Selasa, 24 Agustus 2010

rumah tangga



Mesti wae mlakune rumah tangga saya sama ibune bocah2
ora mung kebak suasana sing penak lan gampang,

ora sithik lelakon lan kedadean sing saya lakoni dengan terseok-seok.
Saka masalah duwit sing tansah cekak neng akhir bulan
nganti kebiasaan urip sing beda antara saya sama ibune.

Wong soal ndidik anak wae jane saya ibune ya beda pandangane.
Nek ibune kan termasuk sing meyakini program sing teratur buat anak,
bocah kudu diwarahi ngene, sinau iki,
dididik kanti konsep sing jelas,
pokoke istri saya banget olehe konsen neng masalah kurikulum urip.

sakwalike nek saya ini rak termasuk wong sing keset,
keset sinau,
males tumandang ,
ora terlalu iso ngikuti keteraturan.

Dikon nyandang sing rapi wae ya angel tenan saya nglakoni,
lelunganan sakkarebe wae ,nganggo kaos sandalan jepit wis cukup,
mulane saya iki ya ra tau dijak njagong ,
wong penampilane wae kaya ora meyakinkan.
Mesake sing duwe gawe.
mangane akeh,nyumbange kemungkinan sak uprit.

Nah dalam ndidik anak saya kan penganut : kabeh entuk kecuali nek dilarang.

Lagi musim udan ya ra papa bocah-bocah dolanan keceh udan-udanan,
nek perlu takkancani, kecuali nek bocahe lagi ora sehat,

bocah lagi males,ya ra papa sekali-kali mbolos sekolah,
kecuali nek lagi ana ulangan apa tes.

Neng ngomah ora kudu klamben,sing penting kathokan.

Sok-sok bocah2 takpancing-pancing supaya rada goroh/bohong sithik lah,
ben suk pinter golek alesan lan alibi hahaha,
ben iso menyesuaikan karo jaman.

Ujian sing saya rasakke abot tenan ,
sing marahi mumet,
itu ya nek wis nyangkut urusan wong lanang lan wedok.
jan babarblas saya ndak punya kemampuan soal gini,
terasa banget kepandiran saya

Tau lho mas ibune bocah2 takon : pak,sakjane selama iki sampeyan bener2 setia tenan ora?”.

Edan ,
sak kalimat cekak wae,kanggo saya ora gampang njawabe.

Coba sampeyan sebut buku lan guru ngendi sing iso menehi saya jawaban sing pas,
jawaban sing ngemot kebenaran,kejujuran,
ning ya iso gawe legane istri
sekaligus iso dipertanggungjawabke secara nurani nganti tekan akherat mbesuk?

Bolak-balik saya klisikan mikirke pitakonan tadi,
naluri lan logika saya wis takperes supaya nemu ukara kanggo mangsuli.
Kata demi kata coba taksusun
kareben dadi kalimat apik sing iso nglegani lan gawe percayane ibune bocah2,

ning mampet mas!

ukara lan kalimat sing tersusun terasa janggal,
wagu, kakean nuansa bombastis,
kebak pujian sing beraroma kebohongan
sekaligus rasa takabur.

Wis krasane ki dudu aku banget.
Sok romantis,
sok suci banget, kaya kaya saya ini dadi wong alim sing ora ternoda dan ndak bakalan ternoda.

sempat kepikiran arep takon karo priyayi-priyayi kae, piye nek njawab pertanyaan kui.

takon mas andi ?
sakjane saya ya ora pati percaya, ning jare kanca-kanca saiki mas andi wis rada alim
mulane kemungkinan kecil nek sang istri duwe pitakonan kaya ngana
jan beruntung tenan kae ,kok ya iso terlihat alim ya?

takon pak gi?
nek nonoton kelakuane selama ini ,yakin saya nek pak gi bisa duwe jawaban sing akeh,
soale sing neng ngomah kemungkinan selalu mencium aroma kebinalanne
dus jawabane mesti ora konsisten

olah Gusti, njur saya kudu takon sama siapa?

Nah pas kebuntuan pikiran lan nalar saya mandeg itu kok ya ndilalah naluri saya nuntun.
Kok ya iso cangkem saya mangsuli sakpenake wae :
oalah bu, wong kowe ya ngerti dewe , wis piro akehe wong wedok sing nolak aku ,potongan kaya ngene ki rak ya kudu tau diri lah ”

Dan kok ya anehe ibune bocah2 malah ngguyu ngakak,
wuih lega tenan ati saya mas,
ilang deg-degan saya.

