Rabu, 09 September 2009

gundul : sugih urip

sebagaimana balung saya sing memang duwe DNA klas sudra

( malah mungkin paria kali ya ),
wis jamak lumrahe nek sebagian besar sisi urip saya
ya mung berkisar sekitar karakter2 kampungan.
susah payah saya nyoba nggaya,
baik macak lan bertingkah kaya wong kutha sing wis mangan sekolahan,
kok ya tetap saja

aroma inlander goblog saya itu ndak bisa ditutup-tutupi.

Anggere bar nampa blanja, takcoba jajan panganan neng mall, 
tapi rasane kok janggal dan wagu, 
ndak cocok antara model dapurku sama panganan sing taktuku.

Dadine memang pungkasane rembug, saya mesti wani bercermin ,
kudu ngrumangsani sapa sira sapa ingsun.


Mungkin kanggo sebagian priyayi nom-nomam,
konteks “ ngrumangsani “ saya ini
bisa jadi dianggep refleksi dari pesimisme ,
lan jiwa kerdil sing lahir dari mental terjajah

tanpa cita2 buat nggegayuh mukti lan wibawane urip.
Bukan Mental pemenang utawa wong kalahan
.
Bisa jadi itu bener mas, 
saya pribadi juga ora arep ngecuprus

nganti muncrat idu saya buat menyanggah argumen itu,
wis tho takakoni bener tenan mas.


wong memang cita-cita

sama gegayuhan saya ini juga ndak patek duwur kok mas.
malah-malah bisa jadi ora mutu babarblas.

Ora sithik lho mas,

rencang saya ki ngarani nek urip lan gegayuhan saya itu
mung dilandasi sluman-slumun-slamet thok.
Berpikir jangka pendek, 
ndak terlalu ketat terikat sama pepinginan ,

sing penting nggayuh hayuning bebrayan.
Cekak aose kanggo saya ini :
tentreming ati plus keharmonian sama sekitare itu dadi tujuan urip saya.
wis mung itu mas pepenginan saya.


Nah sejalan sama trah saya ,

aktivitas rileks saya juga simple banget,
mung seputaran anak sama ibune bocah2.



Gojekan sama bocah-bocah,
terus dolan sakomah mlaku2
dan tentunya ya ngeloni ibune bocah2 
( kegiatan sing nyenengke, wis masuk tataran ngibadah,

murah tur penak sisan,
neng awak juga marai rileks dan turune dadi angler )
.


Setu sore sambil leyeh-leyeh nglekar neng kloso mangku 3 tuyul ,
( sing dipercayakake Gusti Pangeran buat saya gulawentah )
sak omah nonton tv bareng

Senajan tv saya tukune utangan,
ning ternyata siarane sama gambare juga ndak beda sama tv larang
sing dibeli pakai uang cash-kaya wong2 sugih kae


wong atase kuate mung ngutang kayak saya wae
iso menikmati hiburan pada karo priyayi sing duwite akeh ,
bareng sak omah meneh.


Bocah2 senenge kartun sama laptop si unyil ,
apameneh nek lokasine daerah sing bocah2 kenal, 


ibune kaya lumarahe wong wedok liyane
rada nggathok nek sama sinetron
( kaya bu rara sing daleme mburi garuda jogja kae,

remen banget mirsani melati untuk marvel
).

Pas nonton bareng sama bocah2 itulah,
ana kesenangan sing kudu saya ampet,
mesti saya tunda dulu yaitu nonton infotainment.

ora papa ,
mengko nek wayahe bocah2 adus iso nyetel meneh.


Wis mesti tontonan sing saya selalu enteni ya acara neng trans pitu,
jejak si gundul.
Anggere nonton acara kuwi saya kok kaya diajak nyantrik

lan ngukur jembare ndonya sanubari.


Perjalane si gundul nrabas desa,
nemoni bermacam profesi dan kahanan sing ana,
nyinau kanti laku pagawean

sing mungkin krasa asing kanggo wong liya,
dadi ora mung nonton wong mecahi watu

neng ereng-erenge merapi thok,

ning ya gelem ngrasakke tangane mlicet

merga nyekel palu karo ngangkat watu,
gelem kesleo diblandangke jaran, 
ora jijik kecipratan tletong sapi lan kebo 
kanggo saya itu  mujudake krentege ati kang tansah kapang ( kangen )

marang kesejatiane urip.

Lakune si gundul nekani pelosoking desa

supaya bisa ngerti lan paham dalan urip sing mesti dilakoni ,
dalan urip sing adoh saka kenikmatan kaya sing kita rasakan.

Laku urip sing kacipta dening sangkan paraning dumadi.
Laku urip sing kudune tansah saya sinauni.


Neng njero ati saya mbatin, 
kapan saya  belajar ttg keragaman hidup kayak si gundul ?  ,
wong selama ini saya ndak mau srawung sama kenyataan


apa sing bakal  saya critakan buat 3 tuyul saya ?
kalau pengalaman urip saya cuman seputaran slogan  saja.


Apa sing bakal saya banggakan ?
jika jagad ginelar ini cuman saya pahami dari angka-angka 


Apa sanggup saya nanti maca kersane Gusti ?
 wong kawruh batin saya ttg kehidupan sesama wae

mung cupet banget kok


Gundul,gundul
!!
kadang saya dadi nggetuni kealpaan saya mengeja aksara batin

sing wis cemepak


Panyuwun kulo duh Gusti
:
Mugi-mugi sedaya anak kula tansah bisa sinau urip, 
tansah bisa nggayuh kawruhe bebrayan.
Mboten mung nguja urip sing sugih, ning ya nduwe sugih urip
 
************************************************************************************

Ilmu iku,kelakone kanthi laku,
Lekase lawan kas, tegese kas nyantosani.
Setya budya pangekesing dur angkara


(Serat Wedatama)




Rabu, 03 Juni 2009

seneng saru

Ana randa manggon ngarep omahku
yen ‘ruh aku, deweke ngguya-ngguyu
Yen dheke ngerti aku namatke
carane mlaku soyo digawe-gawe

Kira-kira umure seket pitu
wis meh pada karo yuswane Ibu
Aku ra ngerti apa karepe
saben sore aku dikirimi roti

Suwe-suwe atiku soyo mundak bingung
kudu-kudu kepingin nyang omahe, ouh
…….

( sak eling saya sih sing nyanyi Mus Mulyadi)
Ha mbok wani sumpah mas,
ora merga saya ndak ngajeni teman yg ngajak ngobrol bal-balan,
ning memang saya itu ndak ngerti dan ndak mudeng babar-blas je.
Sejatine saya wis berusaha buat seneng
dan kepengin ngerti soal olah raga mligine balbalan,
tapi ya itu ,
abot tenan saya berjuang untuk ngalahke
perasaan ndak tertarik sama bal-balan.
Saben nyekel koran,
ndak pernah ana krenteg saya buat maca brita olah raga,
meski gambare dan gol-e jare menarik
tetep wae ora mbikin saya buat mbukak halaman itu.
mesti bablas taktinggal.
Jadi memang tak pernah saya nduwe niat golek brita olah raga, 
mbuh itu di koran,tabloid ataupun internet.

