaya mat-matan itu cuman pas neng ngomah sabtu –minggu.
bubar resik2 awak , makai kaos sama celana kolor ,lingguh nyruput teh panas legi tur kentel cap sintren, ben rada nggaya pacitane nggango roti, walaupun jane luwih mathuk nek diganti gethuk
( ning nek sasaran aktivitas nglaras itu adalah untuk ngrasake nggaya kayak wong sugih tur intelek kelas menengah, rasanya gethuk bukanlah pilihan yg tepat –jare teman kantorku ).
Ndak ketinggalan karo mbaca solopos sing tukune ngecer, wah rasane jan kayak wong sugih tenan.
Apalagi nek ditambahi gudang garem filter wow siip.

Wis kalau sudah gitu urusan utang rasah digagas, tugas kantor mbuh sesuk wae. Sing ana cuman betapa nikmatnya urip ini.
Nek ritual pagi itu wis saya rampungi, tinggal ngajak anak2 dolan ( di kantorku bahasa kerene: siti tur).
Paling sering tak ajak siti tur numpak sepur prameks,
ben gratis numpake saka stasiun purwosari,jalure purwosari-balapan-njebres-palur terus mbalik njebres-balapan mudun purwosari.
murah mung mbayar parkir sama peron tur akeh kancane.

Itu salah cara saya buat merasakan kenikmatan ndoya, mungkin kanggone sampeyan itu terlalu remeh, ndak berkelas, ndak inovatif malah rada kuper,pokoke jadul banget.
- Apa enake nyruput the sintren panas,ndak level dibanding ngombe kopi starbak.
- Nyruput teh di rumah ?, wah ndak ada gengsinya babarblas, kalau mau keren ya ngombene di mall nganggo klambi sing berkelas
- Piknik kok cuman numpak sepur,ora mbayar lagi ,wuih ndak modal

Memang untuk tiap hal saben orang mesti duwe ukuran kenikmatan dewe –dewe,
ada wong lanang sing seneng karo cah wedok sing kulite putih, ning ada sing malah kesengsem sama sing pakulitane ireng.
Ana sing seneng sama body langsing, ada yg kemecer ngiler nek weruh sing bodyne semlohe penuh tonjolan kenikmatan.
Dus nek urusan kesenengan dan kenikmatan sak jane ya ndak ada patokan sing baku, cuman memang kadang kita terpaksa ngikutin apa umume wae.
Mangan di restoran gede umume dianggap lebih nikmat dan bergengsi, meskipun menurut saya ndak senikmat jajan satene mbok galak neng sumber sana.
Lelungan numpak pesawat terasa luwih bergengsi timbang numpak sepur,walaupun lebih sering numpak pesawate dibayari kantor.

Nah kesenengan dan gaya orang itukan cenderung dinamis ( ben bahasane rada berkelas ), umume berkembang seiring perubahan status kita.
Mbiyen isih kuliah neng kos-kosan punya stok indomie saja wis seneng,rumangsa aman. Sak iki standare mangan burger,pred ciken, mangan indomie mung nek kepepet saja.
Dulu mrana-mrene numpak bis kota suk-sukan seneng ,malah iso entuk kesempatan nyenggol bokonge cewek,
sekarang nek dikon numpak bis-sepur kebak gitu ?wah ndak usah la yauw, tersiksa sekali.

Peningkatan status sosial kita ( bisa status ekonomi,iso status pendidikan, status pekerjaan, ataupun status pergaulan kita ) biasane membuat keinginan dan kebutuhan kita akan kesenangan juga meningkat.
Logika sederhanane kayak gini :
Makin pinter otak sampeyan-----> makin akeh informasi sing sampeyan dapatkan--------> makin banyak hal sing sampeyan senengi--------.> makin akeh saja hal sing sampeyan anggep sebagai kebutuhan.

