Selasa, 10 Maret 2009

cakil, mbengok-a


Saya suwe nek taksawang-sawang,tambah akeh wae wong jakarta sing niliki tanah asale.
Saben saya mulih dina jumat numpak senja utama saka jatinegara,
terasa banget nek sepure selalu kebak, arang ana kursi sing kosong.

Beberapa kali saya nguping obrolane penumpang itu,
ana sing wis setahun iki iso mulih solo telung sasi pisan,
ana juga sing meh saben sasi mulih neng solo.

Lha ndelok perkembangane solo ya memper nek tambah akeh sing krasan lan kangen mulih,
wong meh apa wae sing ana neng jakarta iso digoleki neng solo kok,
mal ana, kafe ya akeh,
hot spot seabrek-abrek,

malah ana pernak-pernik solo sing rada angel golek-golekane neng jakarta lan kutha gede liyane,
misale wedangan,
nek wedangan secara fisik mungkin ana neng jakarta,
ning sisi non fisikke ora pada, muatan sosial lan spirite beda mas,
dus cakrawala mareme ati ya dadi seje.
Wedangan solo ki pada persis sama wedangane jogja, wong pada-pada tembayate kok.

Terus warung susu segar sing teng tlecek neng solo,
liya kutha angel banget nemok-ke warung kuwi,
apa meneh susu she jack, wis solo banget coy.

Durung thengklenge, selat-e, brambang asem-e,
ngangeni tenan.

Sambil lendhetan cagak thing, neng samping-e brompit,
saya mbayangke betapa banyak sisi solo sing wis saya lalek-ke,

wis suwe tenan saya ndak nonton jaran-dor,
sudah pirang-pirang tahun saya ndak weruh tobong ketoprak.

Lha kok mak jegagik saya njur kangen sama wayang wong sriwedari,
pengin iso nonton meneh goro-gorone pak mrajak cs.

Pancen cilikan saya mbiyen seneng banget nonton ketoprak sama wayang wong,
Angere lakone panji asmara bangun, wah mantep tenan ,
gandrung tenan saya sama panji asmara bangun itu,
lha satriyo bagus tur nek nembang ngrayu galuh candrakirana ki gandem tenan je.

Beda sama ketoprak ,
wayang wong sing tekan sak-iki isih berkesan banget kanggo saya justru dudu satriyo sing bagus atawa pinter ngrayu,
ning malah golongane buta sing rupane ora bagus babarblas,
buto cakil.
raine rada nggilani ,
cangkeme maju banget, untune metu kabeh,
mungkin mbiyene ki pranaan buta sama celeng kali ya.

Buto cakil ki nek ngomong nreces cepet banget, tanpa titik koma,
tur mestine ya muncrat idune.
Pawakane langsing,
mulane cakil ki nek njoget lan perang lincah banget , nggawa gaman keris luk telu las.
ciri khas liyane saka cakil kuwi metune mung sedelo neng adegan perang kembang tur mesti mati,
kalah sama satriyo rupawan.

Saya dewe ndak begitu paham cakil kuwi merupakan tokoh tertentu ataukah cuman simbol perlambang tertentu.

Wong nek diarani tokoh kok mesti mati tur sing mateni gonta-ganti.
Nek simbol ki lha njuk simbol apa,

aja-aja cakil kuwi malah karakter dasar sing pasti ana neng saben uwong,
karakter celeng sekaligus buta sing tanpa kita sadari wis ngancani gerak tubuh lan olah rasane kita.

Cakil adalah salah satu pelakon urip sing ora dianggep,
seolah mung dadi sarana kanggo satriyo ngetok-ke kasekten lan ngilmune,
saben metu mesti terus mati,
tur sing mateni gonta ganti,

luwih cilaka meneh ora tahu ana sing nangisi lan nggetuni matine cakil
sapa lan kepriye cakil nglakoni urip ora penting,
omongane wae ora tau dirungokke , apameneh pendapate ora digagas babarblas.

