Selasa, 15 Februari 2011

brutu


Umpamane saya entuk milih kuliner apa sing bakal takmangsa sesuk esuk, mesti wae ingkung pitik sing nomer siji.

Ingkung pitik kampung sing wis babon ning ora pati tuwa.

Dudu pitik kampung sing isih dara, soale nek isih dara iwake kurang ndaging.umpamane kepepet pitik kampung jago ya ra masalah.

Pitik kampung babon memang dadi kareman saya, ndaging, syukur2 ana uritane, dipangan nganggo sega anget ditambahi sambel bawang, wis nganti gembrobyos jidat saya, iso tanduk rong piring sekali nguntal.

Wektu ibu saya masih sugeng, saben mbeleh pitik terus dimasak opor ataupun digoreng,

gandeng saya ini anggota keluarga paling cilik ,mulane bagian sing sering dadi jatah saya ya pupu satu set sama cakare , nek lagi beruntung iso entuk endas sak gulune nganti tuntas mbukak polone pitik.Lha potongan liyane wis diklaim buat mas-mas saya.

Jare ngendikane ibu kudu kerep mangan cakar ben iso ceceker suk tembe mburine, saya ya manut lan seneng2 wae, iso nglamuti cakar nganti balunge resik mulus.

Tekan rada gede baru saya ngerti nek miturut mazab tradisi kami , potongan ayam sing paling duwur level kelezatane kuwi jebul bukan pupu ( apa maneh cakar ),tepong,sewiwi ataupun dada menthok,

ning justru body paling mburi dari ayam, bagian sing wektu isih urip malah dadi dalan reget dari ayam, saluran metune endog,telek lan persetubuhan yaiku brutu.

Daginge paling empuk dan gurih.

Ana sisi kelezatan sekaligus sensasi sensualitas, merga neng brutu lah kelestarian keturunan ayam dibuat, neng brutu juga orgasme babon lan jago terjadi, bukankah seksualitas adalah kenikmatan sing paling hakiki neng ndonya iki?.

Brutu dadi hak ekslusive orang2 dewasa, tingkat senioritas neng ngomah bakal menentukan sapa sing menikmati brutu ayam iki.

Buat bocah2 ingusan kayak saya wektu itu cukup diapusi “ nek isih cilik mangan brutu iso marai lali “.

Nasehat sing cukup ampuh untuk memupus sekaligus melupakan keinginan ngrasak-e gurih-e brutu.

Bareng wis tuwa kaya saiki, saya nggathuk-nggathuk-e antarane mangan brutu karo kasunyatan sing ana.

Kasunyatan sing tuwuh saka akehe priyayi-priyayi pinter sing seneng aweh pitutur lan ular ular kanggo wong-wong bodo kayak saya ini.

Pirang iji priyayi pinter sing produktif banget menehi komentar nasehat sing ana gandeng cenenge karo kedadean saiki.

Ngomentari soal lombok sing larang, ngomentari angkutan umum sing suk-sukan, ngomentari soal negara liya sing luwih makmur lan liya liyane.

Akeh komentar lan nasehat sing apik, ning ya ora sithik nasehat2 sing rada angel buat otak saya ngerti.

Liya dina priyayi pinter rencang saya paring komentar menawa bangsa kita ini ndak bisa disiplin, buktine tuku tiket nganti mlebu angkutan ekonomi wae susah diatur antriane.

Manthuk2 saya nyimak komentare,sekalian isin wong itu juga termasuk saya je.

Mung saya ya mbatin, umpamane ora berjuang rebutan tiket lan uyel-uyelan mlebu angkutan ekonomi ngono, apa ya ana jaminan wong2 cilik kayak saya iki bakal keangkut ?

wong mung angkutan kuwi sing tersedia buat kawula sing kantonge cekak .

Nek kaya sampeyan ngono ya tenang2 wae wong nek lelungan dibayari kantor kok.

Malah wingi priyayi pinter iki ngendikane atos, kebak emosi merga ana sedulur2 sing ngamuk nganti gawe rusak :

“ kae wong-wong sing ora nganggo nalar, senenge mung nesu,ora duwe nurani ,kudu dibasmi, ngrusak citrane Kanjeng Nabi “.

Rada ndredeg saya krungu pangucape, wis jan medeni tenan olehe nesu.meh kaya batara wisnu triwikrama dadi buta.

wis takniyati tinggalmulih wae, terus nal nul – nal nul saya sms ibune bocah2 :” bu, ndara kanjeng nesu-nesu merga kanca-kanca kae gampang nesu “,

kok ya ibune ndadak mbalesi : “ oh ndara kanjeng melu nesu ya ?” untunge priyayi pinter mau ora maca sms-e ibune bocah2 ,iso blaik tenan saya nanti nek diwaca.

Tekan ngomah durung sempat saya neruske piwulange ndara kanjeng mau,ibune wis ngomong :” wis to pak rasah digagas, wong semakin sering sampeyan menehi nasehat, semakin angel sampeyan dinasehati lan semakin gampang sampeyan lali “

Nganti dina iki saya sok-sok ngira-ira : “ apa ndara kanjeng priyayi pinter kae mbiyene kakean dahar brutu pa ya ? “

Jangan jangan istri saya benar ya “ semakin sering kita memberi nasehat, semakin susah kita dinasehati, dan semakin mudah lupa “


salam

kerepalur

1 komentar:

Anonim mengatakan...

blognya di update donk, saya seneng mbacanya