Nek keinginan itu iso terpenuhi sih nyenengke,tapikan ya ndak selamanya kita bisa memenuhi keinginan itu.
Lha nek pas ora iso nuruti rasane susah banget, nelangsa.
Padahal bisa jadi sebenarnya apa yg sudah kita punya kuwi luwih akeh timbang wong liya, ning ya rasane kurang terus.
Ini salah satu jeleknya kita ,
- tambah ilmu kita, ning ndak membuat kita tambah ngerti.
- makin tinggi status kita, malah makin membuat terasing dari kenyataan sekitar kita

Sing kadang lebih tragis meneh , ndak jarang kita itu :
- Ngilmu dan sekolah nya makin duwur, tapi justru kita makin bodoh untuk bisa menemukan kebahagiaan diantara hal-hal sederhana yg kita punya.
- Atau gengsi dan hidup kita tambah kaya, ning justru kita tambah miskin terhadap hal-hal simple yg membahagiakan, makin sedikit tabungan senyum kita.


Buat saya sing pekok ini, tambah suwe urip kita tambah njlimet, tambah akeh persoalan,tambah mbingungke.

Nek sampeyan sudah bisa menemukan kesenengan dan kenikmatan dari hal2 yg terlupakan disekitar kita, menurutku urip sampeyan itu wis beruntung dan mulya

Salam

yayon-kerepalur

Kamis, 27 Maret 2008

Makhluk Tuhan sing rada seksi







Kejelasan kadang terlihat tidak jelas

dan
Ketidakjelasan seringkali nampak jelas





Konon jarene wong pinter ndonya itu diciptakan Gusti Pangeran berpasang-pasangan.
Ada gelap ada terang, ana gede ana cilik, ana siang ada juga malam, ada penjahat tentunya ada jagoan penegak kebenaran dan seterusnya.

Nek secara garis gampangane di dunia itu berlaku hukum dualisme nilai sing pada proses selanjutnya menimbulkan nilai2 relatip.

Ada cah ayu mergane ana sing ora patek ayu, wong nyebut legi mergane ada yg pahit.Ning semua itu kan gambaran penyederhanaan kondisi supaya ada sistem nilai yg bisa dgn gampang jadi patokan orang.

Kalau kita liat rada njlimet tentunya ya ndak sesederhana gitu, buktine ada siang sing padang , memang ada malam sing peteng ning rak yo masih dilengkapi sore sing remang2 ataupun esuk mruput.

Ada wong jahat wis mesti ada jagoan penegak hukum, tapi ndak ketinggalan juga ada jagoan penegak hukum sing merangkap penjahat.
Ana cah ayu, ana cah ayu tur seksi, ana cah ayu wis seksi tur suarane gandem.

Demikian seterusnya menunjukkan nek dualistis nilai mungkin dadi rada kabur, dadi kayak ana wilayah sing ora jelas serba meragukan dan bikin penasaran.

Keraguan ini makin cetho nek kita ketemu sama makhluk Tuhan sing rada seksi, waria.

Menungsa yg centre bodynya asline lanang( walaupun dikemudian hari bisa saja dipermak dadi model gadis ) tapi punya jiwa dan perangai kayak cah wedok .

Neng njero sanubari saya sebenarnya selalu penasaran ,gregetan pokoke campur bawur lah nek ketemu mbak sekaligus mas ini.
Antara geli sekaligus pengin tahu, pengin nggoda sekaligus wedi ( sok-sok malah antara pengin menjamah sekaligus pengin mlayu adoh )

Dulu waktu isih cilik nama waria belum populer, di tempatku biasane diarani wandu, cuman memang wandu ini bisa berarti waria,bisa juga perempuan sing kelaki-lakian., cuman lebih banyak waria nya.

Makin tuwa umur saya, tak rasakan sepertinya makin akeh waria neng ndonya ini. Dulu cuman weruh waria sing nyambut gawe neng salon, ternyata itu cuman bagian cuilik profesi sing dilakoni mereka, ana sing dadi selebritis,pengusaha,pegawai,pejabat.
Ada yg kantornya di gedung ana juga sing kantore neng pinggir dalan wayah bengi.

Kontak langsung saya yg pertama ( maksudku komunikasi lho mas, bukan kontak fisik ) sama mbak-mas ini seingatku waktu neng jogja mbiyen.
Sepisan anggere liwat ngarep bank indonesia sing anyar (mbiyen buat terminal travel nek ra kliru ) wetane kantor pos,wuih akeh banget wariane .