Rasanya, luwih gampang saya mengingat selebritis yg lagi mau cerai,
yang lagi selingkuh dan yang lagi kena kasus,
dibanding ngeling-eling pemain MU apalagi Inter

Dan lagi intrik-intrik sesama artis di infotenmen
ketok-e kok lebih menarik perhatian saya tinimbang gol-gol sing terjadi

Apalagi saiki wis akeh internet, gampang golek info
murah meneh.

Dadi kelingan jaman rampung sekolah mbiyen.
Wektu saya tekan jakarta buat adol awak,
jenenge wong ndeso mas, akeh banget hal baru sing takdelok.
Wiwit saka gaya hidup sing aneh, blanja sing akeh,
dolan tanpa genah tujuane,
nganti teknologi sing anyar ( setidaknya kanggo saya lho )
saya dadi ngerti lan ngrasakke nyekel internet , 
seneng tenan, iso maca banyak hal, iso nambah pangertosan saya
iso ngerti brita, .
kecuali siji ,
tetep wae ora tau maca brita olah raga
Wiwit itu meskipun cuman nganggo fasilitas kantor,
saya rutin mbukak internet.
Dan sing wis pirang-pirang tahun ora nate saya tinggal,
ya itu mas,
mbukak google buat nggolek crita-crita seru,
ana 17tahun.com,ccs,critosaru,story18,
jablayonline,artisxx,orlinggo akeh tenan.
Anggere saya lagi maca crita itu ,iso marahi lali kabeh,
awak dadi rada anget, ambegan saya tambah cepet.
Sekian akehe crita seru sing uwis,isih dan kepengin tetep saya waca, 
crita syur dewasa sing tokohe setengah baya klebu crita paporit saya.
Crita seru  ttg ibu kost bolak-balik saya baca,
bu yuli, ibu guruku maniak,bi inah pembantuku
kisah bu halimah ,saya dadi merem melek,
apa meneh soal bu lestari, marem banget saya mbacanya
( Nek teman saya sing daleme kartosura
kabare remen sanget maos crita istri muda sekdes ,
mungkin crita itu rada dekat dengan memory asmaranya ya )

Mbaca crita seru kadang mbikin memory fantasi saya mabur
neng awang-awang, nyenengke tenan.
Iso mbayangke seolah saya sing lagi nglakoni crita itu,
seolah syahwat asli saya terlampiaskan neng njerone fiksi itu.
koyo-koyone dadi pinter nyumet birahine wanita sing wis stw
dan perselingkuhan dadi kenikmatan sing gampang banget dilakoni
Entah mengapa ya mas,imajinasi saya
tentang sensualitas wanita setengah baya itu begitu berkobar.
bayangan tentang body stw  sing padet, sintal,
pakulitane resik dan tentunya aura asmara sing berkilau
jan sangat menggugah indera libido saya.
Pokokke citra kematangan wanita
sangat membekas neng jroning bawah sadar saya.
Sehingga mesti wae bukan sesuatu sing aneh
nek cita rasa terhadap wanita saya mungkin rada beda sama sampeyan.
Ndak normalkah saya?
Mbuh saya sendiri juga ora ngerti, malah sok-sok ya ora perduli.
Oedipus complex mungkin ya saya ini ?
Dus meski mungkin tampilan cover saya ini terlihat galak dan polos
ning sejatine pikiran mesum saya itu sangat luas dan berwarna-warna.
Nah kadang sakjane saya ya rada minder dan rumangsa dosa,
bahwa sekian waktu saya telah ngopeni dan nggedhekake
sisi mesum dalam diri saya.
Sisi hitam sing mungkin iso gawe wirang saya.
Sisi gelap sing setengah mati coba saya tutup-tutupi.
Sampai kemudian saya dadi luwih paham.
Bahwa justru pikiran mesum itu iso dadi pengontrol saya.
Menjadi sarana saya untuk lebih sumarah dan bersyukur
dumateng Pengeran sing Gawe urip.
Kemesuman pikiran membuat saya jadi paham
betapa tebal kekotoran batin yang saya punya.
Kemesuman sedikit banyak telah mengurangi "hak saya"
untuk merasa bersih dan benar,
dan ngrumangsane nek saya ora luwih resik tinimbang wong liya
Dan kemesuman yang saya punya menjadikan saya
kehilangan kewenangan
untuk menuntut kesempurnaan batin pihak lain
Ning sampai saat ini saya tetep sayang 
dan setia sama istri saya lho mas,
meski dia sepuluh tahun sak ngisorku

Salam-Kerepalaur


Nb.gambar saya ambil dari kaskus,belum minta ijin dulu

Rabu, 15 April 2009

rada bingung

kerep lho mas, kanca saya sing kondang ngelmune, paring pitutur sama saya :

jane urip ki ya ora gampang banget ning ya sakjane ora iso diarani angel tenan, kabeh kuwi mung gumantung karo cara mikir awake dewe wae.

Nek olehe mikir ki angel, isine mung wedi terus ya mesti wae nglakoni urip ki ya abot, ning coba nek iso nentremke pikir , iso ngentengke pikiran ( bahasa wong pintere “ bisa membikin simple pola pikir kita “), jarene kanca saya mau “ hidup ini akan terasa sederhana ndak ada sing rumit, mudah buat di-handle”.

Memang sih timbang mikirke sing abot-abot luwih penak nek digawe simpel wae, ora usah njlimet-njlimet.

Wong malah sok-sok angger persoalan ki dipikir-pikir lan ditimbang-timbang terlalu detil lan njlimet marahi tambah ruwet, tambah angel malah iso dadi eyel-eyelan lan padu je.

Mbiyen akeh sing eyel-eyelan subsidi apa sing pas kanggo wong cilik supaya iso ngurangi beban uripe.

Diwenehi subsidi bbm supaya rega bensin solar rada murah, sing nganggo wong-wong sugih sing nduwe mobil, malah akeh sing diselundupke.

Dus hak-e wong cilik akhire dirayah karo wong-wong pinter sing minteri.

Digawe gampang,timbang subsidine diakali karo para priyayi rakus, mending wong cilik diwenehi duwit wae, iso kanggo mbantu blanja.

Praktis lan luwih fleksibel penggunaane, kaya wong nek kawinan jaman sakiki, wis ora ngarep-ngarep kado gelas apa manci, ora kepengin disumbang beras , gula lan kopi, wis emoh.

Njaluke disumbang duwit, nganti wanti-wanti ditulis neng undangane aja nyumbang kembang,kado apa maneh mung ucapan selamat, duwit mas!, duwit!

Gandeng saya ini rak yo ngrumangsani nek kualitas dan kapasitas pikiran saya ini klebu cupet, ibarate klambi ya ukurane “s banget “, saya berusaha ngestokake pituture kanca saya tsb.

Kabeh berusaha takpikir kanti cara sing sederhana, supaya dadi gampang dan ndak ngabisin memori utek sing pancen lelet ini.

Akeh sing iso saya lalui, urip dadi krasa luwih enteng,keinginan-keinginan dadi lebih mudah terpenuhi,

wong mergane keinginan-keinginan sing muncul ya dadi sederhana banget kok .