Ya muga-muga wae wangsulan saya itu iso klebu kalimat sing ora bombastis,
ora sok alim,
ora ngremehke liyan.


salam

Kamis, 10 Juni 2010

kelonan : sinau saya




Mesti wae Gusti Pangeran ora tahu kekurangan cara kangga mulang para menungsa.

Akeh piwulang sing wis disediakke kanggo umate,akeh ajaran lesan sing dilantarke liwat para nabi,

para wong suci,para bodhisatwaa ataupun arahat,

guru2 sing wis kabukak cakrawala kebijakanne.


Ana sing ditulis Panjenengane neng alam semesta sing ginelar.

Ana ajaran kebijakan sing kudu disinau kanti mirengke pangandikane para nabi,

guru2 agung atau wong-wong suci..


Ora sithik piwulang kebicikan sing kudu diisinauni lewat cara lan metode sing ”rada aneh”,

cara lan metode sing ora kaya umum-e dilakoni uwong2


Lha nek kayak saya ini tentune nek kon nglakoni metode sinau kayak gitu ,

ya ora sanggup mas, ora kuat.


Apameneh kok kon sinau kaya para santri kae, wis ora mungkin tekan utek saya mas,

malah guru lan kyaine dadi judeg , mungkin iso bludrek juga.


Mula buat saya wis disiapke cara lan metode piwulangan sing pas lan cocok sama kondisi saya,

Cara piwulangan sing iso takpahami ,tanpa kudu mikir sing abot2,

piwulangan sing iso sithik mbaka sithik nambahi kawruh lan kesadaran kanggo nglakoni urip.


Gandeng saya ki rak nek kon maca buku ya rada males tur ora mudheng2,

nek kon ngrungokne piwulanggan ki enenge ya mung ngantuk,

mula sinau saya ya lewat wong2 lan kejadian sing ana sak kiwa tengenku mas.


Nah saya pengin crita rada dawa babagan wong2 sing dadi lumantare saya sinau .

Sing sepisan ya mesti wae ibune bocah-bocah, terus tuyul-tuyul saya lan pak wiji.


Tak wiwiti saka ibune bocah-bocah ya mas,

Senajan mung iso ketemu seminggu pisan sinau saya via istri cukup intens lho mas,

akeh pangerten2 luhur sing saya dapat lumantar istri saya,

kesadaran2 sing mrentule sak wise saya ngobrol,srawung lan kelonan sama ibune bocah2.


Iya mas,

ngeloni ibune bocah2 iso kanggo srana saya sinau hakekate urip sing jero tenan,

ngeloni sing tentu wae disambung andum asmara ( senggama )

kang dituntasi dening orgasme wong loro menehi saya pengalaman2 spiritual sing sangat khusus .


Andum asmara /senggama ki rak kanugrahane Gusti sing sangat egaliter tho mas,

ora mandang bandha,pangkat lan drajat.

Malah-malah senggama itu sakjane dadi ukuran kamulyane urip individu lho.

Mbok sampeyan iku sugih duwite sak lapangan, omahe gedong magrong-magrong ,

bojone ayune pool kaya luna maya,

ning nek sampeyan ndak punya kemampuan senggama ya percuma mas,

malah makan ati.

Nelangsa urip sampeyan.

Wong kenikmatane banda,pangkat lan drajat ki ora ana sak upile dibanding puncak kenikmatan senggama kok.


Semono uga samppeyan dadi wong drajate luhur, pangkate duwur, dihormati lan diwedeni uwong,

cuman nek kemampuan sampeyan andum asmara nol.

Malah mung digeguyu wong wedok mas,

kalah sampeyan sama tukang batu sing iso gawe mareme bojone neng kasur.


Gampangane mas seberapa pinter sampeyan andum asmara,

kui dadi ukuran kamukten sing sampeyan duweni,

seberapa banyak sampeyan iso gawe orgas istri sampeyan ,

itu sebanding sama seberapa mulyo urip sampeyan


Ngadeg jejege lingga sampeyan dadi tanda eksistensi sampeyan neng alam ndonya.


Senggama kui rak peristiwa simple ning sangat multi kompleks.