Sadar ora sadar jan-jane lakon tak populer buto cakil ini ana akeh lho di sekitar kita.
Wong urip kita ini rak ya ruwet tenan tho.
Ganti-ganti peran sing kudu awake dewe lakoni,

sok-sok dina iki kita dadi buto cakil sing diremehkan wong liya,
sing digethingi wong akeh,
sing digeguyu merga rupa,penampilan ataupun cara uripe beda banget sama standar-standar sing dianggap umum.

Dadi buto cakil sing kehadiran lan kekurangane dibutuhkan banget , supaya sang satriyo bagus makin nampak bersinar.

Ning ya ngati-ati mas,
liya wektu mungkin kita-kita ini malah dadi “ nyakil-ke / mbuto cakile-ke “ wong liya lho mas.
nganggep nek wong liya ki ora perlu dirungokke omongane,
njijiki bin nggilani
ora perlu digagas perasaane,
ora perlu diajeni keberadaane
ra sah digolek-i ilang-e

Bisa jadi dendam history masa lalu ndadek-ke karakter keji sing terbungkus wajah tampan kita muncul dalam perilaku santun sekaligus menindas.

Perilaku satriyo bagus sing kudu mateni cakil

Ada saatnya mbesuk kita akan mengorbankan cakil-cakil sing ana neng sikitare kita,
demi kesuksesan urip kita.

Kanggo saya buto cakil kuwi mewakili sisi ke-takberdayaan dan ke-takramahan perlakuan urip.
Ke-takberdayaan dari wong-wong cilik sing ndak bisa berbuat apa-apa atas skenario struktural maupun kultural sing ana neng masyarakat.

Tak berdaya merga memang ora iso nyuwara-ke kepentingan lan keinginan-e,
tak berdaya karena memang aturan main urip digawe cuman buat mengakomodir wong-wong sing pinter ngomong,
sing pinter berargumentasi,
dan tentune sing mbengok-e banter.

Yakin tenan saya mas,
nek selama ini dalam pergaulan kereb banget saya " nyakil-ke "wong liya.
Sering banget saya mengukur penting-orane uwong cuman berdasar omongane dan argumene saja.
Dan wis ora keitung saya meng-abaikan lan ora nganggep orang lain mung merga dia ndak pinter bicara,
ndak menarik omongan-nya
dan ndak banter mbengok-ke.

Umpamane , saya masih iso sinau buat mengenali sedulur –sedulur yg lain,
Iso sinau maca sorot mata lan roman wajah wong liya.
Lan iso sinau ngrungokke suwara sing ora muni saka ati sing paling resik.
Mungkin saya bisa terhindar dari “ nyakil-ke “ wong liya,
dan bisa ngajeni wong liya kanti ati sing tulus

salam
yayon-kerepalur

Senin, 09 Maret 2009

isih udud

Ya senajan hampir di semua tempat,ruang gerak kami selalu dibatasi,
ning sebagai jamaah ahli hisap, saya tetep setia dengan kegemaran ngrokok saya.
Wis meh limolas tahun taklakoni,
meskipun sakjane ya durung klebu ahli hisap sing aktip.
Wong ngrokok-e seminggu ora entek sebungkus ,
paling mung lima tekan sepuluh ler,
itu pun lebih sering merga njaluk kancane.

Dadine ya saya ndak terlalu panatik banget sama merk,
kancane nggowo gudang garem ya manut,
anane djarum ya ora nolak,
ditawani wismilak utawa djisamsu, wow maturnuwun banget.

Disamping faktor asal muasal rokok , hal lain sing mara-i ketidakpanatikan saya terhadap merk rokok adalah moment sing lagi saya rasakke.
Nek bar mangan sing rada pedes,
gudang garem filter adalah pilihan sing pas kanggo saya, krasa tenan gurihe.

Djisamsu sama wismilak kretek nduwe cita rasa sing mat banget,
cocok dinikmati neng suasane adem apa maneh sambil nyruput teh panas,
ndonya tambah endah tenan.

Nek pas situasine normal saya luwih seneng sama djarum black capucino,
ora patek abot ya ndak terlalu enteng, sedengan.