Cuman memang sudah hukume ndoya, ara ana sing mutlak, kabeh serba relatif.

Semua mesti dipengaruhi sama ruang dan waktu,mung Gusti Pangeran sing bener-bener bebas nilai dan independent.

Tibak-e ndak semua iso saya sederhanakan,

sering banget ati lan pikiran saya dadi bingung lan ragu.

Mbuh kuwi kedadian sing memang langsung saya liat ataupun mung kabar sing ana neng mas media, sering mbingungke saya mas.

Kaya sing wengi tak-alami mas.

Niat ati kepengin iso ngamal sodakoh marang wong sing luwih mlarat utawa sing uripe sengsara,

angger arep liwat neng lampu bangjo panggung njebres saya wis nyiapke duwit limangatusan utawa sewu ,

ning kok mesti saya dadi ragu ngelungke duwit mau buat bocah-bocah sing ngemis mau,

lha kepiya ndak ragu mas, profesine sih ngemis ning gawanane hp sing modele larang,

sampe isin saya mas nek ngetoke hp saya, ketok jadul banget,

ora ana apa-apane dibanding hp-ne bocah-bocah mau.

Jane ki mereka itu yang miskin, apa justru saya sing luwih mlarat to mas ?

Malah ana lho ,

priyayi saknjabane solo sing omahe antarane solo-sragen,

saben ndina numpak prameks , buat dinas ngemis neng jogja,

Nek wis sore iso nglumpuk satus sewidak ewu, apes-apese 90 ewu entuk mas.

Omahe wis dibangun,

saiki lagi nggawek-ake omah buat anake wedok,

antar-jemput stasiune nganggo motor honda anyar.

Gawe meri kondektur prameks sing wis pulahan tahun kerja.,

lha nek kayak gitu terus sapa sing kudu mbayar zakat lan sedekah ?,priyayi ngemis mau apa kondekture coba?.

Nah sing luwih mbingungke saya itu ya kedadian sing anyar ini, akeh politikus sing kalah sama artis.

Timbang nyontreng politikus masyarakat luwih percaya sama artis..

Tibakke wong-wong parte sing wis tahunan ngurus politik lan pinter ngomong itu ndak punya akar pengaruh neng masyarakat.

Oalah. Ndoya-ndonya.

Dadi , jaman saiki ini dadi artis itu memang cita-cita sing duwur gengsine.

Ora kaya mbiyen. artis identik sama ledhek sing mung berfungsi buat penghibur para priyayi, hiburan kultural maupun seksual. Artis jaman saiki iso dadi jembatan emas kanggo mlumpat neng propesi lain :

arep dadi politikus ?gampang wong wis dikenal banget sama masyarakat tur ya modale nduwe akeh,

pengin dadi pejabat? kecil mas, ketenaran sama kekayaane iso buat ngragati kabeh

Artis itu memang top kok,

malah saiki keh kok artis sing rumangsa luwih ngerti urusan agama tinimbang ulama,

rumangsa luwih pinter tinimbang ilmuwan.

Coba, umpamane body saya rada atletis, pakulitane kuning resik, dan rai saya bernuansa indo, wah mbiyen mesti punya kans dadi artis, mungkin wingi nama saya iso melu dicontreng.

salam

yayon-kerepalur

Nb. gambarnya toilet THR Sriwedari Solo.

Selasa, 10 Maret 2009

cakil, mbengok-a


Saya suwe nek taksawang-sawang,tambah akeh wae wong jakarta sing niliki tanah asale.
Saben saya mulih dina jumat numpak senja utama saka jatinegara,
terasa banget nek sepure selalu kebak, arang ana kursi sing kosong.

Beberapa kali saya nguping obrolane penumpang itu,
ana sing wis setahun iki iso mulih solo telung sasi pisan,
ana juga sing meh saben sasi mulih neng solo.

Lha ndelok perkembangane solo ya memper nek tambah akeh sing krasan lan kangen mulih,
wong meh apa wae sing ana neng jakarta iso digoleki neng solo kok,
mal ana, kafe ya akeh,
hot spot seabrek-abrek,

malah ana pernak-pernik solo sing rada angel golek-golekane neng jakarta lan kutha gede liyane,
misale wedangan,
nek wedangan secara fisik mungkin ana neng jakarta,
ning sisi non fisikke ora pada, muatan sosial lan spirite beda mas,
dus cakrawala mareme ati ya dadi seje.
Wedangan solo ki pada persis sama wedangane jogja, wong pada-pada tembayate kok.

Terus warung susu segar sing teng tlecek neng solo,
liya kutha angel banget nemok-ke warung kuwi,
apa meneh susu she jack, wis solo banget coy.

Durung thengklenge, selat-e, brambang asem-e,
ngangeni tenan.

Sambil lendhetan cagak thing, neng samping-e brompit,
saya mbayangke betapa banyak sisi solo sing wis saya lalek-ke,

wis suwe tenan saya ndak nonton jaran-dor,
sudah pirang-pirang tahun saya ndak weruh tobong ketoprak.

Lha kok mak jegagik saya njur kangen sama wayang wong sriwedari,
pengin iso nonton meneh goro-gorone pak mrajak cs.

Pancen cilikan saya mbiyen seneng banget nonton ketoprak sama wayang wong,
Angere lakone panji asmara bangun, wah mantep tenan ,
gandrung tenan saya sama panji asmara bangun itu,
lha satriyo bagus tur nek nembang ngrayu galuh candrakirana ki gandem tenan je.

Beda sama ketoprak ,
wayang wong sing tekan sak-iki isih berkesan banget kanggo saya justru dudu satriyo sing bagus atawa pinter ngrayu,
ning malah golongane buta sing rupane ora bagus babarblas,
buto cakil.
raine rada nggilani ,
cangkeme maju banget, untune metu kabeh,
mungkin mbiyene ki pranaan buta sama celeng kali ya.

Buto cakil ki nek ngomong nreces cepet banget, tanpa titik koma,
tur mestine ya muncrat idune.
Pawakane langsing,
mulane cakil ki nek njoget lan perang lincah banget , nggawa gaman keris luk telu las.
ciri khas liyane saka cakil kuwi metune mung sedelo neng adegan perang kembang tur mesti mati,
kalah sama satriyo rupawan.

Saya dewe ndak begitu paham cakil kuwi merupakan tokoh tertentu ataukah cuman simbol perlambang tertentu.

Wong nek diarani tokoh kok mesti mati tur sing mateni gonta-ganti.
Nek simbol ki lha njuk simbol apa,

aja-aja cakil kuwi malah karakter dasar sing pasti ana neng saben uwong,
karakter celeng sekaligus buta sing tanpa kita sadari wis ngancani gerak tubuh lan olah rasane kita.

Cakil adalah salah satu pelakon urip sing ora dianggep,
seolah mung dadi sarana kanggo satriyo ngetok-ke kasekten lan ngilmune,
saben metu mesti terus mati,
tur sing mateni gonta ganti,

luwih cilaka meneh ora tahu ana sing nangisi lan nggetuni matine cakil
sapa lan kepriye cakil nglakoni urip ora penting,
omongane wae ora tau dirungokke , apameneh pendapate ora digagas babarblas.

