Senin, 25 Februari 2008

Jaman


Nek saya ngeling-eling jaman mbiyen memang kenangan sama pak harto itu susah dilupakan.Lha pripun to nggih wis priyayine ramah lan berwibawa tur duwe perhatian gede karo wong cilik mligine wong ndeso.
Jaman dulu itukan masalah pertanian lan kebutuhan pokok bener2 diperhatikno sama suwargi pak Harto.Awit mulai bibit,cara nandur,manene diajari ana siaran pedesaan trus ana pak ppl sing ngasih penyuluhan.
Pengin nyambi ternak rojokoyo ana bantuan bimas,inpres iso nggaduh /entuk bibit sapi,wedus dan yg lain.Musim ketiga angel banyu, digaweke waduk ,saluran dibantu .

Desane ra kuat mbangun dibantu bapak2 abri ana AMD.Diajari nggawe apotik hidup,warung hidup dllNek Awan wis kesel neng sawah bengine nonton siaran pedesaan di tv,durung marem ana acara safari lan kamera ria.

Durung iso turu iso ngeloni bojone, entuk bantuan alat kb gratis.ora wedi nek meteng.Cobi sampeyan penggalih arep kelonan karo bojo saja pak Harto kersa menggalihke lho.Coba kalau sekarang jangankan mau turu sama istri,wong mbesok ndak bisa masak gara2 ndak ada minyak,ndak ada beras,ndak ada tempe saja cuman di yem-yemi kalau stocknya aman,kelangkaan karena spekulan,alasan thok.Kakehan iyik

Pokoke nek yg saya rasakan sih pancen jaman suwargi pak Harto itu penak-penake urip di indonesia.Sing penting sampeyan aja neko2 kepengin ngganti tatanan polotik nek kayak gitu yo sampeyan bakalan nemu kacilakan.

Memang ya lumrah nek suwargi pak Harto banget perhatian sama wong ndeso soalnya memang latar belakangnya sangat kental sebagai orang tani.Dus dgn kata lain latar belakang seseorang akan sangat mewarnai tipikal kepemimpinanya.

Contoh lain gus dur yg punya background lsm,pembicara seminar ataupun diwawancarai koran ya jaman itu dikebaki dgn wacana2 terus,perang statement, pokoke jaman itu langit negara kita dipenuhi dgn retorika2 dan wawancara.Lha tentu saja lsm,koran tv ataupun media lain untung gede.Baik koran politik maupun tabloid lher dan mistik laris tenan.Nek nggon wayang meh sama karo lakon petruk dadi ratu.

Kanggo wong cilik kayak saya jaman itu jaman sing mbingungke, bingung mbedake sing bener lan sing pener.

Anggere sampeyan wani ngomong kenceng tur mbawa jargon demokrasi ataupun hak asasi sampeyan mesti dianggep bener lan didukung .Mbuh kuwi bikin tatanan rusak,moral ambrol ataupun agama ternistakan ,sampeyan tetep menang.

Ning nek kanggone cah enom sing seneng bengok-bengok neng ndalan,lsm , politikus jaman itu adalah jaman keemasan.Akeh proyek sing iso digarap .Wong-wong pada rumangsa bisa ( ning arang2 sing bisa ngrumangsani ), kerusuhan neng ngendi2.Pokoke wong indonesia isine panas terus atine, gampang nesu.Saben dino dalanan kebak demo. Jan mbingungke tenan.

Sekarang pak Harto wis seda, diiringi rasa kehilangan sebagian rakyat juga,cacian dan tuntutan hukum dari yg lain.Jane ki yo nek menurut saya kok ndak etis ya, orang lagi sakit sampai seda kok malah didemo & dionek2ke supaya diukum.

mBok ya ngilo githoke , aja rumangsa paling resik.Pak Harto ki yo mung menungsa lumrah,ana salah lupute ning rak yo akeh banget jasane.

Timbang wong2 sing bengak-bengok neng ndalan nuntut pak Harto diukum, saya kok nganggep pak Harto lebih berjasa dibanding mereka.

Muga2 suwargi pak Harto pikantuk kalenggahan inggkang sae wonten ngersane Gusti Pangeran.

Salam,
29 Januari 2008

Tidak ada komentar: