Senin, 09 Maret 2009

isih udud

Ya senajan hampir di semua tempat,ruang gerak kami selalu dibatasi,
ning sebagai jamaah ahli hisap, saya tetep setia dengan kegemaran ngrokok saya.
Wis meh limolas tahun taklakoni,
meskipun sakjane ya durung klebu ahli hisap sing aktip.
Wong ngrokok-e seminggu ora entek sebungkus ,
paling mung lima tekan sepuluh ler,
itu pun lebih sering merga njaluk kancane.

Dadine ya saya ndak terlalu panatik banget sama merk,
kancane nggowo gudang garem ya manut,
anane djarum ya ora nolak,
ditawani wismilak utawa djisamsu, wow maturnuwun banget.

Disamping faktor asal muasal rokok , hal lain sing mara-i ketidakpanatikan saya terhadap merk rokok adalah moment sing lagi saya rasakke.
Nek bar mangan sing rada pedes,
gudang garem filter adalah pilihan sing pas kanggo saya, krasa tenan gurihe.

Djisamsu sama wismilak kretek nduwe cita rasa sing mat banget,
cocok dinikmati neng suasane adem apa maneh sambil nyruput teh panas,
ndonya tambah endah tenan.

Nek pas situasine normal saya luwih seneng sama djarum black capucino,
ora patek abot ya ndak terlalu enteng, sedengan.

Di luar sisi negatip dan bahaya ngrokok,
kanggo saya sing srawunge sama wong-wong ndalan gini, rokok justru nduwe beragam manpangat, baik saka sisi sosial ekonomi tekan religi.
Rokok iso nguripi pirang-pirang wong ,
wiwit sedulur-sedulur saya saka temanggung sing nandur mbako ,
tekan para sederek buruh nglinting rokok,nganti asongan sing ider neng sepur ekonomi,
iso entuk sandang pangan saka rokok.

Saya dewe nek pas ngalamun, ngeling-ngeling dosa lan kelakuan elek,
juga tambah nikmat nek sambil ngrokok.
Ngrokok mbikin acara rengeng-rengeng dan introspeksi diri saya makin intens
dan nek entuk nyilih ungkapane wong –wong pinter kae :
rokok adalah bagian dari kesadaran spiritual saya.

Kaya pirang ndina kepungkur,
mung merga nyilih korek gas buat udud, rajutan paseduluran iso terjalin.
modal telung ler gudang garem wae saya iso ngobrol asik sama warga cilacap sing arep tindak kediri.
Crita ngalor ngidul kejadian sederhana sing wis dilakoni,
saka babagan taneman tegalan, kewan raja kaya, dongengan jaman mbiyen , nganti jiwa seni sing tetep umop meski umur wis tambah uzur.

Pas-pus, bal-bul ora krasa wis meh rong jam saya sama priyayi cilacap nggelar koran neng pojok kulon stasiun kutoarjo.
Akeh hal-hal anyar sing iso saya serap saka priyayi cilacap ini ( sing mungkin kanggone sampeyan bisa jadi ndak mutu ),
sithik akeh saya dikandhani itung-itungan pranata mangsa,
kapan saate ngluku lan nggaru sawah, tandur pari, ndaud, manen , milih jenis taneman ,
malah juga carane niteni anakan gudel sing apik.

Jan, ngrungokke dongengan sambil udud gudang garem memang asik tenan,
ora ngiro tenan nek bapakke saka cilacap ini paham crita mitos lan legenda banyumasan .
Ngerti dongengan nusa barong, babad pasir kadipaten pasirluhur sing mbiyen wos nate ana neng tlatah mbanyumas.

Nek mung crita soal bale sipanji lan adipati mrapat wae, wis apal banget.
Saka wewalere adipati wirasaba nganti persaingane klan arumbinang dan kolopaking, nganti nglothok tenan mas.

Apamaneh pas crito soal ronggeng jaman mbiyen ,
angan saya kaya mabur neng jamane srinthil kae.
Coba saya iso weruh langsung ronggeng jaman semono,
iso nyawang goyangane,
mbayangke ngelus githokke srinthil sing mulus
apameneh entuk kanugrahan ngrasak-ke bukak klambu,
wuih iso lali mulih ngomah.

Umpamane sepur kahuripan ora kesusu teka,
mestine luwih akeh meneh kawruh mbanyumasan sing bakal saya tampa.
Bakal akeh dongengan sing ngebak-i ingatan kerinduan akan akar tradisi urip.
Telung ler rokok saya iso nggawe rumakete pesrawungan,
iso memicu kesediaan buat bergaul atas hal-hal di luar konsep-konsep keseharian saya.

Nek jare teman saya mas Bambang saka Sagan : rokok itu sok-sok bisa menjadi wahana delivery antar tradisi dan antar budaya.

( saya sering ora dong karo bahasane mas bambang sing adiluhung banget itu ).

Ngrokok tibakke telah memudahkan saya buat ngangsu kawruh budaya saka sedulur-sedulur yg lain.
Dan nganti titiwanci ini saya isih seneng udud.


Sing saiki rada saya kuwatirke itu , kira-kira mbesuk-ke saya mampu ndak ya, ndongengke dan crita ke anak-anak saya tentang akar budaya kami ? kaya bappakke saka cilacap sing wis crita akeh sama saya


Salam Yayon-kerepalur


Nb. Ning mbok wani sumpah mas, ndak ada niatan saya buat ngajak-ajak yg lain ngrokok lho.

Tidak ada komentar: