Rabu, 10 Februari 2010

nonton tipi



Kadang saya ini ya kangen tenan nonton siaran tipi
kaya jaman pembangunan mbiyen,
jaman rikala tipi hitam putih-e sing dituku bapak kontan tanpa ngangsur utangan.

Nganggo antene siji sing dipasang neng pucuke senggek saka pring.
Tipine ireng putih merek-e jipici.
Siarane ringkes gampang takpahami saka sandiwara tekan musik,
wiwit siaran taman kanak kanak nganti irama seriosa
malah sering ana musik lautan teduh
(hawaian-ne pak hoegeng jendaral polisi almarhum ).

Dasare wong ndeso kayak saya ini ,
mesti wae paling pas nek nontone acara ketoprak
sama daerah membangun termasuk acara dari desa ke desa ataupun siaran pedesaan.

Nek saya mbandingke siaran pedesaane ti-pi-er-i jogja mbangun desa
sama acara tipi saiki krasa banget nek adoh tenan bedane.

Mbiyen angger nonton acara mbangun desa rasane tentrem tur ngguyokake.
tentrem nek nonton pak bina menehi pitutur marang wargane,
adem,
ngguyokkke weruh polos lan bodone sronto sakkluarga,
ngekek nek weruh polah kemakine den baguse ngarsa.
Pokok-e nek mbangun desa rampung neng ati ki rasane marem.

Pituture pak bina ki iso mrasuk njero ati,
walaupun ora akeh pengucape.
Pituture pak bina iso diijlentrehke nganggo lelakon kahanan sehari-hari,
tanpa kakean cangkem.
Pituture pak bina iso dirungokke
tanpa kudu ngabangake kuping.

Sakwise cagak antene saya sing saka pring mau ceklek,
wiwit kui saya kelangan bayangane pak bina lan sronto,
kelangan ular-ular kawicaksanan sing tanpa obahe lathi

Beda nek saya nonton tipi saiki.
isine kakean wawancara thok, sering nganggo eyel-eyelan arep padu.
ahli sing siji ngomong ngene, wong pinter liyane mbantah ngene.
marahi mbingungke tenan.

Malah akeh sing tanpa duwe isin ,metu neng tipi
tampil seolah temenan anggone dadi wong apik.

Ana garong sing tampil seolah terdzolimi merga dompete dicopet
Ana presiden sing mewek mbrebes mili merga diarani jirih lan gembeng
Ana lonthe sing ngaku dikhianati bojone sing selingkuh
Ana sing selingkuh ning nganggep nek kui jenenge mburu cinta sejati
Ana sing ngentekke duit negara ning malah bangga lan ora rumangsa dosa
Ana ahli agama sing nek ngendikan sok suci seolah ora mambu neraka babarblas
Ana ahli paugeran negara sing seolah pisan ji wae durung tahu nerak aturan
Ana wong pinter sing ngecuprus mbabar lan ngudar ngilmune ,
ora ben wong liya dadi paham
ning merga kepingin wong liya weruh lan ngakoni nek dhewekke ki pinter lan kendel

Dadi nek saya piker kok priyayi pinter kae malah tambah akeh gorohe ya

Wong pinter kok gunemane malah ora gawe padang pikirane wong cilik,
ora gawe ademe suasana

Wong pinter kok malah kemlinthi,
ngomongke dalil-dalil ngilmune kaya pengpengan dewe.

Wong pinter kok malah dadi cepet ilang perilaku
lan pangucapan andhap asore.

Wong pinter kok malah tambah bingung
anggone nyontoni wong liya.


Apa sing taktonton neng tipi kae ana gandeng rentenge karo pangandikane para sesepuh zen pirang abad kepungkur ya ?

kebenaran adalah rembulan
kata-kata adalah telunjuk
saat telunjuk mengarah ke rembulan
awan kegelapan akan mulai muncul


gampangane :
ketika kebenaran diungkapkan dengan kata-kata
maka
kebohongan dan kebodohan akan segera terlihat



dadi ati-ati lho mas,
nek saya lan sampeyan seneng menehi nasehat :
supaya wong liya dadi bener
supaya wong liya dadi pinter
supaya wong liya dadi alim
supaya wong liya dadi andhap asor


bisa jadi
sampeyan lan saya sedang melakukan kebohongan berdampak sistemik, seolah-olah :
saya lan sampeyan ki wis bener
saya lan sampeyan ki wis pinter
saya lan sampeyan ki wis alim
saya lan sampeyan ki wis andhap asor

Dus semangkin saya ngomong soal kebenaran,
semangkin besar juga kesombongan cultural dan spiritual sing saya rangkai


Salam ya mas
kerepalur