Sadar ora sadar jan-jane lakon tak populer buto cakil ini ana akeh lho di sekitar kita.
Wong urip kita ini rak ya ruwet tenan tho.
Ganti-ganti peran sing kudu awake dewe lakoni,

sok-sok dina iki kita dadi buto cakil sing diremehkan wong liya,
sing digethingi wong akeh,
sing digeguyu merga rupa,penampilan ataupun cara uripe beda banget sama standar-standar sing dianggap umum.

Dadi buto cakil sing kehadiran lan kekurangane dibutuhkan banget , supaya sang satriyo bagus makin nampak bersinar.

Ning ya ngati-ati mas,
liya wektu mungkin kita-kita ini malah dadi “ nyakil-ke / mbuto cakile-ke “ wong liya lho mas.
nganggep nek wong liya ki ora perlu dirungokke omongane,
njijiki bin nggilani
ora perlu digagas perasaane,
ora perlu diajeni keberadaane
ra sah digolek-i ilang-e

Bisa jadi dendam history masa lalu ndadek-ke karakter keji sing terbungkus wajah tampan kita muncul dalam perilaku santun sekaligus menindas.

Perilaku satriyo bagus sing kudu mateni cakil

Ada saatnya mbesuk kita akan mengorbankan cakil-cakil sing ana neng sikitare kita,
demi kesuksesan urip kita.

Kanggo saya buto cakil kuwi mewakili sisi ke-takberdayaan dan ke-takramahan perlakuan urip.
Ke-takberdayaan dari wong-wong cilik sing ndak bisa berbuat apa-apa atas skenario struktural maupun kultural sing ana neng masyarakat.

Tak berdaya merga memang ora iso nyuwara-ke kepentingan lan keinginan-e,
tak berdaya karena memang aturan main urip digawe cuman buat mengakomodir wong-wong sing pinter ngomong,
sing pinter berargumentasi,
dan tentune sing mbengok-e banter.

Yakin tenan saya mas,
nek selama ini dalam pergaulan kereb banget saya " nyakil-ke "wong liya.
Sering banget saya mengukur penting-orane uwong cuman berdasar omongane dan argumene saja.
Dan wis ora keitung saya meng-abaikan lan ora nganggep orang lain mung merga dia ndak pinter bicara,
ndak menarik omongan-nya
dan ndak banter mbengok-ke.

Umpamane , saya masih iso sinau buat mengenali sedulur –sedulur yg lain,
Iso sinau maca sorot mata lan roman wajah wong liya.
Lan iso sinau ngrungokke suwara sing ora muni saka ati sing paling resik.
Mungkin saya bisa terhindar dari “ nyakil-ke “ wong liya,
dan bisa ngajeni wong liya kanti ati sing tulus

salam
yayon-kerepalur

Senin, 09 Maret 2009

isih udud

Ya senajan hampir di semua tempat,ruang gerak kami selalu dibatasi,
ning sebagai jamaah ahli hisap, saya tetep setia dengan kegemaran ngrokok saya.
Wis meh limolas tahun taklakoni,
meskipun sakjane ya durung klebu ahli hisap sing aktip.
Wong ngrokok-e seminggu ora entek sebungkus ,
paling mung lima tekan sepuluh ler,
itu pun lebih sering merga njaluk kancane.

Dadine ya saya ndak terlalu panatik banget sama merk,
kancane nggowo gudang garem ya manut,
anane djarum ya ora nolak,
ditawani wismilak utawa djisamsu, wow maturnuwun banget.

Disamping faktor asal muasal rokok , hal lain sing mara-i ketidakpanatikan saya terhadap merk rokok adalah moment sing lagi saya rasakke.
Nek bar mangan sing rada pedes,
gudang garem filter adalah pilihan sing pas kanggo saya, krasa tenan gurihe.

Djisamsu sama wismilak kretek nduwe cita rasa sing mat banget,
cocok dinikmati neng suasane adem apa maneh sambil nyruput teh panas,
ndonya tambah endah tenan.

Nek pas situasine normal saya luwih seneng sama djarum black capucino,
ora patek abot ya ndak terlalu enteng, sedengan.

Di luar sisi negatip dan bahaya ngrokok,
kanggo saya sing srawunge sama wong-wong ndalan gini, rokok justru nduwe beragam manpangat, baik saka sisi sosial ekonomi tekan religi.
Rokok iso nguripi pirang-pirang wong ,
wiwit sedulur-sedulur saya saka temanggung sing nandur mbako ,
tekan para sederek buruh nglinting rokok,nganti asongan sing ider neng sepur ekonomi,
iso entuk sandang pangan saka rokok.

Saya dewe nek pas ngalamun, ngeling-ngeling dosa lan kelakuan elek,
juga tambah nikmat nek sambil ngrokok.
Ngrokok mbikin acara rengeng-rengeng dan introspeksi diri saya makin intens
dan nek entuk nyilih ungkapane wong –wong pinter kae :
rokok adalah bagian dari kesadaran spiritual saya.

Kaya pirang ndina kepungkur,
mung merga nyilih korek gas buat udud, rajutan paseduluran iso terjalin.
modal telung ler gudang garem wae saya iso ngobrol asik sama warga cilacap sing arep tindak kediri.
Crita ngalor ngidul kejadian sederhana sing wis dilakoni,
saka babagan taneman tegalan, kewan raja kaya, dongengan jaman mbiyen , nganti jiwa seni sing tetep umop meski umur wis tambah uzur.

Pas-pus, bal-bul ora krasa wis meh rong jam saya sama priyayi cilacap nggelar koran neng pojok kulon stasiun kutoarjo.
Akeh hal-hal anyar sing iso saya serap saka priyayi cilacap ini ( sing mungkin kanggone sampeyan bisa jadi ndak mutu ),
sithik akeh saya dikandhani itung-itungan pranata mangsa,
kapan saate ngluku lan nggaru sawah, tandur pari, ndaud, manen , milih jenis taneman ,
malah juga carane niteni anakan gudel sing apik.

Jan, ngrungokke dongengan sambil udud gudang garem memang asik tenan,
ora ngiro tenan nek bapakke saka cilacap ini paham crita mitos lan legenda banyumasan .
Ngerti dongengan nusa barong, babad pasir kadipaten pasirluhur sing mbiyen wos nate ana neng tlatah mbanyumas.

Nek mung crita soal bale sipanji lan adipati mrapat wae, wis apal banget.
Saka wewalere adipati wirasaba nganti persaingane klan arumbinang dan kolopaking, nganti nglothok tenan mas.

Apamaneh pas crito soal ronggeng jaman mbiyen ,
angan saya kaya mabur neng jamane srinthil kae.
Coba saya iso weruh langsung ronggeng jaman semono,
iso nyawang goyangane,
mbayangke ngelus githokke srinthil sing mulus
apameneh entuk kanugrahan ngrasak-ke bukak klambu,
wuih iso lali mulih ngomah.

Umpamane sepur kahuripan ora kesusu teka,
mestine luwih akeh meneh kawruh mbanyumasan sing bakal saya tampa.
Bakal akeh dongengan sing ngebak-i ingatan kerinduan akan akar tradisi urip.
Telung ler rokok saya iso nggawe rumakete pesrawungan,
iso memicu kesediaan buat bergaul atas hal-hal di luar konsep-konsep keseharian saya.