Wiwit mbiyen jenenge senggama ki rak ya mung mlebune linggga neng njero lan dijepi yoni ,

ning proses pra penetrasi lan pasca penetrasine nggawa babagan sing akeh buanget.

Teknik kelonan dikembangke awit jaman mbiyen ,


cara lan metode senggama bisa jadi adalah ritual sing paling murni kanggo memahami kersane Gusti Pengaren

Liwat senggama iki Gusti Pangeran iso nyipta umate sing bakal ngregengake alam ndonya,

dadi senggama kui sakjane bagian sing ora iso dipisah saka hakekate Sing Gawe Urip.


Urutan senggama dadi tahapan sing kudu dilakoni kanggo nggayuh anugerahe Gusti.

Pemanasaan sing diujudke nganggo rabaan.elusan ataupun jilatan

sejatine bentuk ringkas lakune urip sing lagi kenal lan ngincipi rahmate Sing Gawe Urip,

fase permulaan ketemune sisi kemanusiaan karo jagad ginelar

sing dadi persepsi awal Gusti kang kasat mata.

Pada karo kesibukan sehari-harine menungsa

sing lagi ngrasakke kanikmatane urip neng alam ndonya


Sakbanjure diteruske dening penetrasi , manjinge lingga ke yoni, f

ase kritise menungsa,

tahapan menungsa mulai memahami sapa sejatine,

wiwit ngerti pepinginan sing luwih hakiki.

mula bukane thukul kesadaran dualistis kang maujud neng pucuk-e lingga sing dikempit yoni kesemestaan Illahi

Diarani fase kritis,

merga neng tahapan iki nek salah mengenali lan memahami kesejatian diri ,

menungsa iso kecebur marang keingkaran lan kesesatan,

kaya penetrasi sing kurang kontrol,

grusah grusuh,kesusu tanpa ati kang temata,

ndadekake senggama sing ora sempurna,

orgasme dini lan akhire situasi emosional sing ora seimbang,

kaya ngurupake geni neraka


Puncak ritual sinau saya ya itu, saat orgasme,

detik-detik disekitar orgasme saya adalah pengejawantahan sujud paling sempurna dumateng Gusti Pageran, sepersekian detik menjelang orgasme menjadi gerbang saya kanggo masuk lan semeleh wonten haribaan Gusti sing tak terdefinisikan.

Netese banyu kamma saka lingga saya bener2 takrasakake dadi ilang lan luruhe kesejatian saya,neng ngersane Gusti Pangeran


Senggama dalan mulya kanggo nyawiji marang kersane Gusti

Senggama kanti orgasme sing sempurna mujudke karyane Gusti Pangeran njaga kelanggengan lan katentremane ndonya..

Dan sing pasti, senggama saya sama ibune bocah2 dadi cara sinau lan manembah sing penak tenan.


sik ya mas, mengko taksambung meneh soal ibune bocah2,tuyul2 saya lan pak wiji



Salam

kerepalur

Kamis, 18 Maret 2010

lonte


Mumpung saiki isih dadi wong abangan ,

saya berusaha bener2 memanfaatkan status abangan itu untuk bisa mendapat pengalaman dan pemahaman urip

Tibak-e dadi wong sing rada adoh saka agama kui ya menarik lho.

akeh keleluasaan ekslusif sing bisa saya nikmati

tanpa kudu rumangsa risih merga terikat sama norma kesantunan sing ana.


Coba umpamane saya dadi wong alim utawa santri, abot sanggane mas,

tur ya durung tentu pantes potongan saya ini dadi wong apik-apik.

ribet aturane,akeh kuwajibane malah kadang mumet-ke itung-itungane,

pengin ngombe ciu angel,

dijak jagongan mbengi karo main kertu kok ya ora pas

( cuman nek iwak babi saya babar blas ora doyan mas ),

arep srawung karo wong liya, nulungi kanca wae malah kudu ngitung pahala lan dosane,

wis ora tekan utek saya buat itung-itungan akherat gitu.


Embuh lah soal akherat mbesok, ora ngerti dan ora tau mikir saya.

Timbang mikir sing kayak gitu saya luwih seneng jagongan ngobrol neng wedangan mas,

apameneh nek wedangane cerak lokalisasi , marem tenan.