Makai gaun sing ketat nganti tonjolan pengundang birahine kaya arep wutah.Terus pupurane medok banget , malah sok-sok kaya nganggo topeng gitu.
Pipine abang,alise kandel terus bulumatane lentik banget ( ning umpamane cah cilik weruh mesti nangis kejer, wedi )

Ada sing ngumpul ngobrol2 sesama waria karo ngrokok, ana sing lagi neng petengan karo wong lanang , terus ada sing lagi sama wong lanang ning ndak ngobrol ( neng pojokan ketoke sing lanang ngadeg trus wariane ndodok )

Suasanane meskipun peteng ning rada gayeng,apalagi nek ada wong lanang sing liwat numpak motor ataupun mlaku mesti diampirke.

Memang ndak banyak sing mampir, ning bukan berarti ndak ada
Bisa jadi yg ndak mampir karena memang ora minat, rada gilo separo jijik karena memang tergolong bukan segmennya.

Tapi ya ndak dipungkiri ada lho yg nggak mampir karena isin dgn situasi yg ada, memang sekitare peteng remang2 tapi begitu metu dari wilayah rileks itu kan dalanane padang njumblang malah sekitare ada lampu bangjo je.

Jadi nek abis berkunjung bawa kendaraan terus berhenti di lampu merah lak isin tenan, do weruh kabeh

Terus ada sing ndak mampir mergo duwite kurang, cuman saya sendiri ndak ngerti berapa uang yg harus dibawa biar dapat bersanding sama mereka.

Awal weruh mbak-mas tsb nyambut gawe saya ndak begitu mudeng piye cara layanannya,
ada temenku ngomong nek makai sistem jepit baik dgn top maupun bottom body mereka,terus ada yg nganggo metode nyrutup dgn bibir sensualnya.

Nek mbayangke unjuk kerja mereka ya memang rada njijik-i sih ,wong saya ( waktu mbiyen ) kadang ya rada bingung : apa enake mung di jepit sama di srutup gitu.

Itu saat pemahaman seks saya masih konvensional bin lugu banget.

Kalau sekarang sih saya sudah rada bisa memahami, kenikmatan syahwat bisa didapat dari sensasi badani yg saling bergesekan,sentuhan,untel-untelan ,dilat-dilatan dsb sing bisa memuncakkan orgasme seseorang

Dus sajakne nek kita mau jujur kepuasan biologis itu ndak terpaku pada ketemunya lingga-yoni menungsa.
Bisa saja antara lingga sama alternatif yg lain , bisa makai anggota tubuh yg lain bisa juga memakai barang2 di luar tubuhnya,demikian juga dgn yoni, bisa wae ada kenikmatan tanpa harus di obok2 lingga.

Nah nek element asal kenikmatan syahwat saja bisa disubstitusikan apalagi dgn jenis kelamin pelakunya.
Ndak harus wong lanang itu menikmati andum asmara sama wong wedok, kepuasaan syahwat ndak lagi dimonopoli pasangan lawan jenis thok.

Diantara dualistis pembagian jenis kelamin itu , tibake masih ada pembagian lain yg pada kenyataannya bisa menjembatani

Aneh-aneh wae memang ndonya ini
Salam

yayon-kerepalur

Selasa, 25 Maret 2008

Jalan Sepi


Tempat kau bisa tertawa,
tapi tidak sepenuhnya
tempat kaupun bisa menangis
namun tidak sehabis air mata

( nek ra salah dari Sang Nabi - K.Gibran )

Dalan urip seseorang itu memang ndak selalu bisa diduga.
Banyak hal yg kita temui sekarang bisa jadi di luar skenario cita2 awal kita.Modifikasi , penyesuaian bisa jadi harus kita lakukan saat rencana masa depan sedang kita jalani.
Malah sering terjadi apa yg kita hadapi,nikmati ataupun kita jauhi pada mulanya ndak ada dalam bayangan masa muda kita. conto sing gampang ya sing saya alami :
- Wektu cilik mbiyen pengine nek sudah besar bisa dadi polisi sekaligus nyambi wong tani neng muntilan kok saiki malah mburuh neng pabrik .dadi polisi ora iso,dadi wong tani ndak punya sawah lagi.
- Pengine urip nyaman nek iso neng magelang ,kepepete ya di solo, sekarang malah wira-wiri solo-jakarta nglesot neng sepur senja utama solo .