Nek jare teman saya mas Bambang saka Sagan : rokok itu sok-sok bisa menjadi wahana delivery antar tradisi dan antar budaya.

( saya sering ora dong karo bahasane mas bambang sing adiluhung banget itu ).

Ngrokok tibakke telah memudahkan saya buat ngangsu kawruh budaya saka sedulur-sedulur yg lain.
Dan nganti titiwanci ini saya isih seneng udud.


Sing saiki rada saya kuwatirke itu , kira-kira mbesuk-ke saya mampu ndak ya, ndongengke dan crita ke anak-anak saya tentang akar budaya kami ? kaya bappakke saka cilacap sing wis crita akeh sama saya


Salam Yayon-kerepalur


Nb. Ning mbok wani sumpah mas, ndak ada niatan saya buat ngajak-ajak yg lain ngrokok lho.

Selasa, 17 Februari 2009

bocah nakal


Wis beberapa dina iki istri saya sering pradul babagan bocah-bocah.

Kadang ttg tadya sing rewel ndak mau sedikitpun di tinggal,
kudu digendong utawa dikeloni terus.dadi repot,
arep ngeterke lan jemput sekolah mbakyune ora iso.
Liya dina masalah vaisa sing keras kepala seneng mbantah,
kerep bikin marah mas-nya,nek pakai baju angel, maunya sing sesuai sama pilihane.
Malah sing paling sering ngeluhke kelakuane vajra sing berantem neng sekolah,
kakehan main ps, ribut terus sama adiknya.

Intine ibune bocah-bocah itu mau ngomong betapa wis nakalnya anak-anak saya,
bikin repot tenan.

Tentune sebagai wong lanang sing ngrumangsani ora iso nunggoni bocah2 saben dina,
saya ya mung berusaha dadi pendengar sing sabar wae,
ora sah mbantah.
Sing penting bojo saya marem iso ngetok-e unek-uneke.

Jauh neng njero ati saya,
sakjane ya tetep ora setuju lan ora trima nek bocah-bocah dianggep nakal cuman karena kelakuan-kelakuan sing kayak gitu.

Wong wis jamak lumrahe ndonyane bocah-bocah kuwi lak kebak dengan rasa pengin tahu,
kebak dengan tindakan coba-coba.
Justru lewat cara seperti kuwi bocah iso belajar banyak hal sing bakal dadi bekal uripe mbesuk.

Dadi kita ya ndak bisa langsung menyimpulkan apik lan elekke ,
nakal lan alime bocah mung saka kelakuan-kelakuane saiki.

Nek saiki bocahe lagi seneng gelut,
ora berarti bocahe dadi nakal, mbesuke dadi wong kasar.

Justru gelut ki mertandani nek bocah ki gelem srawung,
kekancan lan lagi proses belajar ngrampungke persoalan.

Bisa jadi justru lewat gelut karo mungsuhe,
kroyokan karo kancane ,
bocah itu blajar ttg rasa percaya diri,
blajar ttg kesetiaan,
sinau ttg harga diri,
malah mungkin iso menghayati persahabatan sing tulus.

Nek sekarang bocah kok ndlitis, gawe rusak, utawa rewel penjaluke,
ora nutup kemungkinan bocah bakal duwe rasa ingin tahu sing gede,
luwih tliti atau mbesuke luwih kreatif lan duwe ide2 sing seger.

Saya kok justru luwih kawatir nek anak saya dadi :
- pendiam,
- anteng dan terlalu alim,
- clingus
- nurut terus sama saya,
- ora tau gelut,
- ora wani nyolong pelem,
- wedi adus kali,
- ndak pinter nge-les dan cari alasan buat ngapusi saya
- dan kenakalan lainnya,

wah nek seperti itu malah anak saya nanti dadi longa-longo kayak kebo,
ndak punya pengalaman,
ora nduwe pendirian,pengecut,

sing nguatiri meneh aja-aja malah kumat nakale mbesuk nek wis gedhe utawa tuwa.

Bukan berarti saya ndak kepengin anak saya dadi wong sing bener lan pener,
kepengin tenan saya mas.
Bener mas,
justru merga saya pengin bocah-bocah itu mbesuke iso uripe sing bener lan pener dilandesi agama lan norma –norma bebarayan sing utama,
maka saya kudu mendorong lan menehi kesempatan buat kenakalan mereka dan segala hal sing mungkin dianggep nerak sama wewaler,
sing penting saya mesti waspada, aja nganti mereka kebablasen.

Merga saya percaya banget nek dalan urip kuwi sing bener lan pener kuwi kudu digoleki lan disinauni kanthi laku.
Mesti dipelajari lewat pengalaman langsung,
ora mung semata-mata saka omongane wong liya.

Mungkin lewat buku, nasehat lan khotbah uwong iso ngerti endi sing bener, endi sing salah,
ning miturut saya itu rak mung sekedar kawruh, dudu ngelmu.
Beda penghayatane mas,
ora pada kematengane.

Sak plok-e srawung sama kanca-kanca seprana-seprena,
akeh contoh sing ngajarke pada saya betapa kenakalan kuwi memang sesuatu sing lumrah, natural banget.
Kenakalan sing cetha wela-wela ketok mata justru sesuatu sing aman,
merga iso dikontrol sama lingkunganne,
malah iso dadi bekal lan winih supaya mbesuk-e luwih bener lan pener uripe.

Contoh sing tak weruhi mbiyen mas bashir priyayi karanganom kae,
angger kancane lagi salat mesti digoda,
“ salat kok mung umak-umik “,
“ kuwi salat apa kademen ? “,
“ wong salat kok ngguya-ngguyu “
“ eh, rakaat mu isih kurang “

bareng sakiki wis duwe buntut, olehe salat iso tertib tenan,pasa ne ya ora tau bolong.
Ya mung sayange wektu semono mas bashir arang-arang wani nggodani cah wedok
( mungkin merga mbiyen wis tau mbeda bencong neng lor stasiun tugu, ora digagas karo benconge, dianggep cah cilik, malah ditakoni “ ana apa dik ?” ),
mula tekan sak-iki nek neng sepur ya arang-arang iso nyedaki cah wedok, kaku lan garing banget.

( Ora kaya priyayi mbanyuwangi sing urip neng jalan wonosari, angger ana penumpang sepur sing ayu tur klimis, mesti ditlateni, dioyak terus, direwangi ora turu, tekan esuk. )

Sebalik-e sing kudu diwedeni kuwi rak kenakalan sing tersembunyi neng pikiran lan relung ati,
apamaneh neng alam bawah sadare.
Jenis kenakalan sing ora iso direspon lan dikontrol karo lingkungane iki sok-sok ngagetke wong liya.
Akeh priyayi sing awit cilik ketoke pinter,alim,
suba-sita lan tutur katane alus, nentremake tenan,
ning uripe mung diisi sekolah lan sinau ,
ora tau srawung karo wong liya,
ora terbiasa berbagi karo kancane,
ora kulina ngadepi persoalan antar teman,

bareng gedhe mung iso ngukur kesenengane dewe,
ora paham sama kebutuhan lan perasaane wong liya,
ora preduli karo kanca lan tanggane,
malah sok-sok tegel ngorbanke wong liya kanggo nggayuh cita-citane,
sifate dadi pengecut lan licik .