Mbuh ngapa ya mas wiwit mbiyen kok saya ini seneng lan tertarik sama dunia lonte.

Kanggo saya per-lonte-an seolah dadi misteri sing bisa menawarkan banyak hal.


Kasar ya mas saya nyebut-e kok lonte.

Ya memang gitu saya nyebute, ora wts,

soale wts kui biasane penyebute saka wong2 terpelajar sing seneng ngomong soal sosial dan moral ning mungkin malah ora tahu bergaul lan menggauli pelacur

( atau malah isin nek ketahuan ya ),

malah saiki ana sing nyebute psk ( pekerja seks komersial )

kayane kok istilah iki teka saka wong2 sing bisa mendapat keuntungan dari keberadaann pelacuran ya.

.

Nek didelok dari fungsine,

lonte itu ibarat banyu adem sing bias nyurupke panas lan geni sing lagi mobar-mobar.

geni syahwat sing lagi ngobong pikiran lan perasaan wong lanang tentunya ora selalu iso dileremke lewat pengendalian semata,

ada saat gelora itu kudu disalurke secara biologis,

geni birahi sing terhambat sok-sok berakibat ilange keseimbangan emosi.


Mungkin sampeyan iso ngeyel ora setuju sama keberadaan lonte,

Iku pofesi nista

Panggawean sing dosa

Panggawean sing ngrusak moral


Ning malah kadang lonte itu bisa jadi saluran alternatif dari perselingkuhan

ataupun pergaulan bebas sing bisa ngrusak anak prawan.


Tapi ya mbuh lah,

saya ra ngerti bener salahe dadi lonte,


cuman selama ini saya ya rumangsa ora tahu dirugikan sama lonte,

ora rumangsa ditatoni lonte

dan kanca – kanca saya sing kebetulan dadi lonte ya srawunge apik sama saya.


kadang saya ya mikir

senajan mungkin saya lan sampeyan iki sadar atau tak sadar menempatkan diri sebagai wong sing luwih resik,

luwih ngerti babagan moral,

luwih prigel tentang sarengate agama,

durung mesti lho mas saya lan sampeyan ora mbutuhke mereka.

Mungkin ora butuh awake lonte

tapi bisa jadi kita butuh lan memanfaatkan kondisi-situasi dimana mbak-mbak lonte itu juga melu berperan


Dan diatas segalanya,

para lonte kuwi juga menungsa lumrah,

sing juga duwe perasaan ( walaupun selama ini perasaane sering ora dianggep )


Ala lan dosane kok kaya2 dudu saya sing wenang ngadili.



Salam - kerepalur



Selasa, 16 Februari 2010

neng sarkem


Wis pirang sasi ini saya kok ngrasakke kaya isih enom meneh,

paling ora ana nostalgia jaman mbujang mbiyen sing masih bisa taklakoni.

Wiwit bubar riyaya nganti saiki saya ini rak melakukan reschedule atas jam keberangkatan tiap minggu ke jakarta.,

nek mbiyen melu sepur sing sore saiki mangkat wengi wae

.

sambil ngenteni tekane sepur wengi ,

saya lungguhan nge-teh neng wedangan samping gang sarkem kidul setasiun tugu.

Iya mas minggu bengi acara saya sing rutin ya nongkrong neng sarkem atawa pasar kembang ( neng ya mung tekan samping gang wae ).

Sok-sok saya wedangan dewe ,

tapi paling sering saya rileks mangan sega kucing karo ngombe teh panas dikancani priyayi kartosuro klahiran klampok

( tenang pak hendra, nama sampeyan saya samarkan,biar ndak semua orang tau ya ).


Sambil nyruput wedang

saya iso nyawang mbak-mbak sarkem sing lagi teka arep dines ataupun sing lagi istirahat mulihke tenaga sing terkuras.

umume cah wedok neng sarkem nyandange seksi tur atraktif,

cenderung ngatonake tonjolanne bodi lan sigarane dada.


Untung wae niat saya mangkat ke jakarta ki rak buat nyari duit,

dus sangu sing takgawa ya pancen mepet,

coba duwit sangu saya akeh,

bisa jadi saya bakal mlangkah mlebu gang ninggalke priyayi kartosuro neng wedangan. ,

dan lali nek kudu nggandul sepur malam itu.