Wis ndak keitung berapa banyak wong sing nyambut gawe golek urip sing ndak sesuai sama pendidikannya.
Jangankan pekerjaan, wong perilaku ideologi saja bisa berubah, menggok dari idealisme awal kok .
Sudah banyak priyagung sing dulunya waktu muda jadi pendekar kebenaran, jagoan wong cilik, ataupun satria penentang kaum borjuis sekarang bisa jadi antek pemilik modal sampai dadi super borjuis muda lho.
Dalam soal asmara bisa jadi wektu nom-noman dulu jadi kumbang penghisap madu, bareng tuwa dadi wong alim setia satu istri ( sok-sok malah dadi laki2 takut istri je ) kosok baline banyak sing dulu jadi pemuda idaman, penuh kasih, santun ngedohi perilaku pacaran sing nyrempet sekwilda, justru sekarang binal bukan main,pikirane mung kebak selangkangan.

Cita2 sih sah-sah wae ning realita sehari2 yg kita temui sok-sok malah lebih menentukan arah kejadian masa depan kita.
Mungkin wae kita berangkat dari turunane wong alim sing memegang teguh perilaku santun,tertata, mapan.
Ning begitu keluar rumah ? yg ada di depan mata malah sok-sok beda adoh. Penuh persaingan, penindasan,kemunafikan ndak lagi hitam putih.
Jadi ya ndak aneh kalau saat-saat nom-noman ada kegelisahan dalam diri kita.Nek orang sekarang nebutnya “masa mencari jati diri” ,
perilaku dan tindakane diluar perkiraan ,serba ndak puas,serba ndak percaya sama nilai2 sing mapan malah terkadang rada nerak agama.
Pengine nggawe tafsir anyar ttg bentuk dan fungsi nilai2 lama lan agama.
Senenge sing nyrempet2 bahaya tur rada nakal , nakal secara konseptual,cultural maupun seksual.
Dulu saya juga seneng nindakke perilaku sing mungkin ndak begitu sesuai sama tataran nilai sing adiluhung,mulai mbolos kuliah pirang2 sasi ( semester ), mblayang mrana-mrene srawung karo wong2 sing dianggep ora nggenah, nek ada sedikit rejeki ya ngombe2.
Kuliah jadi ndak menarik ( disamping memory otakku ndak iso nangkep pelajarane, suasanane juga mboseni ) pilih nongkrong neng malioboro ( nek ada kesempatan dan sangune cukup iso mampir neng sarkem )
Timbang neng kampus ketemu kanca mung ngomongke sing mboseni : mekanika teknik,boiler,aliran 2 fase mending nyawang –ngobrol karo mbak kana utawa mbak pinah ora mumet tur iso ngeloni sisan.

Wis mesti itu semua bukan kelakuan apik sing bisa dicontoh ,sebuah jalan yg ndak populer.
Ning kadang-kadang dalam hidup, kita harus melewati fase sing kaya gitu.
Fase yg akan memperlebar cakrawala pandangan dan mempertebal pemahaman kita thd sesama.
Orang lain mungkin berpendapat bahwa fase itu adalah saat yg penuh kesia-siaan, penuh dosa,kotor dsb, bahkan akan mencibirnya mungkin.