Tapi mesti wae itu bukan sesuatu sing mutlak,
ora mesti nek cilikane nakal tuwane dadi sadar,
akeh juga sing cilikke mbeling bareng tuwa malah tambah ndodro.
Semono uga ora sithik sing awit cilik wis alim tekan gedhe makin alim
( mesti wae saya ndak termasuk golongan ini ).

Kanggo saya, sok-sok kenakalan itu memang dadi tahapan sing kudu dilakoni , suka ataupun ndak suka

Sing paling taksenengi,
kenakalan bocah-bocah saya wis membuat saya slalu bisa mengenang ibu
Mengenang betapa saya dulu wis ngrepoti ibu.
mengenang betapa berat ibu nggulowentah saya
mengenang malam-malam panjang yg harus dilewati ibu, saat saya demam.

dan jroning ati sering saya bertanya :
" bagaimana ibu bisa tahan dan sabar momong saya ,selama itu?"



Jadi nek anak-anak kita terlihat nakal, selama ndak terlalu mambahayakan ya ra sah kuatir, wong bisa jadi mbiyene kita ini ya luwih nakal dan mbeling kok


salam

Kamis, 15 Januari 2009

cemburu


Nek ngeling-eling jaman isih mbujang mbiyen, pancen masa pacaran itu dadi kenangan sing sangat berkesan.
Akeh lika-liku sing dilakoni, awit dag-digdug nyedaki cah wedok, nggaya sok pahlawan neng ngarepe cewek, nganti apel sing sepisan.
Ana saat hati berbunga2 nek ketemu pacar, sokur-sokur pas apel omahe sepi, wong tuwa sama sedulure lagi lunga kabeh, waktu sing ana ora mungkin nek mung takpakai ngobrol thok, rugi no.

Mlaku-mlaku boncengan dikekep saka mburi, gandengan tangan rasane ndonya memang indah.

Lumrahe wong pacaran , ana mesra-mesrane ning mesti diselingi ribut,iso merga salah paham, iso merga ana sing ngapusi, sing paling kerep ya merga ana cemburu sing muncul.

Kadang cemburu karo kegiatane yange, kadang cemburu merga arang ketemu, tentunya paling kerep cemburu merga ana wong liya sing terlalu dekat sama yange.

Cemburu memang iso dilandase rasa sayang, rasa tresna sing nggegem ati.
Khawatir nek ditinggal, kepengin nyanding terus.

Ning ya ora maido wis kereb banget cemburu sing ana itu mung marga rasa aleman, ngadi-adi saka salah sijine pasangan.
Mung ora dijemput wae ngambek, setu ora diapeli nesu, ditinggal dolan sama kanca liyane nangis.

Pokoke anggere adoh mesti dicemburui.
Wis ngewuhke tenan.

Bareng saiki omah-omah, situasine wis beda banget.
Beban urip kudu disangga dewe, direwangi adoh-adoh adol awak supaya kendile ora njomplang, perangai saya sama istri ya ndak kaya mbiyen.

Rasa cemburune ora kaya pas yang-yangan dulu.
Dengan ndelok tampang sama kantong saya wae , Ibune bocah-bocah sudah yakin nek saya ndak punya modal buat dicemburui.

Rasa cemburu sama pacar bisa merubah, bisa bergeser , bahkan nek wis ketemu kuncine iso ilang.

Cuman neng pergaulan urip. terlalu sering lho kita ini ngingu rasa cemburu,
terutama rasa cemburu atas nasip mujure wong liya, apameneh sing dekat sama kita.

Seolah keberuntungan wong liya, itu dadi musibahe kita.

Cemburu sing mrentul saka rasa iri terus ngejawantah dadi niatan dengki lan srei.

Lha lumrahe wong urip, gampang banget menehi nasehat,petuah ,ular-ular marang wong liya, cuman mlarat banget nasehat sing pas kanggo awake dewe.

Kaya saya ini, seprana seprene rasa iri bin cemburu tetep wae isih takgotong mrana-mrene,
jangankan mbuang rasa iku ,wong nyelehke wae saya durung teyeng kok.

Isih gampang saya kobong atine nek weruh nasibe kanca sing luwih apik,
kaya-kaya ora bisa nrimakke nek kanugrahane Gusti Pangeran itu tumetes buat orang lain.

Begitu gampang saya narik kesimpulan ttg betapa beratnya nasip sing kudu saya jalani,
dan mudah banget saya nyimpulke nek wong liya itu digampangke urip lan usahane sama Pangeran.

Seolah mung saya sing berhak dapat rahmate Sing gawe urip.
Seolah mung saya sing wis rekasa uripe
Seolah mung saya sing wis mbudi daya.
seolah mung saya juga sing perlu ditulungi sama Gusti Pangeran.
Lan seolah selama ini aku ndak pernah entuk kamulyaning urip saka Sing maha kuwasa
.

Sakjroning aleman ,pradul sama Sing akarya jagad, saya kok njur kelingan sama tangga wektu di tipes mbiyen,
sopir becak sing nek bar subuhan neng mesjid terus mangkat narik penumpang nganggo becak sewan duwekke juragan becak saka mandarakan, mbah sadi biasane saya manggil.

Mbuh wis pirang tahun omah gedheg, magersari neng lemahe pak dipo itu ditempati pak sadi,
Dari mulai saya tk tekan sma (sakdurunge digusur ) omahe ya mung ngono-ngono wae, ora marai pangling.

Wonge menengan, ngrokok-e tingwe ( nglinting dewe ) sing disimpen neng njero dompet saka kloso.
Sakdurunge bedug luhur mesti mulih, mangan neng ngomah , senengane nganggo jangan bung sambel tempe bosok,lawuhe karak.

Sakngerti saya ya mung mbah sadi, sopir becak sekitar saya sing ora tau tuku nomer ataupun nyonji (ngramal nomer buntut ataupun cap jie kia ),

angger neng mesjid mesti lungguhe sisih mburi tur luwih sering ndingkluk selama ana kotbah, jarene “ wah badan kulo lak kotor lan mambet to nak “.

Saya yakin bukan soal itu sakjane alesan mbah sadi, tapi merga mbah sadi rumangsa mung wong cilik, mung wong bodho,ngrumangsani nek dudu sapa-sapa.

Andap asor lan ngajeni ne marang orang lain jan hebat tenan, bener-bener tulus saka njeroning ati
( Gek sekolah lan pelatihan ngendi sing iso ngajari kaya ngono kuwi, pengin saya ndaftar ).
Akeh tenan cara uripe mbah sadi sing saya kagumi.
Uripe prasaja, semeleh,nrima apa anane,duwe rasa ngrumangsani lan ora kakehan sambat sama Gusti Pengeran.


Mbrebes mili saya saben mengenang mbah sadi.
Trenyuh sekaligus isin saya sama mbah sadi.