Umpamane 2 kanca saya yg lain iso nggabung neng wedangan sarkem,

tambah asik ya mestine.

ning wong 2 kanca saya yg lain itu golek-golekane angel,

sibuk banget wis ra sempat ngurusi wedangan.


Sing siji saka karanganon klaten,asmane pak bas.

Ngakune turunan kyai ,ngajine wis khatam bola-bali,

senajan saiki daleme neng kulon alun-alun solo,

babarblas ora tertarik sama tradisi jawa,

ana kirab siji sura wae emoh tenan dijak nonton

apameneh nek weruh wong lagi ngalap berkah kebo kyai slamet , iso muni-muni tenan mas basyir itu : musrik,musrik dan musrik.


Nek sampeyan weruh pasuryane pak bas sing dihiasi rambut brintik potongan cepak ( ben kaya anggota tni jarene )

bisa jadi sampeyan gigrik mas, cool dan sangar.

ning anggere wis ngomong, sampeyan lagi ngerti betapa kemlinthi nya dia

malah terkadang ana sing ngarani kemethak mas ( mengundang orang untuk ngethak ).


wong karanganom ini saya kenal wiwit kos neng lor selokan mataram mbiyen mas.

Ya kuwi wiwit mbiyen pancen nggregetke.


Nek crita sok nggaya jare pendukung poligami,

cuman ya kayane ora ana sing percaya,

wong karaktere wae adoh banget sama pak puspowardoyo,

luwih mirip pak sarmili bojone bu rt kae.


Apa meneh nek ngrayu cah wedok neng sepur, wagu banget mas,

garing tenan.


Saiki pak bas wis arang numpak senja solo,

mbuh melu sepur apa mulihe ke solo.


Cuman saran saya ,

nek sampaeyan wanita sing isih singgel apameneh ayu rupane

pengin tindak solo/jogja numpak sepur,

ndonga-a mbak, muga2 aja ketemu pak bas neng sepur,

rugi dan mboseni mbak sepanjang perjalanan.


Lha siji meneh kanca saya mas, wong mbanyuwangi, dadi penggedene dodolan mobil,

ngilmu manajemene ngedap-edapi

nek neng kantor mesti dasinan, fesbuk-ke slalu apdet .

jan khas eksekutif muda tenan mas,

sabane neng kape

meskipun nek jumat mbengi tetep wae turune beralas koran.


biasane saya ngundange pak gi mas.


Nah nek pak gi ini rada anteng lan menengan mas

(kecuali pas nyetir mobil, rada angel mbedakke karo sopir bis luragung mas ).

ning ya sampeyan jangan berpikir nek pak gi ini alim ,

babarblas ndak mas.


Meneng-meneng gitu dia tukmis banget lho ,

anggere weruh cah rada ayu, tlaten tenan pendekatan-ne.

apameneh nek ketemu cah ayu neng sepur ,

bakal pull banget olehe nyervis.digolekke nggon,disewak-e bantal selimut ,

mangan-ngombe-jajan dijamin wareg


kabeh penjaluk-e cah ayu mesti dituruti .

pengin mlaku-mlaku neng mal ,siap,

dolan lan tuku klambi neng fo mbandung , tinggal nunjuk mas ,mesti dibayari


cuman nek cah ayu-ne ngajak mlaku-mlaku neng malioboro

kayak-nya sih pak gi bakal menghindar mas.


Saya yakin banget, hpne pak gi nyimpen nomor cah ayu akeh tenan.

Wong jam terbange ya wis suwe kok.


Kepiye wae 2 kanca saya itu tetep ngangeni lho,

tetep tak tunggu-tunggu saben jumat bengi neng jatinegara


Tenan mas, saya pengin banget iso wedangan bareng-bareng priyayi kartosuro sama pak bas sekalian pak gi.

Iso ngobrol bareng-bareng neng wedangan sarkem.

Gek kapan ya? Iso ngumpul wong papat gitu.



Salam

yayon-kerepalur


Nb. nek saya punya sedulur cewek dan kepingin masa depanne ora ana gangguan apa-apa, mesti wae saya duwe kewajiban moral mencegah ketemu 2 kanca saya itu

Rabu, 10 Februari 2010

nonton tipi



Kadang saya ini ya kangen tenan nonton siaran tipi
kaya jaman pembangunan mbiyen,
jaman rikala tipi hitam putih-e sing dituku bapak kontan tanpa ngangsur utangan.