Dalam banyak hal menempuh jalan yg tak populer adalah berat dan penuh resiko.
Berlainan dgn jalan umum yg lurus cenderung nyaman dan aman ( sekolah sing pinter----sregep sinau-----bergaul karo cah sekolahan ---juga orasah neko2 --- dadi wong alim ----terus kerja sesuai bidangnya dan seterusnya )
Tapi disamping resiko yg ada ,pilihan hidup yg ndak populer juga menawarkan kelebihan –kelebihan dan daya tarik.
Disamping tantangan yg memang sesuai naluri manusia ,jalan yg ndak populer juga memberi kita pengalaman yg luar biasa ( pengalaman spiritual sampai seksual ) dan kekayaan batin melimpah.
Pengalaman dan kekayaan batin ini nek menurut saya mahal harganya mas, ndak bisa kita dapatkan kalau kita cuman berani manjalani hidup sebagaimana seharusnya, sesuai tuntunan yg umum-umum.

Pengalaman dan kekayaan batin ini membuat kita lebih paham dan dalam untuk menghayati kesejatian urip :
- bukankah rasa syukur atas rejeki yg kita miliki ndak akan sebesar mereka yg pernah kelaparan ?
- bukankah penyesalan kita tak sedalam mereka yg telah menyadari kesalahannya ?

“ Ndak ada yg benar2 baik dan benar2 buruk neng ndonya ini,menyenangkan ataupun menyedihkan kejadian yg kita alami , semua pasti berguna selama kita mencermatinya


salam

yayonargianto@plasa.com

Senin, 25 Februari 2008

Wong Apik



Ndak selalu keterlambatan itu menjengkelkan, buktinya saben sepur senja solo kawanan tekan kutoarjo saya masih bisa menikmati kok,malah sok-sok dalam hati saya nunggu je . Ngenteni kemunculan bencong pengamen nyanyi sepanjang kutoarjo-jogja.

Bukan karena sensual-maskulinitas yg bikin saya tertarik , bukan juga karena saya punya orientasi trans-sexual.Ning amarga tiap ngliat penampilan ( dgn bahu terbuka dan dan belahan dada sing mintip-mintip ) dan ndengerin nyanyiane saya dadi kelingan sama mas yanto ( sekedar sebutan saya , biarlah saya dan gusti pangeran yg tahu jeneng asline ) , yang saya kenal di jogja 17 tahun lalu.

Cuman sampeyan jgn membayangkan bahwa ada kemiripan fisik antara mas yanto ini dgn bencong tsb, ndak mas, kliru itu.
( apalagi nek sampeyan ngira mbiyen saya punya hubungan intens dgn bencong, aja mbayangke ngono ya mas ).

Hal yg menghubungkan realitas bencong di sepur senja solo dgn memory masa lalu saya ttg mas yanto adalah soal atribut atawa kemasannya.

Jaman sekarang inikan karena wis duwurnya ngilmu marketing orang-orang maka semuanya harus memenuhi kaidah marketing termasuk dalam hal kemasan.
Ora peduli apakah sesuatu itu apik ataupun bosok, indah maupun ora mbejaji, nyata2 kita butuhkan ataupun masuk pareto yg kesekian ,nek ngemasnya baik dan menarik tur dikomunikasikan terus menerus sampai wong mblenger,bisa jadi akan disenengi orang bahkan bisa bikin tiba-tiba kita merasa membutuhkannya.

Coba biarkan imaginasi sampeyan memutar pertunjukan bencong itu, dgn busana mencolok ( yg bisa bikin naluri purba kita menggeliat ) mengemas body nya yg berkarakter ganda ( atas feminim dgn bagian bawah yg maskulin ) juga atribut aksesorisnya sing ngejreng.
Dengerkan alunan nyanyiannya, susah payah dia coba nutupi suara biologis lanangnya dgn kemasan suara kemayunya.
Dan kami tertawa menikmatinya.

Pokoke agar bisa menarik perhatian dan punya kemampuan mempengaruhi pikiran dan niatan belanja khalayak maka “you punya produk mesti dikemas apik dan atraktif plus komunikasi yg tiada hendi “ jare rencang kantor
( yg biasanya terus disambung omongan soal eksekusi,masketing mix,kros seling tekan kastomer nit-nitan lainnya ) .

Mirip jualan barang ,perilaku kita dalam jagad persrawungan juga kebak dgn trik-trik tengkulak. Ben urip dan cita-cita lancar maka tabiat, tindak-tanduk,pangucapan kudu ditata lan dikemas sak apik-apike
( soal niatan jroning ati sih mbuh ).

