Senin, 07 Februari 2011

Pak Mursono - Tuhan Maha Bercanda


Umpane wektu semono sampeyan sempat ketemu sama pak mursono iki,
tak jamin mas,

sampeyan angel nglalekke,
iso mergo kepingkel-kepingkel nggeguyu keluguane ,
iso uga merga terkesan karo kengeyelan atine.
Utawa malah tampang lan pawakane pak mursono iki
bakal cemantel terus neng pikiran sampeyan.

Wis garis pepesthine saya,
kok ya iso entuk kanugrahan ketemu pak mursono iki.
pawakane dhuwur ning langsing singset,
kulite ireng dof, rambute nggimbal tekan pundak,
sekilas raine kaya pelawak susi sunaryo surya grup kae lho.
warga ereng-erenge ndieng sak pinggire kali tulis.

Nek nonton omahe mas,
paling-paling ambane kaya garasine sampeyan.
Durung ditembok ,isih nganggo papan kayu kalbi.
Menu kuliner sabendinane luwih sering nganggo sega jagung
disantap karo kopral ( godong pohung ) sing dijangan bening
lawuhe rasa ngelih lan hawa adem atis

Fisik-e tegap,arang-arang sakit,
ora kaya saya lan sampeyan kuwi mas,
anggere lara sithik mesti neng dokter sing larang,
mumpung dibayari kantor.

Pak mursono duwe metode pengobatan alternative dewe,
metode njebleske neng lawang.
Dadi nek anake lara,
cukup sirahe anake dijebleske neng lawang ( dibenturkan ke pintu )
iso nganggo tangan ,
utawa nek rada parahya sirahe didhupak nganti mentok lawang.
Mbuh merga manjur apa merga anake wedi nek dijebleske meneh,
biasane sepisan wae larane sirna, mari,sehat meneh

Sak elingku pak mursono iki wis iso maca ,
senajan ya rada blekak-blekuk,
nek ngendikan nganggo bahasa Indonesia aksen mbayumasan
sing krungu biasane kemekel ngguyu.
lha piye tho mas wong pilihan kata-katane terlalu kreatif.
campur bawur marahi mbingungke kok.
contone pas rapat neng mbalai desa mbiyen :
....mantabkan pemuda deso ini kudu siap akan komando bapak camat ,
tidak akan bercerai,
sesukses-suksesnya pembangunan kejayaan golkar dunia wal akhirat bersama , nyong pan berjaga-jaga di masyarakat siwedung

Sakliyane tani,
saben mbengi tanpa dibayar pak mursono mesti mubeng deso.
ronda dewekan,bener mas
keikhlasane ora sebanding karo penghargaan sing ditampa,
mung diparingi pak camat klambi sragam pencak silat warna ireng wae
wis ndadekake bungah lan bangga atine.
Wis rumangsa diakoni lan diuwongke.

Mlarat memang uripe ,
ning sampeyan aja berprasangka nek pak mursono seneng njaluk2 ,
golek2 sumbangan utawa kutipan2,
memanfaatkan rasa belas kasihan,
ora,adoh mas saka kaya ngono kuwi.
Kesulitan hidup justru iso mbentuk pak mursono dadi pribadi sing duwe harga diri murni
( bener murni, beda karo saya lan mungkin sampeyan, sing sok-sok adol harga diri iki ya ).

Tau lho mas, merga listrik durung mlebu desane,
pak mursana arep nempil nyalur listrik genset mung 5 watt wae.
kok ya ndilalah ditolak sing kagungan genset.
jare minimal kudu 10 watt,iurane 5 ewu sesasi kaya tangga tangga liyane.

Oalah wong ya mung kepingin omahe iso melik2
tanpa sentir wae kok ya ora kelakon.
melas temen.

Rong minggu pak mursono ora ngetok ,
sore2 sakdurunge maghrib,nekani saya ,
ngajak mriksa kincir air saka kayu nangka sing digawe neng ngomahe.

sesuke numpak colt coak ( pick up ) pak mursono tuku generator 10 kw neng wonosobo.
sakwise sesasi ,kincire wis iso ngasilke listrik .
iso nyalurke neng tangga-tanggane

Dibelani utang meh 6 yuta neng BRI sing kantore cerak pasar kecamatan ,
pak mursono iso mbelani harga dirine.

Nek ukurane saya,6 yuta ki ora sithik lho mas,
wong rega emas wektu kuwi mung 33 ewu sakgrame.

Setu awan wingi,
ucul-ucul klambi, ngliga saya dikeroki ibune bocah2.
nerawang nonton acara daerah membangun nggon tvri,
saya kelingan pak mursono,
kelingan betapa kepasrahan lan kejujuran hidup saya,sangat mungkin untuk dipertanyakan
kelingan betapa terlalu sering saya ndak bisa menjaga karunia harga diri saya

kelingan bahwa sangat pantas bagi saya untuk duduk beberapa tingkat di bawah pak mursono
kelingan bahwa 16 tahun sudah saya mengabaikan piwulang urip Gusti Pangeran via pak mursono

...............................................
dan mungkin saya terlambat buat menyadari bahwa Tuhan Maha Bercanda

1 komentar:

Ngabehi gokil mengatakan...

ha ha ha, janjane sing lucu ki mbokan malah penulise to. Jian apik banget lho mas tulisan2mu iki, bahasane lugas, komunikatif, humoris ning kebak piwulang kautaman, muantaf..