Nganggo antene siji sing dipasang neng pucuke senggek saka pring.
Tipine ireng putih merek-e jipici.
Siarane ringkes gampang takpahami saka sandiwara tekan musik,
wiwit siaran taman kanak kanak nganti irama seriosa
malah sering ana musik lautan teduh
(hawaian-ne pak hoegeng jendaral polisi almarhum ).

Dasare wong ndeso kayak saya ini ,
mesti wae paling pas nek nontone acara ketoprak
sama daerah membangun termasuk acara dari desa ke desa ataupun siaran pedesaan.

Nek saya mbandingke siaran pedesaane ti-pi-er-i jogja mbangun desa
sama acara tipi saiki krasa banget nek adoh tenan bedane.

Mbiyen angger nonton acara mbangun desa rasane tentrem tur ngguyokake.
tentrem nek nonton pak bina menehi pitutur marang wargane,
adem,
ngguyokkke weruh polos lan bodone sronto sakkluarga,
ngekek nek weruh polah kemakine den baguse ngarsa.
Pokok-e nek mbangun desa rampung neng ati ki rasane marem.

Pituture pak bina ki iso mrasuk njero ati,
walaupun ora akeh pengucape.
Pituture pak bina iso diijlentrehke nganggo lelakon kahanan sehari-hari,
tanpa kakean cangkem.
Pituture pak bina iso dirungokke
tanpa kudu ngabangake kuping.

Sakwise cagak antene saya sing saka pring mau ceklek,
wiwit kui saya kelangan bayangane pak bina lan sronto,
kelangan ular-ular kawicaksanan sing tanpa obahe lathi

Beda nek saya nonton tipi saiki.
isine kakean wawancara thok, sering nganggo eyel-eyelan arep padu.
ahli sing siji ngomong ngene, wong pinter liyane mbantah ngene.
marahi mbingungke tenan.

Malah akeh sing tanpa duwe isin ,metu neng tipi
tampil seolah temenan anggone dadi wong apik.

Ana garong sing tampil seolah terdzolimi merga dompete dicopet
Ana presiden sing mewek mbrebes mili merga diarani jirih lan gembeng
Ana lonthe sing ngaku dikhianati bojone sing selingkuh
Ana sing selingkuh ning nganggep nek kui jenenge mburu cinta sejati
Ana sing ngentekke duit negara ning malah bangga lan ora rumangsa dosa
Ana ahli agama sing nek ngendikan sok suci seolah ora mambu neraka babarblas
Ana ahli paugeran negara sing seolah pisan ji wae durung tahu nerak aturan
Ana wong pinter sing ngecuprus mbabar lan ngudar ngilmune ,
ora ben wong liya dadi paham
ning merga kepingin wong liya weruh lan ngakoni nek dhewekke ki pinter lan kendel

Dadi nek saya piker kok priyayi pinter kae malah tambah akeh gorohe ya

Wong pinter kok gunemane malah ora gawe padang pikirane wong cilik,
ora gawe ademe suasana

Wong pinter kok malah kemlinthi,
ngomongke dalil-dalil ngilmune kaya pengpengan dewe.

Wong pinter kok malah dadi cepet ilang perilaku
lan pangucapan andhap asore.

Wong pinter kok malah tambah bingung
anggone nyontoni wong liya.


Apa sing taktonton neng tipi kae ana gandeng rentenge karo pangandikane para sesepuh zen pirang abad kepungkur ya ?

kebenaran adalah rembulan
kata-kata adalah telunjuk
saat telunjuk mengarah ke rembulan
awan kegelapan akan mulai muncul


gampangane :
ketika kebenaran diungkapkan dengan kata-kata
maka
kebohongan dan kebodohan akan segera terlihat



dadi ati-ati lho mas,
nek saya lan sampeyan seneng menehi nasehat :
supaya wong liya dadi bener
supaya wong liya dadi pinter
supaya wong liya dadi alim
supaya wong liya dadi andhap asor


bisa jadi
sampeyan lan saya sedang melakukan kebohongan berdampak sistemik, seolah-olah :
saya lan sampeyan ki wis bener
saya lan sampeyan ki wis pinter
saya lan sampeyan ki wis alim
saya lan sampeyan ki wis andhap asor