Kemasan luar gerak hidup kita harus bisa memperlihatkan nek kita ini wong sing berkelas,pinter-cerdik,sopan, alim dan punya komitment thd kebenaran dan kebaikan terus jangan lupa tutur katanyapun kudu terasa teduh.

Wis to semua nilai-nilai luhur bakalan tercermin dalam diri kita.

Nah dalam hal mas yanto, sepanjang ingatanku teori2 marketing perilaku duniawi itu ndak ada artinya lagi, ora di gagas sama dia.

Wong justru dia makai baju sekuler yg kumal buat nutupi kesantunan hatinya.
Kayaknya semua moncering penilaian orang wis ndak menarik hatinya lagi.Justru seolah dia berusaha meng-kriet citra sebagai cah sing ora nggenah,rusak lan jauh dari norma.

Tak kasih contoh beberapa kelakuan dia sing aneh :
( yg ndak mudah saya pahami saat itu )

- Ketoke ndak ada yg pernah ngliat dia sholat,sok-sok malah terkesan nglecehkan agama kok,

“ ra sah ngajak jumatan, aku arep dolan neng sarkem ( bursa lendir -pasar kembang jogja )”

“ shalat?, kayak sesuk wis arep kiamat wae “

baru kemudian saya tahu kalau dia slalu nyari tempat jumatan sing adoh ( kadang neng gamping,tempel malah tekan mbantul barang ) ben ndak ada yg tau kalau dia jumatan,trus nek shalat kamare ditutup rapet jadi sampai dia pergi cuman saya yg ngerti nek dia shalat.

- Paling seneng dia malam2 main ke tempat2 sing serem : sarkem,sekitar kridosono, kos-kosan sekaligus penampungan cewek di kricak kidul, nongkrong di depan BI seberang shoping.

wah nek crita soal lokalisasi gayeng tenan.

Ning ternyata berdasar info mbak kana di sarkem, tibake mas yanto ndak pernah sekalipun ngamar ( tiwas saya ngira punya teman yg sehoby ) melu omben-omben saja ndak mau kok ,tapi srawunge sama penghuni sana apik tenan.

- Wis tau lho dia malak bocah tukang semir sing tidur di senisono, duwite diambil sewu limangatus, bocahe wedi banget nganti nangis , saya sama temenku yg ada disitu ndak tega, mesake banget,tapi mas yanto malah ngguyu “ lumayan iso dinggo tuku udud “.

Minggu berikutnya wektu ketemu, bocah itu crita nek duwite memang diambil sewu limangatus tapi nggon kotak itu dileboni duwit sepuluh ewu.

(kenangan ini membekas banget karena kalau ndak salah mirip banget sama tulisan Danarto di Tempo “ Pemberian yg baik “ sekitar tahun 80-90 an juga )

- Setiakawane gede banget pernah saya pengin banget nonton bioskop tapi kita sama2 ndak punya duwit, ( bukan kebetulan karena memang kami lebih sering ndak punya duwit ) siangnya dia jual kasur sama sprei di kos nya, jam tiga kami wis neng njero bioskop soboharsono malah nganggo sangu sego bandeng barang.

Ndak pernah secara terus terang mas yanto ngomong soal keyataan dibalik kelakuannya itu, dan saya juga ndak bilang kalau saya sedikit tahu rahasianya.

Cuman wis tau sekilas dia ngucap “ dadi wong apik itu ora gampang “

Bertahun saya coba ngonceki gunemane mas yanto, angel tenan tibake.

Otakku yg kecepatan aksesnya tergolong rendah cuman bisa ngira-ira :
“ saat keinginan jadi orang baik itu menggebu-nggebu ,akan banyak kemunafikan,kepalsuan dan rasa tinggi hati yg tersembunyi dibalik kesantunan dan kepintaran kita.”

Salam
yayon-kerepalur

Bungkus




Jadi orang sing disiplin kayak saya ini ( meski cuman dlm hal jam pulang ) memang banyak untungnya.Mulih kerja slalu tepat waktu, jam setengah lima wis teng siap jalan,ndak aneh kalau sampai rumah masih sore.