Rasane salah siji berkah karuniane Gusti pangeran sing saya tampa adalah ingatan akan mbah sadi.
Ingatan sing membuat saya paham betapa serakahnya urip sing wis taklakoni.
Betapa gembeng dan aleman-nya saya selama ini.

Terasa banget nek sekolah sing wis taklakoni justru membuat kawruh urip saya ndak sampai sak pucuke kuku mbah sadi.
Iri tenan saya sama maqam ngilmu uripe mbah sadi, guru sing mulang tanpa ngujar ukara.

Dan semoga saya tetep bisa nguri-uri rasa cemburu dan iri saya buat mbah sadi.
Saya cemburu lan iri merga mbah sadi iso ndak cemburu dan iri sama kabejane wong liya

Duh Gusti mugi-mugi Panjenengan jembaraken kuburipun mbah sadi

Amien


salam

yayon-kerepalur

Rabu, 14 Januari 2009

masa lalu


Senajan wis suwe ora nate ketemu, mbuh kepiye sepertinya sok-sok neng jroning ati saya ana rasa was-was, gek-gek mengko ketemu neng ndalan.
Walaupun wis terbukti nek selama pirang-pirang tahun ini aku ndak pernah weruh ,
dan memang apa sing saya khawatirkan juga durung pernah terjadi, ketemu sama wong sing mbiyen wis tau dadi kembange ati,
sakdurunge jejodoan sama ibune bocah-bocah, ning kok ya rasa kuatir itu ora gampang ilang.

Itu memang salah sijine ekses nek pacaran sama tangga sing ndak hepi ending, kudu pisah neng tengah ndalan.
Merga mung sama tangga , merga omahe cedhak ,walaupun wis pisah tapi isih ana kemungkinan ketemu. Isih ana memori sing gampang muncul meneh.

Mungkin sampeyan nganggep saya ndak dewasa, ndak matang, wong mung ketemu sama mantan pacar wae kok wedi, ora jantan babarblas, itu tak akoni mas, ora selak saya mas.

Entah kenapa mesti ana rasa ora karu-karuan nek saya dolan ke famili sing cerak omahe mantan pacar, kikuk rasane apameneh nek ada ibune bocah-bocah.
Wedi saya mbayangke umpama pas sama ibune bocah-bocah njur kepethuk karo tilas pacar mbiyen, wih bakalan isin tenan saya sama istri, iso salah tingkah.

Suwe saya mikir lan ngrasakke betapa kadang saya ndak brani ngeling-eling nostalgia dan kisah sing wis mbiyen.
Seolah itu sesuatu sing kudu takdelikke, mesti taksimpen,supaya rasa was-was dan rasa kuatir itu ndak perlu saya hadapi.

Memang wis dadi kenyataaan nek saben uwong duwe jejak urip sing beraneka warna, sing kadang iso adoh bedane sama sing saiki neng ngarep mata.
Ana masa lalu sing mungkin lucu kanggo dikenang, ana masa lalu sing mungkin gawe bangga kita buat mengenangnya, tentunya juga ora sithik sing duwe masa lalu yang ngisin-ngisini.

Sebagian masa lalu percintaan saya bisa jadi bukan kisah sing membanggakan buat dicritake, dan itu membuat saya kadang dikejar rasa kikuk .
Isin nek mengko dinyek sama wong liya, isin nek mengko diledek sama istri, isin dan sok malah wedi mbok menawa ana sing ora trima sama kejadian masa lalu itu.

Rapet banget saya coba menyimpan kenangan itu, supaya ndak banyak lagi sing ngerti, ning semakin dibebani lan dioyak-oyak rasane perasaan ini.

Saya dadi ngira-ira, nek saya sing mung duwe kenangan kasih tak sampai wae bisa punya rasa takut, iso duwe kekuatiran dan sok-sok dadi was-was, wedi nek mengko ana sing ngumbar kabar lan ngungkit-ungkit, gek kepiye rasane sedulur-sedulur saya sing punya masa lalu luwih kelam tinimbang saya.

Ora sithik sedulur saya sing duwe masalalu sing ora nyenengke.
Gusti Pengeran memang nyipta dalan urip uwong sing kadang angel dipahami, sok-sok malah kaya ora adil.

Ana sing kawit bayi indil-indil wis rekasa, wong tuwane mlarat rat, malah kadang luwih cilaka meneh, wis mlarat, seneng main, ngombe ciu,wis pokokke ora ana apik-apike babar blas.
Sekolah direwangi gresek, kudu gemi lan setiti . urip neng lingkungan sing adoh saka teladan sing iso dicontoh.
Neng pergaulan kadang disingkiri karo kanca.
Nek ora ngati-ati salah bergaul malah mlebu kunjara.
Abot tenan urip sing kudu disangga.

Slaman-slumun mensiasati kesulitan sing ana , pas wis dewasa iso sukses.
Kadang bangga crita kesulitane mbiyen, ning ya akeh sing isin tenan nek nganti wong liya ngerti riwayat uripe.
Isin nek jebule mung anakke wong ra nduwe,
Isin nek tibake nduwe sedulur wong sekeng.

Malah nganti ana sing goroh ora ngakoni asale, ara gelem nek disangkutpautke karo daerahe, berusaha nutup rapet sejarahe mbiyen.
Ibarat langkahe sikil , wis bener-bener ninggalke masa lalune, emoh ngomong nganggo basa lan logat daerahe, sama sekali nglalekke sama tradisi ,merga iso ngelingke karo jaman susah mbiyen, merga marai kelangan gengsi.

Nah beban masa lalu sing disandang dadi tambah abot juga amarga kondisi lingkungane sing anyar.
Lingkungan sing ora iso nampa kekurangan.
Lingkungan sing terlalu ngujo gengsi sesaat.
Bakalan tambah adoh, mlayu menyangkal sejarahe.

Umpamane saya lan sampeyan iso membuat bangga wong liya atas masa lalunya.
Umpamane saya lan sampeyan iso nampa masa lalune wong liya , sebagai sesuatu sing lumrah.
Umpamane saya lan sampeyan iso ndisikki jujur sama masa lalu lan mengenangnya sebagai karunia Gusti Pengeran sing kudu disyukuri.

Mestine rasa kangen sama sedulur lan kanca jaman mbiyen bakal tansah cemantel neng ati.

Ning ya sampai saiki saya tetep durung bisa ngilangi rasa kikuk lan was-was nek ketemu bekas pacar.
Apamaneh nek ana istri saya.

salam

yayon-kerepalur

Jumat, 09 Januari 2009

srabi


Nek didelok saka model dapur sama volume karoseri awak , akeh wong sing ngira saya ini klebu golongane sangar.
Wong tampange wis ora mbejaji malah ketoke rada medeni, apamaneh badan saya ini rak punya berat jenis sing ndak mungkin iso mengapung di air. Ning jangan sampeyan ragukan hati saya mas, lembut bin alus tenan dan kebak rasa sayang. Saya-saya terhadap 3 tuyul sing njedul neng ndonya lewat garbane istri saya , sayang banget saya ini.

Merga kepeksa mboro adoh saka omah saja sing membuat saya ndak bisa mengekspresikan rasa sayang itu saben dina. Mung setu minggu saya bisa nguja karebe bocah ( mung setu-minggu juga saya bisa ngeloni ibune bocah-bocah ).