Dus semangkin saya ngomong soal kebenaran,
semangkin besar juga kesombongan cultural dan spiritual sing saya rangkai


Salam ya mas
kerepalur

Selasa, 05 Januari 2010

luput

“ nek arep ngelingke lupute liyan ki ya mbok nyuwun sewu dhisik “

( pangandikane suwargi simbah saya mbiyen )


Salah sijine keuntungan urip saya selama ini adalah wiwit lahir jebrot saya berada di lingkungan jawa,
ambegane saya ya nyerot hawa jawa,
banyu sing takombe ya saka tuk lan udane tanah jawa.
Mulane mindset saya ya meh kabeh berkiblat neng keharmoniane wong jawa.

Mungkin bisa jadi ini membuat saya kalah sak-tak ,
neng entuk bathi sanak sing akeh banget mas, duwe sedulur lan kanca sing sumebar,
iso nggo papan jujugan nek pengin ngaso lan ngeyup.

Ora sithik lho justru saka sedulur lan kanca2 kuwi saya iso entuk pelajarane urip sing manjur tenan.
Pelajaran urip sing kok ya pas tenan nek nggo mensikapi kahanan urip sing sok-sok angel dinalar
( jane ya mung merga kemampuan nalar saya wae sing limited banget ).

Kahanan urip saiki memang ora gambang buat dijalani ,
ngelmu sekolah wae kadang ora cukup nggo modal urip.
Malah kadang ngelmu agama wae kereb diterak ,
sering dilanggar lan disiasati ben uripe kepenak,
ya paling ora dinggo gampangke urip lah.

Saya pinter ngelmu sampeyan ,
durung mesti saya gampang lan kepenak urip sing kudu mbok lakoni lho mas.
Bisa wae kepinteran lan ngelmu kita justru membuat beban urip malah dadi abot lan ruwet kok.

Nek drajat duwure ngelmu kita ndak disandingi sama tematane ati sing jejeg lan luwes,
ndak didasari sama sumarahe niat marang sing gawe urip,
( apameneh nek ora dikukubi rasa andhap asor kanggo ngrengkuh paseduluran sing raket )
malah dudu kawicaksanan sing bakal pinethik mengko,
justru rasa adigang-adigung,
rumangsa iso kabeh, keminter,
tansah gampang golek kurange liyan,
nek kahanane ora mbeneri isine mung sambat terus.
Mung mbingungi lan khawatir terus.

Ketemu wong liya dapure mrengut,
ora nggagas blas
Apamaneh nek kesenggol sithik,
aja nganti mas, wani ramene
Ibarate kecipratan banyu wae iso diwales mbalang blethok
Ketat banget njaga apa sing dianggep hak-e
Ora kena kedemok wong liya.

Mula ya saya memang rumangsa bathi tenan mas,
iso melu nyinaoni lan nempil ngilmu urip saka lingkungan jawa saya.
Mligine saka wong-wong sing cerak saya, saling nglengkapi mas.
Urip saya dadi tansah untung terus

Kaya pangandikane suwargi simbah saya itu
“ nek arep ngelingke lupute liyan ki ya mbok nyuwun sewu dhisik “
angger dipraktekke srawung kita dadi uenak tenan lho,
nyuda mungsuh akeh,
sing dielingke ya ora dadi ketaton atine,

Trus nek iso wani ya njaluk ngapura marang wong sing wis nyalahi awake dewe ,
iki bisa menjauhkan kita dari rumangsa duwe hak menghukum orang lain mas.
gampangane kaya nek sikile kepidak wong liya, aja nesu sik,
malah njaluk-a ngapura marang sing midak.

Wengi wingi,
sakbare ngeloni ibune bocah-bocah ( ngayahi jejibahane lumrahe dadi wong lanang, paring nafkah batin)
saya ngemate wajahe 3 tuyul saya sing lagi angler turune,
nyawang pasuryan polos sing kaya kaca paesane ndoya itu,
ana pangandikan sing ndak bisa saya ucapke
“ muga-muga mbesuke saya iso nerusake pangandikane simbah mbiyen marang tuyul-tuyul iki “

Wani ngakoni lupute dewe
Wani ngakoni apike liyan
Lan wani njaluk ngapura marang wong sing wis nyalahi awake dewe
( dan berani minta maaf kepada orang yg telah berbuat salah kepada kita )