Masih bisa nonton infotenmen,ndengerin gosip selebritis dan ora lali berusaha bisa nonton sinetron suami2 takut istri.

Gampang buat saya untuk menyenangi sinetron ini, ceritanya lucu, trus karakter tokoh2nya terasa akrap, kayak sering taklihat di.sekitarku.

Jadi nonton sinetron suami2 takut istri seperti neng ngarep jendela menyimak sifat orang sing lewat .

Ngguyokake sekaligus bikin ngelus dada, dari sekian keluarga terhormat kok malah cuman Pak dadang si satpam yg bisa jadi suami utuh.

Lepas dari kemampuan penghasilannya ataupun aktivitas poligaminya , mung pak satpam itu yg bisa punya wibawa di keluarganya. Cuman dia yang bisa berdiri tegak di depan istri-istrinya.

Yang lain ? wak kaya tumo kupret, ndak kajen sama sekali di depan istri.

Penampilan sih kayak kelas menengah, terpelajar ning sama sekali ndak berdaya buat mimpin keluarga.

Gambaran sandiwara itu meh persis dgn apa yg taklihat sehari-hari, karakter kepura-puraan membungkus ketidakberdayaannya.

Sering kali kepalsuan lebih kita kedepankan dibanding kejernihan batin kita kan ?.

Atas nama prestis,kewibawaan ataupun profesi ndak jarang kita nglakuin hal2 sing neko2. Lha yg lebih aneh semakin pinter kita, semakin tinggi pendidikan kita kerep banget diikuti dgn makin kreatifnya kita berpura-pura.Pura2 bahwa kita serius, pura2 berwibawa, pura2 alim.

Salah satu ciri yg jelas adalah kita jadi gandrung banget dgn bungkus atawa kemasan.Pakai kata2 yg manis ning kadang gawe jengkel dan nylekit, gampang peduli atas persoalan wong nduwure tapi babar blas ndak nggagas problem orang di bawahnya, dalam pergaulan selerane di ujo seolah itu sudah standar gaya hidupnya walaupun direwangi mangan indomi neng omahe.

Wis pokoke seolah kita punya kepribadian ganda.

Neng njaba terlihat seperti pahlawan dgn segala kekuasaanya tapi di rumah persis seperti boneka, ora duwe kewenangan blas.

Bisa saja di luar penampilane persis ulama, pendeta ataupun orang bijak lainya dgn segala petuah ataupun nasehatnya ning jangan kaget kalau istri,anak ataupun orang2 terdekatnya malah ndak pernah percaya sama dia.

Jadi ya ndak aneh nek kita sering liat artis sing pinter gawe lagu romantis malah ditinggal minggat pacar. Atau wong sing kayaknya terlihat digandrungi cewek2 dan pinter ngomong ndakik-ndakik soal cinta malah ditinggal selingkuh istrinya.

Urip dgn dunia dobel sing saling bertolak belakang rasa-rasanya akan makin banyak kita temui .

Sore kemarin sambil mangan onde2 dan nyruput the panas bikinan ibu, saya ngeling-eling , gek-gek selama ini justru saya wis biasa dgn tingkah kepura-puraan dan kemunafikan.Jangan-jangan kepalsuan dan kebohongan itu bukan sekedar bungkus tataran sosial kita , tapi sudah jadi sunsum spiritualisme kita ya.

Coba saja sampeyan penggalih :

- begitu rajin kita menyembah Nya, sampai lupa kenal orang lain yg diciptakanNya juga

- sregep banget kita mohon ampunanNya, cuman anehnya ndak pernah terlihat rasa bersalah dalam kata dan perilaku kita apalagi penyesalan kepada sesama

- Ndak keitung kita ngucapin syukur atas anugerah-rahmatNya, ning tak sekejap pun kita rumangsa cukup dan puas dgn yg kita miliki isine mung kurangggggg terus


Muga2 kita semua bisa saling ngelingke dan bisa dielingke

Salam

Solo 22 Pebruari 2008