Di luar sisi negatip dan bahaya ngrokok,
kanggo saya sing srawunge sama wong-wong ndalan gini, rokok justru nduwe beragam manpangat, baik saka sisi sosial ekonomi tekan religi.
Rokok iso nguripi pirang-pirang wong ,
wiwit sedulur-sedulur saya saka temanggung sing nandur mbako ,
tekan para sederek buruh nglinting rokok,nganti asongan sing ider neng sepur ekonomi,
iso entuk sandang pangan saka rokok.

Saya dewe nek pas ngalamun, ngeling-ngeling dosa lan kelakuan elek,
juga tambah nikmat nek sambil ngrokok.
Ngrokok mbikin acara rengeng-rengeng dan introspeksi diri saya makin intens
dan nek entuk nyilih ungkapane wong –wong pinter kae :
rokok adalah bagian dari kesadaran spiritual saya.

Kaya pirang ndina kepungkur,
mung merga nyilih korek gas buat udud, rajutan paseduluran iso terjalin.
modal telung ler gudang garem wae saya iso ngobrol asik sama warga cilacap sing arep tindak kediri.
Crita ngalor ngidul kejadian sederhana sing wis dilakoni,
saka babagan taneman tegalan, kewan raja kaya, dongengan jaman mbiyen , nganti jiwa seni sing tetep umop meski umur wis tambah uzur.

Pas-pus, bal-bul ora krasa wis meh rong jam saya sama priyayi cilacap nggelar koran neng pojok kulon stasiun kutoarjo.
Akeh hal-hal anyar sing iso saya serap saka priyayi cilacap ini ( sing mungkin kanggone sampeyan bisa jadi ndak mutu ),
sithik akeh saya dikandhani itung-itungan pranata mangsa,
kapan saate ngluku lan nggaru sawah, tandur pari, ndaud, manen , milih jenis taneman ,
malah juga carane niteni anakan gudel sing apik.

Jan, ngrungokke dongengan sambil udud gudang garem memang asik tenan,
ora ngiro tenan nek bapakke saka cilacap ini paham crita mitos lan legenda banyumasan .
Ngerti dongengan nusa barong, babad pasir kadipaten pasirluhur sing mbiyen wos nate ana neng tlatah mbanyumas.

Nek mung crita soal bale sipanji lan adipati mrapat wae, wis apal banget.
Saka wewalere adipati wirasaba nganti persaingane klan arumbinang dan kolopaking, nganti nglothok tenan mas.

Apamaneh pas crito soal ronggeng jaman mbiyen ,
angan saya kaya mabur neng jamane srinthil kae.
Coba saya iso weruh langsung ronggeng jaman semono,
iso nyawang goyangane,
mbayangke ngelus githokke srinthil sing mulus
apameneh entuk kanugrahan ngrasak-ke bukak klambu,
wuih iso lali mulih ngomah.

Umpamane sepur kahuripan ora kesusu teka,
mestine luwih akeh meneh kawruh mbanyumasan sing bakal saya tampa.
Bakal akeh dongengan sing ngebak-i ingatan kerinduan akan akar tradisi urip.
Telung ler rokok saya iso nggawe rumakete pesrawungan,
iso memicu kesediaan buat bergaul atas hal-hal di luar konsep-konsep keseharian saya.

Nek jare teman saya mas Bambang saka Sagan : rokok itu sok-sok bisa menjadi wahana delivery antar tradisi dan antar budaya.

( saya sering ora dong karo bahasane mas bambang sing adiluhung banget itu ).

Ngrokok tibakke telah memudahkan saya buat ngangsu kawruh budaya saka sedulur-sedulur yg lain.
Dan nganti titiwanci ini saya isih seneng udud.


Sing saiki rada saya kuwatirke itu , kira-kira mbesuk-ke saya mampu ndak ya, ndongengke dan crita ke anak-anak saya tentang akar budaya kami ? kaya bappakke saka cilacap sing wis crita akeh sama saya


Salam Yayon-kerepalur


Nb. Ning mbok wani sumpah mas, ndak ada niatan saya buat ngajak-ajak yg lain ngrokok lho.