Setu minggu slalu dadi saat istimewa saya buat bersama kluwarga, mlaku-mlaku tilik sedulur , dolan neng mall,tuku buku sama vcd , jajan dan sok-sok ya main ps.
Cuman ya merga sala iki rak kuthane ndak pati gede maka bisa jadi ya lungane mung neg kono-kono wae.
Gran mal, solo sekuer, gramedia, sondokoro, manahan,water pak bisa jadi wis bosen sampeyan datangi, tapi kanggo saya dan kluwarga tetap saja indah.

Suwe saya perhatikan tiap mlaku-mlaku , tuyul saya sing gedhe ( vajra ) kerep njaluk dibelikan panganan srabi. Sok-sok srabi gajah, kadang ya sak anane srabi, cuman memang sing paling disenengi ya srabi notosuman, mbuh ndak peduli mana srabi notosuman sing asli ( wong sing dodol ora mung siji ).
Jan lahap tenan nek mangan srabine terutama sing ngango soklat misis , iso entek 7 srabi sekaligus, saya dewe sing ndelok rasane seneng marem tenan.

Memang secara pribadi saya cen ya seneng tenan sama srabi, apalagi nek disediani srabi notosuman, sukur-sukur dipasangke karo teeh anget cap sintren, nyamleng tenan tur maregi.
Srabi notosuman iso marahi saya merem-melek, dan kayaknya tekan dina saiki saya kok durung iso nemu kelompok srabi sing se mak nyus srabi notosuman.
Di mbandung ana surabi, sing dilengkapi juruh aneka rasa ( juruh rasa pandan, duren dsb ), ora mirip srabi sala luwih mendekati srabi ambarawa.
Kalau menurut saya ya ndak klebu keluarga srabi, cenderung taklebokke ke famili apem-apeman.

Wis beberapa waktu lalu neng notosuman ana srabi model anyar, secara bahan dan pembuatan sih sama, cuman pengemasan akhir wae sing ditambah.
Kalau model sing umum srabine digelar diler bunder-bunder, nah sing anyar ini srabine digulung, dadi luwih praktis.
Gampang nek arep dibungkus, cocok buat dibawa bebergian soale ora ledreg,ora kelet satu sama lain. Dan sangat memudahkan buat dicekel .
Bagi saya dan anak saya srabi model gulung ini dadi produk sing pas tenan sama kesenengan kami, enak diemplok dan perlu.

Nyawang srabi awit sing polos terus diwehi irisan nangka or pisang dilanjutke sama srabi soklat misis dan srabi gulung sing anyar,seolah ngrasakke perubahan ndonya sing kudu dilakoni.
Mbiyen cilik digendong, didulang mundak gede wiwit mbrangkang, rambatan terus iso mlaku timik-timik nganti mlayu mblandang. Kabeh iso berjalan wajar, runtut dan relatif iso diikuti kabeh uwong.
Iki perubahan sing alami, perubahan sing ana runtutan dan kaitane sama kondisi sakdurunge, perubahan sing memang sesuai sama kebutuhan dan mung sitik sing bakal menolaknya.
Pokoke ini jenis perubahan sing uenak.

Dalam bebrayan kita, sok-sok kita justru nglalek-e perubahan sing alami ini, bahwa urip dan situasi mesti wae berubah dan kita memang kudu berubah,
ning ya kita mesti pinter-pinter milih metode perubahan.

Aja nganti justru cara perubahan sing terlalu drastis dan terlalu dipaksakan itu malah marakke kita dadi terasing saka umumme wong urip neng sekitare.
Dadi aneh mengko.

Ana teman saya sing kerep ngarani kancane ndak mau berubah, pro status quo, mlebu zone nyaman.
Wis serba ndak puas sama situasi sekitare, jarena lambat,lelet ndak antisipatif

Nek ketemu kancane, njawab uluk salam nganggo ngepelke tangan karo mbengok :
“ fantasti !,luar biasa!,luar biasa!”,

marahi kaget sing ketemu, tur ketoke lak ya kaya wong sing ora patek genep.
Rumangsane jaman perang yak-e.

Jerene neng pelatihan diajari ngono, ucapane ditegaske ben bener-bener mrasuk ati, tumetes dadi semangat sing ngobong etos kerja.

Oalah mas-mas,
nek kanggo saya ya kurang pas,
carane berubah lak yo kudu ndelok situasi sing ana tho mas.
Perubahan mestine dilaksanakke dgn kesadaran bahwa metode sing dipakai mesti pas tenan.
aja nganti gara-gara salah metode,salah pendekatan malah marai antipati wong liya.
nek awake dewe sinau saka jaman-jaman sing wis mlaku, pilihan cara sing pas iso manen hasil sing sukses.
contone umate kanjeng nabi neng kana nganggo jubah , lha neng kene nganggo sarung wong memang budayane kene sarung, sing penting lha nutup aurat lan sopan.
conto liyane pendowo - kurawa, asline neng kana drupadi ya poliandri, bojone wong 5 pendowo kabeh, neng kene ya mung puntadewa wae.ora patut nek model kawin beregu gitu
trus srikandine jare asline wong lanang, tekan kene dadi wedok,bojone janaka sisan.
neng kana ora ana punakawan, neng kene dewa ngejawantah momong satria dadi semar.
Dus memang kudu ana penyesuaian kareben tujuane iso kasembadan.

Nah kanca saya itu sepertine lali nek sekitare itu juga butuh dianggep, butuh dimengerti :

wong saya ini trah turune wong tani kok, semangat sama etos kerja saya bukan dipengaruhi sama seberapa kenceng saya mbengok.
Ketekunan dan ketahanan urip kami bukan merga kalimat-kalimat bombastis gitu.
Kerja kami merga dilandasi pasrahing sama Gusti Pangeran,
kerja kami wis nyawiji sama naluri alamine titah urip,
sama kewajibane jalma ning alam ndonya
Urip kami bisa lestari merga kami bisa meliuk-liuk kaya wit pring kena angin,
merga kami punya naluri untuk berubah sesuai dengan kebutuhan.
Keharmonian kami iso ndadekke kebo galak dadi lulut lan manut.
Ora ana keluh kesah dan putus asa bagi kami wong tani.

Saya dadi melas weruh kanca saya itu, mesake tenan.
Karepe dadi pelopor ning malah digeguyu uwong.
Niate ana perubahan malah hasile ora sepiro, mung anget-anget telek pitik.

Sinau ki lak yo ora mung ngrungoke nganggo kuping to,
ning ndeleng lan ngrungokke nganggo ati sing resik.

Wong kanca-kancane ki rak cuman butuh penjelasan dan pengertian sing tulus, sama teladan saka pemimpin buat memasuki perubahan sing harmoni.

Umpamane kanca saya itu ndak mentah-mentah nggegem lan niru pelatihe, mungkin hasile luwih apik.

Jauh neng njero ati, saya percaya banget nek kita bisa bener-bener memahami sapa to kita ini, lan rajin menghayati bebrayane urip, mesti ora gampang buat kita nyalahke wong liya.

Muga-muga saya iso terus sinau saka sampeyan kabeh.



salam
yayon-kerepalur